Monday, May 30, 2011

Kretek Wesi Sepine Tengah Wengi

LIK Dul ujug-ujug ngejak
lunga Gunungpati nggolek
duren. Wong nggon ngisor akeh
sing dodol kok ndadak tekan
Gunungpati barang. Jarene sih
merga dheknen kepingin mangan
duren sing nembe tiba seka
wit. Paling banter mung wani
nguntal rong pongge wae
ndadak kemaki.
Asem ik, alesan tuku duren
mung ngathaki tok. Bapakke si
Nang jebule ameh niliki kanca
lawase sing mbukak kos-kosan
nggon cedhak kampus Unnes.
Jare kancane mau ndhuwe kebon
duren mayan amba. Lik Dul wis
bola-bali ditawani naming
nembe saiki isa mrana. Deknen
ngejak lunga numpak pikep ben
isa ngangkut luwih akeh kayak
wong kulakan. Padhalan, saiki
durung wayahe usum duren.
''Lunga Gunungpati saiki
kepenak, Ton. Dalane apik, tur
orak macet. Jaman aku ijik
sekolah, taun 80-an, nek ameh
lunga Gunungpati kudu mubeng
metu Ungaran utawa
Mijen,'' kandhane Lik Dul
wektu tekan tikungan Pegandan-
Kaligarang.
Sak ngothek-ngotheke Lik
Dul tak jarke wae. Dheknen
ketoke durung reti nek dhaerah
Kretek Wesi cedhak Tugu Soehato,
saiki sepine nek tengah
wengi thok. Nek wayah mangkat
utawa balik kerja, lalu lintase
rame banget. Apa maneh nek
nggon Unnes ana kegiatan,
misale wisuda utawa tes.
''Jaman aku ijik sekolah,
Ton, dalan kidule Kretek Wesi
durung diaspal. Isine mung
tumpukan watu, istilahe dalan
makadam. Metu Manyaran
sakbakka luwih cedhak, naming
tanjakan Sadeng kerep
ambrol ngasi rak isa dilewati.
Paling penak metu Sampangan,
ameh mampir ngombe,
warung pating tlecek,'' kandhane
Lik Dul.
Sak bare ngliwati Pasar
Sampangan mlebu Menoreh
Raya mlakune kendaraan rak
isa banter. Ngrembet-ngrembet
akhire mandheg greg. Lagek
seprapat jam Lik Dul wis
bekah-bekuh. Dheknen langsung
telpon kancane, ngabari
nek tekane rada telat.
''Sori meks, aku rada telat.
Kayane acara kungkum nggon
Tugu Soeharto diajokke.
Mulane durung suranan, Sampangan
wis macet kayak
ngene,'' kandhane Lik Dul.

Dhaerah Ijo
Tak andhani ya, Lik, acara
kungkum suranan nggon Tugu
Soeharto ijik suwe. Jalur Sampangan-
Gunungpati saben
esuk mbek sore pancen rame.
Sarakke nggon dhaerah Gunungpati
sisih wetan saiki akeh
perumahan anyar.
''Lho, jarene nggon Perda
Rencana Tata Ruang Wilayah
(RTRW) dhaerah Gunungpati
kuwi mbelu dhaerah ijo? Kok
saiki akeh perumahan anyar.
Wah iki rak bener, Ton!'' Lik
Dul protes.
Rak sah panik, Lik. Jarene,
aturan ambane dhaerah perumahan
nggon Gunungpati wis
dibatesi. Naming jumlah kompleks
perumahane sing entuk
dibangun dibatesi apa orak, aku
rak reti, Lik! Sing jelas Perda
RTRW nembe wae disahke.
''Wah, nek ndelok jalur Sampangan
ramene kayak ngene,
rencana mbangun kretek seka
Srondol tekan Sekaran kudu
direalisasike, Ton. Anggaran
sing dibutuhke mung Rp 40
miliar. Kuwi luwih sithik
ketimbang dhit sing disetut
para koruptor,'' kandhane Lik
Dul, rada mberung merga rak
ngira Sampangan sing mbiyen
dianggep dhaerah pinggiran
saiki isa macet.
Liyane kuwi, lanjut Lik Dul,
Pemkot kudu cepet-cepet masang
Peta Peruntukan Lahan,
nggon dhaerah Sekaran sing
saiki dadi pusat keramaiane Gunungpati
Wetan. Nek wilayah
kulon, pusate ijik tetep nggon
Pasar Gunungpati.
''Pengumuman terbuka
kuwi penting, Ton. Jare Pak
Bambang Setyoko seka Undip,
nggon perkara tata ruang, warga
aja mung diawasi, naming
kudu isa melu ngawasi. Lha
piye carane melu ngawasi nek
warga orak entuk reti, endhi
sing dhaerah ijo endhi sing
dhaerah abang? Aja ngasi warga
retine nek dhaerah ijo kuwi
berarti omahe kudu dicet ijo!''
teges Lik Dul.
Omongane tambah nggasruh
merga selak kepingin mangan
duren. Tekan omahe kancane,
Lik Dul disuguhi duren
sing wis oncekan. Bungkuse
ana thokke minimarket. (16)

