Monday, June 20, 2011

Bocor Alus

PAK Bejo nesu karo Lik
Dul merga ponakane kuwi
dianggep nggathaki. Minggu
wingi deknen dandan necis
lunga Lawangsewu, kepingin
ndelok peresmiane dadi
tempat wisata. Jebule nggon
kana rak ana acara apa-apa.
”Nek nggawe pengumuman
mbok sing nggenah.
Sing kecangar rak aku tok
lho!” kandhane Pak Bejo.
Lik Dul nyelehke kunci pipa,
terus njaluk ngapura karo
pakdhene. Awake teles kabeh
merga kesemprot banyu ledeng.
Deknen terus nyumet
udud sing bungkuse abang
ana gambare wong lagek
nutu.
”Sori, Dhe. Peresmian Lawangsewu
rak sida wingi.
Nek rak salah jadwale sasi
ngarep, awal Juli, sarakke
kudu nyesuaike jadwale Ibu
SBY,” jawab Lik Dul.
Pak Bejo rak patiya
nggathekke omongane Lik
Dul merga namatke dudukan
lemah nggon pekarangane
ponakane. Apa maneh deknen
reti ana pipa ledeng disumpeli
plastik.
”Soal Lawangsewu ameh
diresmike apa orak, kanggoku
rak dadi masalah. Sing
penting, bangunan bersejarah
kuwi saiki wis ana sing ngopeni.
Kowe ya kudu ngopeni
cangkemu, ben nek warawara
rak nggasruh maneh,”
kandhane Pak Bejo, rada
poleng.
”Siji maneh Dul, pipa ledenge
gek ndhang dibenekke,
ben rak ganggu ledeng tanggane,”
teges Pak Bejo karo
lunga.
Blaik. Lik Dul jebule lagek
mbongkar pipa ledeng. Sing
dibongkar pipa sakdurunge
meteran. Wah iki isa dianggep
pelanggaran berat.
Dhendhane mayan gedhe, Rp
1 juta ditambah mbayar
rekening 100 m3.

Sistem Dengkulan
Ngarahku Lik Dul rak
ameh nyolong banyu. Deknen
nekat mbongkar pipa
mesthi merga ana masalah.
Naming deknen lali, mbongkar
pipa ledeng kuwi ana aturane.
Apa maneh saiki
PDAM lagek nganake sweeping
dienggo kurangi kebocoran.
”Asemik. Kowe nganggo
klambi biru nom tak kira
petugas PDAM. Sori ya,
Ton, aku rak meh nyetut
banyu. Nggo apa? Untunge
rak sepira, nek konangan
wirang, tur dhendhane sakbajek,”
kandhane Lik Dul.
Aku percaya Lik, naming
sampeyan mbongkar pipa sak
durunge meteran kuwi mlebu
pelanggaran. Nek pancen ana
masalah nggon jaringan sing
mlebu pekarangan, sampeyan
kudune lapor PDAM.
”Aku wis lapor ya, naming
wis ana sesasi rak ditangani,”
jawab bapake si Nang.
Jare Lik Dul, ledenge miline
itir-itir. Padhalan, nggon
tanga-tanggane banter kabeh.
Malah isa dienggo nyempoti
tanduran barang. Wektu deknen
niliki nggon got ngarep
omahe, banyune ketok bening
tur kebak terus. Kayak ana
sing nyumber.
Maune deknen ngira banyu
kuwi rembesan seka blumbangan
merga kena rob.
Jebule pipane ana sing bocor.
Wis laporan PDAM naming
rak ditangapi. Saking gembregete,
deknen terus ndandani
dhewe.
”Kebocoran sing ketok
mata wae rak dianggep, apa
maneh bocor alus,” kandhane
Lik Dul.
Sampeyan omongane kayak
tukang tembel ban wae.
Masak ledeng ana sing bocor
alus to, Lik?
Jare Lik Dul, kebocoran
ledeng kuwi ana loro, yaiku
kebocoran teknik mbek kebocoran
administratif. Kabeh
kebocoran penyebabe isa
merga ana sing rusak, utawa
sengaja dirusak.
Liyane kuwi, lanjut Lik
Dul, PDAM rak isa nyimpulke
nek omah sing manggon
wong akeh, rekening ledenge
kudu larang.
Lha nek sing manggon
aduse sedina pisan, ngumbahine
ning binatu, apa
rekeninge kudu larang?
Mulane, PDAM kudu ngecek
njaba njero, aja ngincim
pelanggan tok. Jare ijik akeh
pencatat meteran sing nerapke
sistem dengkulan.
”Kebocoran teknik gampang
konangan angger sregep
nganake sweeping, Ton! Nek
kebocoran administratif, urusane
pengawas lan ndhuwurane
maneh. Lha nek bocor
aluse nggon kene, ya ngonangine
rada kangelan,” jawab
Lik Dul.
Crot. Ana bocah numpak
brompit ngebut nerjang banyu
ngecembeng ngasi
nyiprati raine Lik Dul.
”Kakekane tenan. Wah nek
bocah kuwi rak mung bocor
alus, Ton. Naming rada senthet,”
kandhane Lik Dul
mbek ngelapi raine. (16)

