ngejak Yu Nah metu golek
sarapan. Sisan ndene mbaleni
zaman isih yang-yangan. Mumpung
si Nang mbek si Nok
melu Pakdene lunga arena car
freeday.
Biasane wong loro kuwi
senenge mangan soto nggon Johar
ndhuwur. Naming gek wingi
Lik Dul ngejak bojone mangan
nggon sampangan. ”Aku wis
suwi rak mangan mangut
welut,” kandhane Lik Dul.
Senajan orak doyan welut,
Yu Nah manut wae, mengko
kan isa pesen menu liyane.
Bar mangan, Lik Dul ngejak
mubeng liwat Bendan Dhuwur.
Jare kepingin niliki kampuse
mbiyen. Istilahe ameh nostalgia.
Bar ngliwati terowongan
tol, brompite mbrebet terus
mogok.
Zaman isih kuliah, mlaku
munggah Bendan enteng
greweng. Tur maneh dayatsu
orak ana sing gelem munggah.
Naming, saiki nek wong loro
kuwi kudu mlaku munggah
karo nuntun brompit jelas
keser-keser.
Nek wis ngana, Yu Nah dadi
ilang eseme. Apa maneh dheknen
dikon ngewangi nyurung
brompit barang. Tekan mburi
Kantor Kopertis, Lik Dul mandeg.
Kendaraane distandarke,
dheknen terus nyawang sak
ubengi dhaerah Bendan.
Kahanan kampus wis orak
ketok maneh. Sing ketok
mung bangunan-bangunan
kosong. Malah ana sing wis
dibongkar barang. Nggon pinggir
ratan sukete dhuwur-dhuwur,
ketok yen wis arang
diliwati.
Dienggo Semedi
Wis reti brompite mogok
kok ndadak nekat munggah to,
Lik? Sampeyan puter walik
liwat Jembatan Besi luwih
penak, apa maneh nggon kana
akeh bengkel!
”Sing brompite mogok ya
sapa, Ton? Wong aku mung
nggoda bulikmu sisan ndhene
olah raga,” teges Lik Dul karo
ngekek-ngekek.
Aku rak isa mbayangke Yu
Nah mlaku munggah Bendan
karo menggeh-menggeh. Nek
reti diapusi dheknen mesti ngamuk-
ngamuk. Isa-isa bangunan
sak Bendan ambrol kabeh.
”Bangunan nggon Bendan
pancen akeh sing retak merga
lemahe labil, Ton. Dalane
kerep ambles. PTS sing kentekan
mahasiswa dha rak kuwat
ndadani kampuse. Malah ana
sing wis dibongkar barang”.
Wah, aku melu prihatin,
Lik. Kampus Bendan tinggal
kenangan. Dhaerah sing
mbiyen akeh mahasiswane
saiki dadi sepi nyenyet. Kos-kosan
akeh sing tutup.
Warung-warung makan padha
bangkrut. Nek ngana, jeneng
Jalan Pawiyatan Luhur wis rak
cocok maneh karo kahanane.
”Senajan saiki luwih pas
dienggo nggolek ilmu (kebatinan)
karo semedi merga dhaerahe
awan mbengi sepi nyenyet,
Jalan Pawiyatan Luhur rak
perlu diganti jenenge. Ben dadi
catetan sejarah nek gek mbiyen
dhaerah kana tau dadi pusate
PTS,” kandhane Lik Dul.
Naming, kaya sing diomongke
para pakar, fungsi kawasan
Bendan pancen kudu direvisi.
Nek dioneke orak cocok dienggo
kawasan pendidikan, nyatane ya
isih ana kampus sing bertahan.
Naming nek dianggep pas
dienggo pendidikan, nyatane
kampus sing tutup lan pindhah
luwih akeh.
Ngarahmu kompleks PTS
apike dibangun nggon endhi
maneh, Lik?
Jare Lik Dul, PTS rak perlu
didadike siji. Luwih apik nyebar
nggon kampung-kampung
kayak saiki, ben mahasiswane
isa manunggal karo masyarakate.
Dadine ilmune orak
mabur nggon awang-awang
thok.
”Nek rak salah ya Ton,
nggon Semarang saiki seka 16
kecamatan mung telung kecamatan
sing rak ndhuwe kampus
perguruan tinggi. Ya kuwi
Semarang Utara, Gayamsari,
lan Mijen,” jelas Lik Dul.
Lha terus, Bendan ameh
dienggo apa, Lik?
”Perda tata ruang saiki lagek
dibahas. Nek Bendan ameh
tetep dienggo kawasan pendidikan
isa dienggo mbangun
balai latihan kerja. Ameh
dienggo lokasi outbound apa
latihan perang-perangan ya isa
wae, wong dhaerahe munggah
mudhun akeh jurange,” jawab
Lik karo pamit, sarake bojone
njaluk dipijeti merga bar dijak
munggah Bendan sikile ngasi
pegel kabeh. (16)
Kandhane Hartono
(Suara Merdeka 21 Maret 2011 h. B)*KAMUS SEMARANGAN
brompit = sepeda motor
dioneke = disebut, dikatakan
keser-keser = kewalahan, setengah mati
ngarahmu = Menurut Anda
puter walik = berbalik arah
yang-yangan = pacaran