Monday, April 27, 2009

Bukan Sulap Bukan Sihir, Banyu Buthek Dadi Bening

SORE-sore, Lik Dul thongkrong nggon Taman KB. Ndhodhok ngisor wit, dheknene ketok cilik nggamblik. Tangane diobat-abitke karo ngempit dhit jemet. Gayane kaya yakyaka. Pamer dhit, lagek sali pa, Lik?

’’Rak sah serik Ton, aku lagek ajar sulapan. Mraktekke ilmune Han Qiang, tukang sulap ajaran saka Sayangan sing njaluke diundang Gembul kae lho!’’ Lik Dul mbukak omongan, gayane rada kemaki.

Aku rak reti, saiki Lik Dul nduwe karep apa meneh. Tak kira rak mungkin nek dheknen ameh dodolan obat, kaya Pak Slamet jaman Pasar Yaik isih dadi alun-alun mbiyen. Sarakke Lik Dul ki rak reti soal farmasi.

’’Aku ajar sulapan, sarakke aku ameh nglamar kerja nggon PDAM!’’
Blaik! Ketoke Lik Dul kumat dheglenge. Tak andhani ya, Lik, nek PDAM isa ndadekke banyu buthek seka Kaligarang dadi banyu ledheng sing bening, kuwi rak merga sulapan. Banyu bening kuwi asile olahan teknologi moderen, Lik. Ana saringane, ana obat-obatane. Kuwi proses logis, dudu magis.

’’Ngene ya, Ton, Aku dhek wingi mbaca rubrik Piye Jal nggon Suara Merdeka, ana warga sing nulis nek PDAM isa ningkatke pendapatan tanpa ngundakke tarip langganan. Nek jumlahe pelanggan rak tambah, naming dhite sing mlebu nggon kas PDAM luwih akeh, apa kuwi jenenge rak sulapan?’’

Kakekane, Lik Dul jebule rak guyon ta. Dheknene memang lagek prehatin, sarakke isih akeh perkara penting nggon Semarang sing digampangke. Aku dadi kelingan nek wingi bar mbayar ledheng.

Sasi iki aku mbayare mayan akeh, tak kira merga bak tandonku mbludak. Jebule penggolongan taripku wis diganti, ta. Mbiyen aku mlebu golongan F RT 3, saiki dadi golongan G RT 4. Padahal, omahku nggon perumahan tipe 21. Dalan ngarep omah ya rak pernah diambakke. Lha terus penggolongan tarip kuwi dasare apa?

Sak retiku PDAM rak tahu njelaske mangsute F RT 3 karo G RT 4 kuwi apa. Ujug-ujug, akeh pelanggan sing klasifikasine maleh. Netepkene dasare apa, pelanggan ya rak diandhani. Kudune ketentuan penggolongan tarip mau diumumke nggon loket-loket pembayaran utawa kelurahan, ben warga reti hak karo kewajibane. Nek penggolongane memang wis rak cocok, ya dibenerke. Aja mutuske sepihak. Jarene saiki era keterbukaan, naming kok akeh sing isih diumpetke ya?!

Swara Warga

’’Bukan sulap bukan sihir, saiki akeh wong lali mikir. Senenge dha nggolek gampange. Ngrubah angka sakenake dhewe. Nek dadi perkara, endha sulaya, jegur-jeguran, nggolek slamete dhewe-dhewe.’’ Lik Dul nggremeng karo dolanan handpone sing tukune nggon Pasar Maling.

Ngomonge rada dikontrol ya, Lik. Bar ngomongke ledeng kok menggok nggon angka. Mbok eling, soal angka isih sensitif. Rekap hasil Pemilu nembe wae bar. Asile apik, rak ana sing benthik. Soal politik, wong Semarang memang wis dhewasa tenan. Apa sing diarani fanatisme sempit, saiki wis rak payu. Kecuali kuwi, usum udan kan ameh bar, hawane Semarang mulai panas meneh. Dadi, aja mbalah nambahi sumuk.

’’Aku iki rak manas-manasi sapa-sapa. Aku ya rak masalahke hasil Pemilu. Mbalah kosok baline, aku ameh nindaklanjuti hasil Pemilu. Ben caleg sing kepilih dha eling janjine.’’

Lik Dul ndhudohke cathetan pesen-pesen SMS sing wis mentu nggon rubrik Piye Jal. Jebule isine rak mung grundelan warga, ana sing ngritik, ana sing urun rembug. Sing dha kirim SMS, kandhane Lik Dul, wong-wong sing peduli banget karo Semarang.

’’Kumpulan SMS Piye Jal iki ameh tak hadiahke kanggo caleg-caleg sing kepilih. Iki swara warga sing kudu diperhatikke anggota Dewan.’’
Wah, Lik Dul wis rak gondhes meneh. Saiki aku kalah set. Naming, aku isih rak mudheng karo omongan ’’ngrubah angka sakenake dhewe’’ mau. Tak takoni masalah kuwi, Lik Dul njawabe cuman bisik-bisik.

’’Nek soal kuwi urusane dawa, Kas. Nek dijembreng seka Tugumuda tekan Tambaklorok. Kuncine mung siji, kapok pa kapok. Ana sing kapok tenanan, ana sing cuman kapok lombok. Mangkane, nek mangan janganan aja kakehan!’’
Lik Dul nyawut badhak, langsung diemplok karo nyeplus lombok.

Dheknene terus nggeblas tanpa pamit. Aku dadi mlongo, rak merga kelangan badhak siji, naming merga aku lali takon, sing urusane dawa mau apa ya? (18) 
(Suara Merdeka 27 April 2009)

No comments:

Post a Comment