KAMUS SEMARANGAN

asem ik = sejenis umpatan
bekah-bekuh = mengeluh
disetut = ditilap
nggathaki = membohongi
ngothek = bicara lantang
tok = hanya
thok = stempel, cap,
bunyi pintu diketuk


Kandhane Hartono
(Suara Merdeka 30 Mei 2011 h. B)*

Monday, May 23, 2011

Numpak Prau Lunga Pasar Waru

DADI wong kok senengane
ngarang. Masak ameh lunga
Pasar Waru jare ndadak numpak
prau barang. Memange lokasine
pasar nggon tengah rawa?
Sampeyan mbok rak sah ita-itu,
Lik! Para bakul Pasar Waru
kuwi lagek susah. Dhasaran lan
modale dadi awu merga kobongan.
Apa sampeyan rak
mesakke? Mbok melu prihatin
sithik to, Lik, aja malah digawe
guyonan!
”Sing guyon ya sapa? Aku
mung nyritake jaman lara
lapane para bakul Pasar Waru.
Iki ben pasare cepet ditangani
supaya para bakul rak tambah
kolir,” jawab Lik Dul, wektu
mancing kutuk nggon rawa
cedhak Rusunawa Kaligawe.
Jare Lik Dul, bakul Pasar
Waru durung suwe ngrasake
kepenak. Jaman anyar-anyare,
dagangane bobor terus. ”Sing
blanja sepi merga adoh seka
langganane lawas”.
Lho, memange Pasar Waru
kuwi pindhahan seka endhi,
Lik, kok adoh seka langganane
lawas?
”Pasar Waru kuwi mbiyene
pasar krempyeng sing dhasarane
digelar nggon ngisor wit
waru pinggire Kali Banger. Persise
nggon tengah kampung
kulone Banjirkanal Timur,”
kandhane Lik Dul.
Kira-kira limalas taun kepungkur,
jare Lik Dul, pasar
mau keterjang normalisasi Kali
Banger. Merga dhaerahe padhet
banget, rak ana kapling sing isa
dienggo ngedegke pasar.
Pemkot banjur mbangun pasar
anyar nggon bekas rawa wetane
Banjirkanal Timur.
”Dhaerah kana mbiyen
jeneng kondhange Kandhang
Kebo. Seka kebo tenanan ngasi
kebo-kebonan. Naming sing
neka-neka mau saiki wis ilang,
kabeh wis temata apik,” kandhane
Lik Dul.