KAMUS SEMARANGAN

namatke = melihat dengan seksama
necis = berpakaian rapi
nggasruh = ngawur
nggathaki = membohongi
nyetut = mencuri, menggelapkan
sakbajek = sangat banyak
senthet = retak, tidak waras

Kandhane Hartono
(Suara Merdeka 20 Juni 2011 h. B)*

Monday, June 13, 2011

Nggolek Ilmu Nggon Lawangsewu

’’ANGGER wong ngomongke
Lawangsewu mesthi
kok diubung-ubungke mbek
alaming lelembut. Sengit
aku!’’ kandhane Lik Dul wektu
bar mangan soto nggon pinggir
Pleret, Simongan.
Ya rak salah to, Lik! Lawangsewu
kuwi nggone pancen singup.
Crita sing serem-serem
soal Lawangsewu kerep mlebu
tipi lho, Lik! Nek ameh nggolek
ilmu nggon kono sing paling
mathuk ya ilmu kebatinan.
’’Ton, Ton. Kowe nek rumangsa
wong Semarang kudune
rak trima panggonan bersejarah
kuwi mung dienggo meden-
mendeni bocah. Lawangsewu
kuwi dudu markase
wewe, seje kandhange gendruwo.
Kosokbaline akeh sing isa
disinauni nggon bangunan garapane
Meneer Klinkkaner dan
Quendaag kuwi,’’ jawab Lik
Dul.
Awan-awan mlebu mrana
dhewe wae ning awak mrinding
kabeh. Apa maneh nek mbengi.
Hii serem, ndha!
’’Rak sah adoh-adoh Lawangsewu,
omahe bapakmu
wae nek puluhan taun dianggurke
ya mesthi singup. Bekase
kantor kejaksaan nggon
prapatan Indraprasta mbiyen
malah dijenengi Omah Setan.
Merga bangunan gedhe kuwi
persis nggon tengah pekarangan
amba sing wit-witane dhuwur
banget,’’ jelas Lik Dul.
Pak Bejo sing tau ngalami jaman
Jepang ujug-ujug nimbrung.
Jare dheknen, pirangpirang
dina wingi nggon Lawangsewu
akeh tentara. ’’Apa
sesuk ameh ana upacara peringatan
pertempuran lima hari
to, Dul? Kok gek wingi aku
weruh akeh tentara nggon
Lawangsewu’’.
Lik Dul nglirik aku. Batine
dheknen pakdhene mesthi wis
rada pikun. ’’Upacara pertempuran
lima hari ijik suwi, Dhe!
Bapak-bapak tentara padha
ngumpul nggon Lawangsewu
orak merga latihan upacara,
naming padha kerja bakti. Nek
rak salah sesuk ameh diresmike
Ibu Negara,’’ kandhane Lik
Dul.
Bapake si Nang mang kakekane,
wis reti pakdhene ameh
pikun malah digathaki.

