WIS rong minggu bapak-bapak saben mbengi kumpul nggon poskampling. Sing dibahas rak ana liyane kecuali Piala Dunia. Akeh sing gelang-geleng merga tim-tim unggulan padha nggledak. Mulane nganti jam pitu luwih Lik Dul durung ngetok, Pak Bedjo ngarep-arep.
”Lik Dul lunga endi ya, jagone keyok rak wani ngetok?” Pak Bedjo takon karo nglinthing udud. Zaman wis moderen udud isih jadul.
”Lunga warnet, Mbah. Daftarke sekolah Si Nang,” jawab mahasiswa sing kos nggon omahe Pak Bedjo.
”Lik Dul ki pancen kakehan reka. Lha wong daftarke sekolah kok nggon warnet?”
Jebule rak cuman udude sing jadul, pikirane Pak Bejo ya isih ketinggalan zaman. Maklum, zaman dheknen ndaftarke sekolah anake durung ana internet. Hasil seleksi ditemplekke nggon papan pengumuman.
Rak cuman Pak Bedjo sing alame isih manual, bapak-bapak sing isih enom ya akeh sing durung tau nyekel komputer.
Apa maneh mbukak internet. Sing maune nguringuring anake merga dolan nggon warnet terus, saiki malah kon ngajari ngenet.
Sarakke nek ameh mlebu SMP utawa SMA negeri kudu ndaftar online.
Piye, Lik, jagomu isa lolos rak?
”Mas Ton ki piye to, jagone Lik Dul wis kesingkir nggon penyisihan grup lho ya!” Pak Bedjo nyaut.
Lik Dul sakbaka rada poleng. Naming dheknen tetep stel kendho. Apa maneh Pak Bedjo rak reti nek ndaftarke sekolah saiki nganggo rangking-rangkingan. Ketampa apa orak, isa didelok nggon internet.
”Payah, Ton. Mikirke rangkinge Si Nang, awak nganti pongkring,” jawab Lik Dul. Padhalan dheknen tambah kuru merga nonton bal-balan nganti kurang turu.

Sekolah Paporit
Nek wayahe ngleboke sekolah, sing mbingungi mesthi wong tuwane. Anak-anake malah isih isa padha dolanan.
Apa maneh sing ameh mlebu SMP. Nek ditakoni ameh sekolah endi? Jawabe mesthi ”sembarang”. Padhalan sekolah ”sembarang” kuwi rak ana.
Akeh wong tuwa kepingin anakke mlebu sekolah paporit. Malah ana sing nekat nggolek piagam apus-apusan ben anakke enthuk tambahan poin.
Naming nganggo cara online iki sing curang gampang konangan. Sing kethar-kethir nek bijine nanggung. Mlebu sekolah paporit orak nyandak, mlebu sekolah ndhek-ndhekan mintip-mintip. Rak mung rangking sing marakke pongkring. Kanca-kancane Lik Dul sing pindah nggon perumahan saiki padha bingung merga kartu keluargane isih nganggo alamat kampung lawas. Omahe cedhak sekolahan, naming tetep dianggep luar rayon. Sarakke rayonisasi kuwi dasare kartu keluarga, seje sekolah asal.
Yu Nah melu wira-wiri nggon warnet. Bar blanja lunga warnet, bar masak lunga warnet. Tujuane siji, metani peluang sak durunge verifikasi.
Ndaftar online aja karo kemrungsung, salah ngisi data isa kapiran. Wingi akeh wong tuwa nggruduk kantor Dinas Pendidikan merga formulire anakke rak isa diprint. Malah jare ana sing NISN-ne dienggo pendaftar liya.
Daftarke wingi apa sesuk padha wae. Nek memang rangkinge ngisore daya tampung ya rak bakal ketampa.
Malah rekasa ndadak nyabut berkas barang. Luwih apik, nek wis mantep tenan lagek nyerahke berkas.
”Sekolah paporit apa rak padha wae, Ton. Sing penting isa mlebu negeri,” kandhane Yu Nah wektu ngeterke jajanan dienggo camilan bapak-bapak nonton Piala Dunia nggon poskampling.
Kuwi omongane wong pasrah merga kepepet, apa omongane wong sing realistis, aku rak reti. Sing jelas sekolah negeri padha gratise. Guru-gurune bayarane padha, kurikulume ya orak beda. Saiki kabeh tergantung bocahe.
Garek sekolahe niat apa ledha-ledhe. Akeh sekolah sing mbiyen dianggep krenyeh, saiki malah dadi rebutan.
Naming, jare Lik Dul, kabeh sekolah negeri saiki dadi rebutan.
Rak merga kualitase, naming merga jumlahe sithik. Wis puluhan taun Semarang rak nambah sekolah negeri. Padhalan jumlah penduduke wis tambah sakbajek. Sekolah paling krenyeh wae saiki sing daftar ping papate daya tampung. ”Sekolah swasta mesthi ngekek-ngekek. Garek ngenteni bola muntah!” kandhane Lik Dul.
Bapake Si Nang bener. Naming, sing paling nyamari, nek bocah-bocah sing rak ketampa nggon sekolah negeri akhire rak wani mlebu swasta merga rak kuwat bayar. Nek wis ngana, tanggung jawabe sapa ya? (16)

KAMUS SEMARANGAN
ledha-ledhe = semaunya
kakehan reka = aneh-aneh
krenyeh = tak bermutu
ndhek-ndhekan = kualitas rendah
nyamari = mengkhawatirkan
poleng = marah, tersinggung
pongkring = kurus
sakbajek = sangat banyak
kakehan reka = aneh-aneh
krenyeh = tak bermutu
ndhek-ndhekan = kualitas rendah
nyamari = mengkhawatirkan
poleng = marah, tersinggung
pongkring = kurus
sakbajek = sangat banyak
Kandhane Hartono
(Suara Merdeka 28 Jun 2010 halaman B)*