Pasar Lingkungan
Dadi, Pasar Waru kuwi seka
Semarang Timur diboyong nyebrang
Banjirkanal mlebu Kecamatan
Gayamsari. ”Nurut pretungane
Pemkot, Pasar Waru
bakal dadi gedhe, mulane los
sing dibangun mayan akeh”.
Wah, nek seka pasar krempyeng
dadi pasar permanen sing
isa nampung atusan bakul
kudune isa dadi pasar gedhe to,
Lik?
”Sing dikarepke Pemkot
pancen ngana, Ton. Malah diganti
jeneng dadi Pasar Waru
Indah, naming kasunyatane rak
ana sing endah babarblas. Pasare
sepi nyenyet rak ana sing
blanja. Mulane bakule akeh
sing mlayu, pindhah nggon
pasar krempyeng sisih lor Jalan
Kaligawe. Kae lho, nggon
dalan kretek lawas sak durunge
enggok-enggokan arah Tambaklorok”.
Jare Lik Dul, Pasar Waru
nggon pinggir Kali Banger
kuwi kelase mung pasar
lingkungan. Artine, sing blanja
mung warga kampung-kampung
sekitare. Wektu dipindhah
nggon wetan Banjirkanal,
langgane rak gelem ngetutke.
Cilakane, penduduk wetan Banjirkanal
luwih sithik. Apa
maneh warga seka Kampung
Tambak Dalem wektu kuwi
wegah mara merga dalan
ndhuwur tanggul ijik jeblog.
”Pasar Waru pancen keliru
awit seka perencanaan. Ameh didadike
pasar lingkungan, bakule
kakehan. Ameh didadike pasar
wilayah, infrastrukture orak
nyandhak. Adoh seka ratan, tur
maneh nek udan mesthi dalan
nggon garep pasar isa dienggo
dolanan prau. Mbiyen bis kota
mbek dayatsu tau diliwatke kana,
naming tetep rak isa ngangkat,”
kandhane Lik Dul.
Lha kok saiki mayan rame
apa merga promosine dikencengi,
Lik?
”Soal promosi aku rak reti,
Ton. Sing jelas, los-los kosong
sing mbiyen mung dienggo
ngiyup wedhus, saiki dikebaki
PKL pindhahan seka Citarum.
Naming, ngarahku sing jenenge
pasar lingkungan kuwi, angger
penduduk sekitare tambah akeh
mesthi bakal rame. Apa maneh
dalan nyang Tambak Dalem
metu ndhuwur tanggul wis diaspal,”
teges Lik Dul.
Sampeyan kok apal banget, apa
mbiyen kerep dolan nggon Kandhang
Kebo to, Lik?
”Soal kandhang kebo rak
penting. Sing penting
Pemkot cepet-cepet ndadani
Pasar Waru sing bar kobongan.
Sing luwih penting
maneh, para bakul sing wis
ngalami lara lapa wektu babat
alas aja ngasi mati pangane.
Nek seje pemerintah sing
ngeki bantuan modal, sapa
maneh, Ton? Awake ndhewe
isane mung melu ndonga!” (16)

KAMUS SEMARANGAN
bobor = tidak laku
enggok-enggokan = tikungan
ita-itu = macam-macam (bertingkah)
jeblog = berlumpur
kolir = miskin, tak bisa makan
ngarahku = menurut pendapat saya
ratan = jalan raya, jalan protokol

Kandhane Hartono

(Suara Merdeka 23 Mei 2011 h. B)*

Monday, May 16, 2011

Pretungan Wae Mlengse, Apa Maneh Cekcekmek

YU Nah sengit nek bojone
blanja dhewe. Wis milihe
barang cecekmek, rak gelem
ngenyang sisan. Kadhang
entuk barag apik, kadhang
muspra rak isa dienggo.
Kosokbaline, Lik Dul
nganggep bojone nek milih
barang nrithik banget marakke
kesuwen. Kabeh ndadak
dinyang. Kacek mangpi wae
marakke geger. Naming asile
pancen nyata, pilihane Yu Nah
rak ana sing muspra.
’’Bener, Ton, kabeh kudu
dipasrahke mbek ahline.
Ngango pretungan wae isa
mlengse, apa maneh cekcekmek,’’
kandhane Lik Dul wektu
jagongan nggon teras omah.
Yu Nah sing lagek nyuguhke
kopi raine ketok sumringah
merga bojone wis ngakoni
keprigelane. Padhalan, sing
lagek diomongke Lik Dul iki
perkara liya. Bapake si Nang
lagek ngomongke tarif RSUD,
sing nembe diundhakke saiki
direvisi maneh.
’’Pemkot wis njaluk tulung
konsultan ngitungke biaya
operasional mbek biaya perawatan
ben pas karo kondisi
saiki. Naming sing protes kok
sak bajek. Padhalan wis sepuluh
taun luwih tarif RSUD
Ketileng orak mundhak,’’
kandhane Lik Dul, karo nglirik
bojone sing wis sumingkir seka
teras.
Wah, nek perkara tarif
RSUD, Pemkot rak bakal
nganggo cara cekcekmek, Lik.
Mesthi wis ana pretungane,
apa maneh nganggo konsultan
barang. Naming rumah
sakit pancen nggawa fungsi
sosial, Lik. Iki sing kadhang
diputuske cekcekmek, grusa-grusu
ben program cepet
mlaku.
’’Nentuke tarif rumah sakit
kok ndadak nganggo
nyang-nyangan, kayak tuku lombok
wae!’’ teges Lik Dul.
Iki seje perkara nyang-nyangan,
Lik. Iki perkara kompromi
nyangkut kepentingan umum.
Buktine LSM, para pakar,
mbek DPRD wis rembugan
bareng. Nek wis setaun
mengko isa didelok laporan
keuangane RSUD, Pemkot
tomboke tambah akeh, apa
malah bathi.

