Monday, June 7, 2010

Numpak Isuzu Orak Saru


LIK Dul kayakke bar kecelakaan, nganti cangkeme rusak. Rak ndhuwe isin, wong wis tuwa kok isih ngomong saru. Masak, jarene dheknen, nek ameh lunga Kendal wayah mbengi paling enak numpaki susu! Padhalan, sing takon mau ibu-ibu, lho!
’’Kupingmu mang kudu dikoroki, Ton. Aku mau cuman ngomong, nek lunga Kendal wayah mbengi paling enak numpak isuzu. Orak ana sing saru. Iki padha karo dhewe ngarani colt, opelet, dayatsu, mbek L sapek (L-300-red). Kabeh mau sebutan kanggo angkutan umum sing dijipuk seka merek mobil!’’ jawab Lik Dul.
Wong nek kerjane kelilingan kayak Lik Dul pancen reti ngendhi-endhi. Apa maneh dheknen tau nyekel omprengan barang.
’’Angkutan Kendal-Semarang sing mlakune mbengi mau uga diarani angkutan lintas malam. Senajan mobile akeh sing wis gopok, naming dienteni wong akeh. Apa maneh penumpang isa nyegat nggon Pandanaran,’’ kandhane Lik Dul.
Kancaku siji iki mesthi lali nek angkutan seka Kendal wis rak entuk mlebu Semarang, kok penumpang kon ngenteni nggon Pandanaran. Mbok dienteni nganti jedheng, rak bakal liwat. Saiki kabeh angkutan seka Kendal kudu mandeg nggon Terminal Mangkang.
’’Nek ngana, numpak wae angkutan jurusan Penggaron-Mangkang. Mengko nek wis tekan Mangkang oper angkutan jurusan Kendal apa Weleri. Nek isih padha mogok, isa melu bis gedhe jurusan Pekalongan. Nek tetep orak isa, ya SMS sedulure wae gen dipethuk nggon Mangkang,’’ jawab Lik Dul.
Nek cuman mbacot pancen gampang, Lik. Sing nglakoni ndhase kemut-kemut. Saben ana perubahan kebijakan kok mesthi ndhadak ana sing dirugike.
’’Wah nek soal kuwi aku rak isa njawab, Ton. Wong kebijakan sing tau tak gawe paling banter cuman berlaku kanggo Yu Nah, Cempluk, mbek Si Nang. Kowe nglanggar kebijakanku wae aku rak isa ngeki sanksi,’’ jawab Lik Dul.
Trayek Kedungsapur
Sampeyan ki piye to, Lik, kok malah ngejak guyon. Saiki lagek padha prihatin mikirke ontran-ontran soal angkutan umum sing muncul sakplokke Terminal Mangkang dioperasionalke.
Kabeh isa bubrah lho, Lik, nek padha ngutamake kepentingane dhewe-dhewe.
’’Sing ngejak guyon ya sapa? Aku cuman ngelingke kowe, nek ana masalah kudu stel kendho. Aja ngendhelke emosi, thok. Demo enthuk, mogok ya rak papa. Naming pikiran kudu tetep padhang,’’ teges Lik Dul.
Lho nek wis urusan sandang pangan kuwi kan rak isa digawe gampang to, Lik?
’’Maksudku ngene lho, Ton. Nek aku nggawe kebjikan sing kudu ditaati tanggaku, aku ya kudu ngejak rembugan. Nek tanggaku rak isa dijak musyawarah, ya aku kudu njaluk tulung Pak RT ben dadi penengah.
Pancen keputusane mesthi rak isa satus persen nyenengke aku, utawa satus persen nyenengke tanggaku. Gelem rak gelem kudu ana kompromi,’’ jelas Lik Dul.
Lik Dul terus crita, wektu Terminal Penggaron dibukak, bis seka Purwodadi ya karepe njaluk tetep mlebu tekan Terboyo.
Saiki wis rak ana masalah maneh. Nek kanca-kanca Kendal durung gelem nrima kebijakan mandeg nggon Terminal Mangkang, ya kudu dimaklumi.  Kabeh mang butuh proses.
Jebule ngatur trayek angkutan rak cuman ngganti tulisan nggon kaca bis ya, Lik?
’’Wali Kota pancen ndhuwe wewenang ngatur wilayahe. Sapa wae sing mblebu Semarang kudu gelem naati. Iki konsekuensi otonomi daerah. Naming, akeh perkara sing kudu dirembug karo tangga teparo, utawa ditangani pemerintah sing luwih dhuwur,’’ jelas Lik Dul. Wih, Lik Dul anggakke kayak pakar transportasi. Jare dheknen, trayek angkutan kuwi jenise macem-macem. Ana angkutan kota, ana angkutan antarkota dalam provinsi (AKDP), ana angkutan antarkota antarprovinsi (AKAP). Malah, jarene dheknen, saiki kudu mulai dirumuske trayek angkutan regional Kedungsapur.
Pengusaha angkutan, Organda, Pemkot mbek Pemkab nggon wilayah iki kudu rembugan bareng. Sing dadi penengahe ya Organda Provinsi mbek Pemprov Jateng. Usulan sampeyan apik, naming kayakke angel dilakoni, Lik.
Sarakke ego otonomi daerah lagek mbulat-mbulat. Apa maneh, dinas kabupaten/kota nek diundhang provinsi isih ana sing nyepelekke.
’’Ya mbuh, Ton. Kuwi urusane birokrasi. Kanggone masyarakat, sing penting pemerintah isa nggawe kebijakan sing nglindungi hak penumpang mbek njamin sandang pangane awak angkutan. Soal angkutan lintas malam tinggal kenangan, mungkin wis kodrate zaman. Nyuwun ngapunten nggih, kanca-kanca saking Kendal. Kula nderek prihatin!’’ teges Lik Dul. (16)
KAMUS SEMARANGAN
anggake = gayanya
dipethuk = dijemput
gopok = jelek (kondisi barang)
mang = memang
mbacot = bicara
mbulat-mbulat = menggebu-gebu
nyekel = menangani, menekuni
sarakke = karena
stel kendho = berpikir tenang
Kandhane Hartono
(Suara Merdeka 7 Jun 2010 halaman B)*

No comments:

Post a Comment