Monday, June 13, 2011

Nggolek Ilmu Nggon Lawangsewu

’’ANGGER wong ngomongke
Lawangsewu mesthi
kok diubung-ubungke mbek
alaming lelembut. Sengit
aku!’’ kandhane Lik Dul wektu
bar mangan soto nggon pinggir
Pleret, Simongan.
Ya rak salah to, Lik! Lawangsewu
kuwi nggone pancen singup.
Crita sing serem-serem
soal Lawangsewu kerep mlebu
tipi lho, Lik! Nek ameh nggolek
ilmu nggon kono sing paling
mathuk ya ilmu kebatinan.
’’Ton, Ton. Kowe nek rumangsa
wong Semarang kudune
rak trima panggonan bersejarah
kuwi mung dienggo meden-
mendeni bocah. Lawangsewu
kuwi dudu markase
wewe, seje kandhange gendruwo.
Kosokbaline akeh sing isa
disinauni nggon bangunan garapane
Meneer Klinkkaner dan
Quendaag kuwi,’’ jawab Lik
Dul.
Awan-awan mlebu mrana
dhewe wae ning awak mrinding
kabeh. Apa maneh nek mbengi.
Hii serem, ndha!
’’Rak sah adoh-adoh Lawangsewu,
omahe bapakmu
wae nek puluhan taun dianggurke
ya mesthi singup. Bekase
kantor kejaksaan nggon
prapatan Indraprasta mbiyen
malah dijenengi Omah Setan.
Merga bangunan gedhe kuwi
persis nggon tengah pekarangan
amba sing wit-witane dhuwur
banget,’’ jelas Lik Dul.
Pak Bejo sing tau ngalami jaman
Jepang ujug-ujug nimbrung.
Jare dheknen, pirangpirang
dina wingi nggon Lawangsewu
akeh tentara. ’’Apa
sesuk ameh ana upacara peringatan
pertempuran lima hari
to, Dul? Kok gek wingi aku
weruh akeh tentara nggon
Lawangsewu’’.
Lik Dul nglirik aku. Batine
dheknen pakdhene mesthi wis
rada pikun. ’’Upacara pertempuran
lima hari ijik suwi, Dhe!
Bapak-bapak tentara padha
ngumpul nggon Lawangsewu
orak merga latihan upacara,
naming padha kerja bakti. Nek
rak salah sesuk ameh diresmike
Ibu Negara,’’ kandhane Lik
Dul.
Bapake si Nang mang kakekane,
wis reti pakdhene ameh
pikun malah digathaki.

Wisata Sejarah
’’Nggo apa aku nggathaki
wong tuwa, Ton. Iki asli informasi
A satu. Sesuk Bu SBY
ameh ngresmike Lawangsewu
dienggo tempat wisata. Pak
Gubernur Bibit Waluyo gek
wingi wis ngecek persiapane,’’
kandhane Lik Dul.
Wah, tak kira mung koya, jebule
tenanan to. Bangunan kuna
kuwiamehdidadikewisatareligi
apa wisata uji nyali, Lik?
’’Iki lho akibate nek kerep
nonton Lawangsewu nggon
tipi, sing dipikirke sing seremserem,
tok. Sakbaka aku melu
bangga, Ton, meh kabeh stasiun
tipi tau nyiarke Lawangsewu.
Tetenger Kutha
Semarang kuwi saiki tambah
kondhang. Naming, sayange
kabeh tipi nyoroti seka sudut
sing keliru,’’ teges Lik Dul.
Jare Lik Dul, sak liyane
klenik, sejatine akeh sing isa
disinauni nggon Lawangsewu.
Kanggone para calon arsitek,
isa sinau piye konsepe Profesor
Klinkkaner dan Quendaag
nggawe bangunan sing cocok
kanggo dhaerah panas kayak
Semarang. Gedhung kuwi lawang
mbek jendelane pancen
sakbajek ngasi angel diitung.
Mulane karo wong Semarang
terus diarani Lawangsewu.
Kejaba kuwi, nggon bagian
ngisore akeh kanal-kanal sing
isa dadi AC alami.
’’Gedhung sing dibangun
taun 1908 kuwi ngasi saiki ijik
bakoh. Padhalan wektu pertempuran
lima hari, 15-20 Oktober
1945, dibrondong tembakan
seka ngendhi-endhi,’’ kandhane
Lik Dul.
Lawangsewu kuwi dibangun
nggon pinggir Kali Semarang,
persise nggon sisih wetan proliman.
Proliman kuwi tegese
simpang lima, titik ketemune
Jalan Randoesari (saiki Pandanaran-
Red), Kalisari (Dr Sutomo),
Siliwangi (Mgr Soegijopranoto),
Keboen Belakang
(Imam Bonjol), mbek Jalan
Bojong (Pemuda).
Nggon sebrange Lawangsewu
ana taman sing
jenenge Wihelmina Square.
Dadi panggonan kono pancen
strategis banget. Saiki njaba
njerone Lawangsewu wis didandani.
Luwih apik maneh nek
dilengkapi potrek-potrek, lukisan,
utawa barang-barang sing
ana kaitane sejarah bangunan
kuwi. kabeh mau perlu ben para
turis utawa cah sekolah sing
mrana ngerti riwayate, orak
mung mbayangke demit tok.
Jare Lik Dul, kabeh perlu
dielingke sejatine nilai sejarah
Lawangsewu kuwi luhur
banget, eman-eman nek mung
dihayati nganggo cara ’’uji
nyali’’ utawa dongeng memedi.
Gedhung kuwi dibangun kanggo
kantor Nederlandch Indische
Spoor-weg Maatschapij (NIS),
sing ngrintis angkutan kereta
api nggon Indonesia.
’’Kowe reti rak, nggon
pekarangan Lawangsewu ana
makame anggota Angkatan
Muda Kereta Api, yaiku Noersam,
Salamoen, Roesman,
RM Soetardjo, Noersam, lan
RM Moenardi, sing gugur
wektu pertemuran lima hari.
Dadi, nilai Lawangsewu kanggone
Kota Semarang kuwi rak
baen-baen!’’ teges Lik Dul karo
ngresiki pigura sing ana
potreke trem jurusan Bulu-
Jomblang. (16)

KAMUS SEMARANGAN
koya = bohong
ndhes, gondhes = sejenis umpatan

sakbajek = sangat banyak
sengit = tersinggung
singup = angker
potrek = potret, foto
wewe = hantu perempuan

Kandhane Hartono
(Suara Merdeka 13 Juni 2011 h. B)*

No comments:

Post a Comment