Egah-eguh
Jare Lik Dul, nggon
Semarang ana pirang-pirang
program sing mandheg
ndalan. Ana sing nganggep
Pemkot orak titis anggone
nentuke kebijakan, ana sing
nganggep Pemkot kurang
teges nerapke aturan. Naming,
Pemkot kadhang kepaten
langkah merga egah-eguh
liwat musyawarah mufakat wis
angel diterapke maneh.
’’Proyek normalisasi Kali
Tenggang rak rampung-rampung
merga nyang-nyangan
soal ganti rugi rak barbar.
Pemkot ngeper sarakke midak
sikil wis rak jamane. Ganti rugi
wis rak usum, ameh ngek'i
ganti untung jare danane
kurang. Iki sing marakke pecah
ndhase,’’ kandhane Lik Dul.
Rak mung kuwi, Lik, rencana
mboyong pasar pitik seka
Pasar Kobong menyang
Penggaron jare ya wis setaun
luwih rak kelakon-kelakon.
Jare ya merga nyang-nyangane
alot banget. Bates wektu sing
wis ditetepke Pemkot diprekke
mbek para bakul. Bakul pitik
gelem pindhah anger kabul
bumbon lan bakul-bakul liyane
melu pindhah. Istilahe bedhol
pasar.
Bakul ya ngajuke syarat liya,
Lik. Ya iku, Pemkot kudu
mbangunke dalan tembus,
ndhuwurke bangunan pasar,
lan nyiapke fasilitas air bersih.
Bakul wegah pindhah merga
lokasi Pasar Penggaron
dianggep kadohan. Bakul
samar nek pitik-pitik dagangane
mati klenger.
Jare Lik Dul, soal adoh cedhak
kuwi relatif. Sing mbiyen
cedhak saiki dadi adoh, sing
mbiyen adoh saiki malih cedhak.
Naming, sing jenenge
iwak pitik kuwi disenengi wong
akeh, ning ngendi nggone
mesthi digoleki. Sing jelas,
dhaerah wetan penduduke
luwih padhet. Kuwi berarti
calon pembeli luwih akeh.
’’Soal tuntutan bedhol pasar
ngarahku ngaya wara, Ton.
Bakul blanjan isih pantes
manggon Pasar Kobong. Iki
nek dikaitke mbek tata ruang.
Perkara tuntutan infrastruktur
nggon Penggaron kudu diberesi,
kuwi pancen hak pedagang
sing wajib dituruti. Sing
mesthi, nek kabeh nganggo
gacuk pokoke pancen rak ana
bare, Ton. Egah-eguh, ewuh
pekewuh, lan tepa selira pancen
paham kuna. Naming,
gelem rak gelem kudu diterapke
maneh,’’ kandhane Lik Dul. (16)

KAMUS SEMARANGAN

bar = selesai
cekcekmek = sembarangan,
asal kepegang
diprekke = tak dihiraukan
mangpi = lima rupiah
mlengse = tidak pas
ngarahku = menurut saya
pecah ndhase = pusing, kehabisan akal
sengit = tidak suka


Kandhane Hartono

(Suara Merdeka 16 Mei 2011 h. B)*