LIKDul lagek judheg ngrasake Si Cempluk mbek Si Nang. Cah loro kuwi nek dikon adus sore angele rak karuan. Naming nek wis dolanan banyu mesthi rak bar-bar. Latar mburi dadi teles kabeh. Banyuni nyiprat tekan ngendhi-endhi. Mandekke kudu nganggo digetak barang.
’’Ledeng tambah larang banyu dibuwang-buwang. Bocah kok rak ndholor kabeh,’’ Lik Dul muring-muring karo anake.
Yu Nah cuman mesam-mesem. Bathine dheknen, wong jenenge bocah lagek seneng keceh ya wis ben. Wong ledeng saiki miline rak mesthi.
Ketimbang keceh nggon blumbangan sing wis akeh larahane, mendhing dolanan banyu nggon omah. Sing penting aja nganti kepleset.
Lik Dul nganti mberung orak merga mbayare ledeng tambah larang. Naming, merga sumbere banyu ya wis tambah angel. PDAM Semarang wae nganti nyalurke banyu seka Boja mbek Ungaran. Kaligarang wis orak nyukupi. Apa maneh tingkat kebocoran luwih seka seket persen. Dadi nek ana wong mbuangi banyu ledeng, Lik Dul orak trima.
’’Gara-gara rak isa ngedukke tingkat kebocoran, dirut PDAM dipecat!’’ kandhane Lik Dul karo nyelehke koran Semarang Metro nggon meja teras.
Seje kanca, seje sedulur, kok ndhadak dipikirke barang to, Lik? Sing ameh didadike dirut sapa, seje urusane dhewe. Kuwi urusane sing ndhuwe hak prerogatif. Kanggone dhewe, sing penting ledenge lancar.
Miline orak crat-crit, banyune orak buthek kaya peceren. ’’Aku cuman maca berita nggon koran, Ton. Orak ameh mbelani sapa-sapa. Nek maca berita sing lagek santer, jebule dolanan banyu durung mesthi keceh. Ngurusi banyu durung mesthi teles. Malah isa diarani panggonan sing panas. Dianggep salah langkah sithik wae isa gosong,’’ jawab Lik Dul.
Kesimpulane Lik Dul ana benere. Sak retiku, bar ngundakke tarif, PDAM tambah sali, terus isa mbayar utang.
Aku dadi bingung, apa ngundakke tarif mbek bayar utang PDAM kuwi langkah sing salah? Apa merga kelalen ana sing rak kecripratan?

Dolanan Angka
Sapa sing salah, sapa sing bener, dhewe cuman pelanggan. Isane mung nyawang. Dhewe pasrah bongkokan kambek Dewan wae, mumpung suwarane mayan banter. Kabeh bakal dionceki, termasuk perkara kebocoran barang. Sakbaka kuwi urusan gampang.
Kebocoran teknis kuwi cuman perkara nyambung pipa. Nek kebocoran administratif kuwi perkara dolanan angka.
’’Nek cuman nyocot, nggon ndalan akeh tunggale, Ton. Sing penting buktine. Saiki erane transparansi. Dewan perlu ngurusi perkara direktur. Naming
kepentingan pelanggan kudu diutamake. Mati uripe PDAM kuwi tergantung pelanggan, lho!’’ teges Lik Dul.
Teorine Lik Dul pancen ciamik. Naming dheknen lali, nek kenyataane malah sebalikke. Mati uripe ledeng pelanggan tergantung PDAM.
Ameh mili terus, apa model jatahan, kabeh sing nentukke PDAM. Mili orane banyu orak tergantung kelas pelanggan.
Pelanggan cilik mbek pelanggan gedhe rak ana bedane. Wayahe macet ya macet. Nek nunggak rekening ya mesthi dipedhot.
Danine, jarene kancaku, PDAM kuwi perusahaan sing orak mungkin rugi. Sebabe ya kuwi mau, kabeh wong butuh banyu. Mulane saben taun, pelanggane tambah terus. Nek biaya operasional mundhak, tarif rekening melu mundhak.
Mbok pelanggan ameh mrotes nganti jedeng, tarif sing wis kadung mundhak rak bakal mudhun maneh. Malah omah-omah kosong sing ledenge rak tau dibukak tetep kudu mbayar tagihan minimal.
’’Bener, Ton, kancaku orak tau diparani tukang catet meteran ya tetep ana tagihane. Apa PDAM saiki wis ndhuwe mesin catet otomatis ya?’’
Wah, nek perkara kuwi aku rak patiya reti, Lik. Sing jelas PDAM kudu ana sing ngawasi.
Manajemenme kudu didhandani. Kebutuhane pelanggan kudu dipenuhi. Tingkat kebocoran ya kudu dikurangi.
Sing jenenge transparansi kudu dijaga. Aja nganti ana angka-angka sing luntur merga kena banyu.
’’Wah nek carane ngono, sapa sing pantes nyekel PDAM ya, Ton? Wong sing pinter ngotak-atik banyu, apa sing pinter ngotak-atik angka?’’
Lik Dul takon, sing njawab Yu Nah. ’’Wis rak sah mbahas sing neka-neka. Saiki tugasmu nguras bak kamar mandi. Wis suwi rak mbok resiki, dadi
nggilani’’. (18)

KAMUS SEMARANGAN
ciamik = bagus
ndholor = menggunakan akal, nalar
nyekel = memegang, mengelola
nyocot = ngomong
mayan = lumayan
peceren = comberan
rak patiya = tidak cukup
reti = mengetahui, memahami
sali = banyak uang
ndholor = menggunakan akal, nalar
nyekel = memegang, mengelola
nyocot = ngomong
mayan = lumayan
peceren = comberan
rak patiya = tidak cukup
reti = mengetahui, memahami
sali = banyak uang
Kandhane Hartono
(Suara Merdeka 31 Mei 2010 halaman B)*
No comments:
Post a Comment