Wisata Sejarah
’’Nggo apa aku nggathaki
wong tuwa, Ton. Iki asli informasi
A satu. Sesuk Bu SBY
ameh ngresmike Lawangsewu
dienggo tempat wisata. Pak
Gubernur Bibit Waluyo gek
wingi wis ngecek persiapane,’’
kandhane Lik Dul.
Wah, tak kira mung koya, jebule
tenanan to. Bangunan kuna
kuwiamehdidadikewisatareligi
apa wisata uji nyali, Lik?
’’Iki lho akibate nek kerep
nonton Lawangsewu nggon
tipi, sing dipikirke sing seremserem,
tok. Sakbaka aku melu
bangga, Ton, meh kabeh stasiun
tipi tau nyiarke Lawangsewu.
Tetenger Kutha
Semarang kuwi saiki tambah
kondhang. Naming, sayange
kabeh tipi nyoroti seka sudut
sing keliru,’’ teges Lik Dul.
Jare Lik Dul, sak liyane
klenik, sejatine akeh sing isa
disinauni nggon Lawangsewu.
Kanggone para calon arsitek,
isa sinau piye konsepe Profesor
Klinkkaner dan Quendaag
nggawe bangunan sing cocok
kanggo dhaerah panas kayak
Semarang. Gedhung kuwi lawang
mbek jendelane pancen
sakbajek ngasi angel diitung.
Mulane karo wong Semarang
terus diarani Lawangsewu.
Kejaba kuwi, nggon bagian
ngisore akeh kanal-kanal sing
isa dadi AC alami.
’’Gedhung sing dibangun
taun 1908 kuwi ngasi saiki ijik
bakoh. Padhalan wektu pertempuran
lima hari, 15-20 Oktober
1945, dibrondong tembakan
seka ngendhi-endhi,’’ kandhane
Lik Dul.
Lawangsewu kuwi dibangun
nggon pinggir Kali Semarang,
persise nggon sisih wetan proliman.
Proliman kuwi tegese
simpang lima, titik ketemune
Jalan Randoesari (saiki Pandanaran-
Red), Kalisari (Dr Sutomo),
Siliwangi (Mgr Soegijopranoto),
Keboen Belakang
(Imam Bonjol), mbek Jalan
Bojong (Pemuda).
Nggon sebrange Lawangsewu
ana taman sing
jenenge Wihelmina Square.
Dadi panggonan kono pancen
strategis banget. Saiki njaba
njerone Lawangsewu wis didandani.
Luwih apik maneh nek
dilengkapi potrek-potrek, lukisan,
utawa barang-barang sing
ana kaitane sejarah bangunan
kuwi. kabeh mau perlu ben para
turis utawa cah sekolah sing
mrana ngerti riwayate, orak
mung mbayangke demit tok.
Jare Lik Dul, kabeh perlu
dielingke sejatine nilai sejarah
Lawangsewu kuwi luhur
banget, eman-eman nek mung
dihayati nganggo cara ’’uji
nyali’’ utawa dongeng memedi.
Gedhung kuwi dibangun kanggo
kantor Nederlandch Indische
Spoor-weg Maatschapij (NIS),
sing ngrintis angkutan kereta
api nggon Indonesia.
’’Kowe reti rak, nggon
pekarangan Lawangsewu ana
makame anggota Angkatan
Muda Kereta Api, yaiku Noersam,
Salamoen, Roesman,
RM Soetardjo, Noersam, lan
RM Moenardi, sing gugur
wektu pertemuran lima hari.
Dadi, nilai Lawangsewu kanggone
Kota Semarang kuwi rak
baen-baen!’’ teges Lik Dul karo
ngresiki pigura sing ana
potreke trem jurusan Bulu-
Jomblang. (16)

KAMUS SEMARANGAN
koya = bohong
ndhes, gondhes = sejenis umpatan

sakbajek = sangat banyak
sengit = tersinggung
singup = angker
potrek = potret, foto
wewe = hantu perempuan

