’’Naming nek barbarane malah padha tuding-tudingan rak ana manpaate, Ton. Mbahe ndhewe wis ngajarke perlune mikul dhuwur mendhem jero,’’ jawab Lik Dul.
Bener, Lik. Naming nek pancen elek ya aja diomongke apik. Semono uga kasakbaline. Sarakke akeh sing padha ngomong, wong nganti sepuluh taun kok rak ana apa-apane!
’’Tak andhani paling utekmu ya rak nyandak. Perkarane ngene ya, Ton, orak kabeh isa didelok, orak kabeh wong isa ndelok. Sing isa ndelok ya durung mesthi isa ngrasakke. Bangunan dadi kuat kuwi merga pondasine apik. Senajan nggawene cuman pondasi, ya tetep patut dihargai, Ton,’’ teges Lik Dul.
Sak karepmu wis, Lik. Wong akeh sing ketok mata kok jare rak isa didelok?
’’Rak sah adoh-adoh, Ton. Contone tanjakan Watugong. Bareng kerep ana kecelakaan, saiki dipasangi singgetan dalan. Wong sing salah kendaraane kok dalane sing diowahi?’’ kandhane Lik Dul.
Aku rak reti, kancaku siji iki bar mangan apa. Omongane kak dadi ngombro-ombro. Jenenge dalan dikei singgetan ya mesthi luwih aman. Kendaraan seka arah seje nduwe dalan dhewe-dhewe. Dadine lalu lintase isa luwih teratur.
’’Ameh dikei singgetan dhuwure sak wit asem, nek kendaraan gedhe ngluwihi tonase terus reme blong ya tetep nasak-nasak nabraki ngarepe. Singgetan pancen isa nggawe lalu lintas teratur, naming rak isa nyegah kecelakaan sing disebabke rem blong. Luwih pas nggawe jalur penyelamat kayak nggon tanjakan Nggombel.
Naming, sakjane sing kudu dibenekke kuwi kendaraane, seje dalane,’’ jelas Lik Dul, anggakke kayak pakar transportasi.
Tak akoni, Lik, pancen akeh perkara sing orak isa didelok. Mulane aja mung ngendelke wong ndelok wani alok.
Banyu Asin
Sing wis sepuluh taun asile apa, aku pancen rak reti, Lik. Saiki dhewe wis nduwe bapak anyar.
Seneng rak seneng wong kabeh wis kelakon nganggo cara sing konstitusional. Warga Semarang selak kepingin ndelok dalan nggronjal dadi alus. Warga kepingin ngrasakke banyu asin rak nggawe isin, udan deres rak marakke banjir.
’’Jalan Tambra saiki pancen orak ana sing rata, Ton. Naming, nek njalukmu sakdhet saknyet ya berat. Kabeh kudu ngliwati proses. Akeh sing kudu ditata. Rak sah ndhadak ndelok kowe sapa, aku sapa. Sing paling penting kuwi isamu apa? Kuwi nek kepingin Semarang dadi apik,’’ jawab Lik Dul.
Nek perkara ngatasi banjir mbek rob, kandhane Lik Dul, kuwi program lawas. Asile pancen durung ketok, wong calon polder nembe wae dikeruk. Urusan fisik rak masalah, wong dhite wis ana sing mbantu. Sing angel kuwi ngelingke wong-wong sing ngrusuhi tanggul mbek bantaran kali.
Ana pasar sing kudu dipindah, ana warung sing kudu dibongkar. Pesisir Semarang ameh dibendung, ya mangga wae. Sing penting nasibe nelayan kudu dipikirke. Piye carane ben kabeh isa mlaku tanpa gegeran. Iki sing paling angel.
’’Ya mbuh, Ton. Wong kabeh sakbakka wis ana aturane. Nek ameh nggoleki sapa sing salah, ya kabeh salah,’’ jawab Lik Dul karo nyetater brompite.
Lho, mesthi ngono to? Senengane ngliwungke. Omongan durung bar malah ameh ngilang. Mengko ndhisik, Lik, aku nembe wae entuk SMS seka kancaku. Jare ana jaran kepang mangan pari. Maksude apa, Lik?
’’Sing SMS wong liya kok malah takon aku. Tak andhani ya, Ton, nek wis dadi kuwi rak cuman urusane klambi abang. Sing klambine ijo, kuning, biru, putih, lan warna apa wae kudu melu nyengkuyung. Aja mikir urusane dhewe-dhewe,’’ kandhane Lik Dul.
Sampeyan kok retinan to, Lik. Dadi dhukun wae rak wis!
’’Dhukune mbahmu! Mulane dadi wong aja mung tunggu brok,’’ kandhane Lik Dul, karo mbengok. (16)
KAMUS SEMARANGAN
anggakke = gayanya
barbaran = sudah selesai
dibenekke = dibetulkan, dibenahi
dhit = uang, dana
ngliwungke = meninggalkan begitu saja
tunggu brok = pasif
sakbakka = sebenarnya
singgetan = pembatas
Kandhane Hartono
(Suara Merdeka 26 Juli 2010 h. B)