Kandhane Hartono
(Suara Merdeka 13 Juni 2011 h. B)*

Monday, June 6, 2011

Dhasaran Sementara Sak Lawase

WIH, Pasar Karangayu
mbek Pasar Bulu ameh direnovasi
total. Pasar paling gedhe
nomer loro sak bare Pasar
Johar kuwi bakal dadi mewah
lan megah. Nek natane apik,
statuse isa munggah, Lik, seka
pasar wilayah dadi pasar
induk.
Pasar Karangayu itungitungane
klebu pasar anyar.
Naming paling gedhe sak Semarang
Barat. Bakul-bakul
seka kulon akeh sing kulakan
mrana. Senajan nggon pinggir
ratan gedhe, lokasine dikepung
kampung padhet. Iki
sing kudu dipikirke penataane.
Nek Pasar Bulu wis ngadeg
kit jaman Landa. Pasar Bulu
mbek Johar umure undhaundhi.
Johar luwih gedhe
merga kelase pasar induk.
Pasar Bulu kelase mung pasar
wilayah. Naming saiki lokasine
luwih strategis. Dalane
amba, cedhak pusat oleh-oleh
Pandanaran. Tak kira Pasar
Johar bakal pedhot, Lik. Apa
maneh nek ndelok kahanan
saiki.
Para pedagang Pasar Bulu
mbek Karangayu wis padha
ndukung rencana renovasi.
Naming, Lik Dul kayane rak
patiya sreg. Ana sing ijik
ngganjel.
”Nek pasar direnovasi total,
wektune dienggo mbangun
mesthi pirang-pirang sasi,”
kandhane Lik Dul, wektu
mbungkusi dagangan nggon
teras omahe.
Ya, mesthi to, Lik. Wong
Pasar Bulu mbek Karangayu
ameh dibangun tingkat telu.
Jare sokmben dikei parkiran
nggon lantai dasar. Tak bayangke
mewahe bakal madhani
mal, Lik.
”Pasar ameh tutup apa bukak
anyar kanggoku rak masalah,
Ton. Rejeki gusti Allah
sing ngatur,” jawab Lik Dul.
Dadi Permanen
Bapake si Nang iki pancen
nyegrik. Nek wis orak seneng
omongane atos banget.
Sampeyan rak sah samar,
Lik, sak jroning pasar didandani,
sampeyan tetep isa ngirim
barang utawa kulakan.
Tenang wae, Pemkot bakal
nyiapke dhasaran sementara.
”Justru dhasaran sementara
kuwi sing marake aku ketarketir,
Ton!” teges Lik Dul.
Lik Dul iki piye to, dhasaran
sementara kuwi penting
dianakke ben para bakul rak
mati pangane. Mungkin wae
panggonane orak kepenak.
Naming, ngarahku kancakanca
bakul isa maklumi.
”Tak andhani ya, Ton, renovasi
pasar kuwi gampang
angger danane wis ana. Sing
angel kuwi nyiapke dhasaran
sementara dienggo nampung
pedagang. Pedagang mesthi
njaluk lokasi nggon cedhak
pasar lawas ben langganane
orak ilang,” jelas Lik Dul.
Nek penjalukane pedagang
mau dituruti, lanjut Lik Dul,
Pemkot kudu mbangun dhasaran
nggon lokasi sing sakbaka
rak entuk dienggo dodolan.
Nek nggon cedhak pasar
rak ana pekarangan amba,
dhasaran sementara gelem rak
gelem bakal dibangun nggon
pinggir dalan.
”Liyane kuwi, Pemkot ya
kudu nyiapke parkiran kanggo
kendaraane pengunjung.
Iki jelas orak gampang. Mulane
para pedagang kudu dijak
rembugan. Kabeh kudu
dimusyawarahke sing apik.
Wis rak jamane nganggo gacuk
pokoke,” teges Lik Dul.
Wis to, Lik, sampeyan rak
sah samar. Kabeh wis dipikirke
Dinas Pasar. Jaman saiki,
Pemkot rak mungkin
wani ninggalke pedagang.
”Aku percaya, Ton. Sing
penting nek pasare wis dibangun,
pedagang lawas kudu
diutame entuk panggonan
sing apik. Sing luwih penting
maneh, dhasaran sementara
sing digawe wektu pasare
dibangun kudu dibongkar
total. Aja ngasi dhasaran
sementara dienggo dodolan
sak lawase, mengko malah
nganggu penataan nggon
bangunan anyar lan nggawe
semrawute lingkungan,”
kandhane Lik Dul.
Ya mesthi to, Lik, kabeh
wis dipikirke.
”Aku percaya, Ton, naming
akeh fakta sejarah sing
kudu dadi pelajaran. Kowe
reti rak, Pasar Johar dadi kayak
saiki merga akeh panggonan
sing maune mung dhasaran
sementara malah dipermanenke.
Lokasine nggon
sebelah endhi wae rak perlu
tak nyebutke, Dinas Pasar
wis ndhuwe catetane,” kandhane
Lik Dul. (16)

KAMUS SEMARANGAN
atos = keras (benda), sinis (omongan)
gacuk = modal, senjata
ketar-ketir = waswas, khawatir
pedhot = putus, kalah bersaing
nyegrik = bersikap tak menyenangkan
undha-undhi = hampir sama, sebaya (umur)


Kandhane Hartono
(Suara Merdeka 6 Juni 2011 h. B)*