ngarang. Masak ameh lunga
Pasar Waru jare ndadak numpak
prau barang. Memange lokasine
pasar nggon tengah rawa?
Sampeyan mbok rak sah ita-itu,
Lik! Para bakul Pasar Waru
kuwi lagek susah. Dhasaran lan
modale dadi awu merga kobongan.
Apa sampeyan rak
mesakke? Mbok melu prihatin
sithik to, Lik, aja malah digawe
guyonan!
”Sing guyon ya sapa? Aku
mung nyritake jaman lara
lapane para bakul Pasar Waru.
Iki ben pasare cepet ditangani
supaya para bakul rak tambah
kolir,” jawab Lik Dul, wektu
mancing kutuk nggon rawa
cedhak Rusunawa Kaligawe.
Jare Lik Dul, bakul Pasar
Waru durung suwe ngrasake
kepenak. Jaman anyar-anyare,
dagangane bobor terus. ”Sing
blanja sepi merga adoh seka
langganane lawas”.
Lho, memange Pasar Waru
kuwi pindhahan seka endhi,
Lik, kok adoh seka langganane
lawas?
”Pasar Waru kuwi mbiyene
pasar krempyeng sing dhasarane
digelar nggon ngisor wit
waru pinggire Kali Banger. Persise
nggon tengah kampung
kulone Banjirkanal Timur,”
kandhane Lik Dul.
Kira-kira limalas taun kepungkur,
jare Lik Dul, pasar
mau keterjang normalisasi Kali
Banger. Merga dhaerahe padhet
banget, rak ana kapling sing isa
dienggo ngedegke pasar.
Pemkot banjur mbangun pasar
anyar nggon bekas rawa wetane
Banjirkanal Timur.
”Dhaerah kana mbiyen
jeneng kondhange Kandhang
Kebo. Seka kebo tenanan ngasi
kebo-kebonan. Naming sing
neka-neka mau saiki wis ilang,
kabeh wis temata apik,” kandhane
Lik Dul.
Pasar Lingkungan
Dadi, Pasar Waru kuwi seka
Semarang Timur diboyong nyebrang
Banjirkanal mlebu Kecamatan
Gayamsari. ”Nurut pretungane
Pemkot, Pasar Waru
bakal dadi gedhe, mulane los
sing dibangun mayan akeh”.
Wah, nek seka pasar krempyeng
dadi pasar permanen sing
isa nampung atusan bakul
kudune isa dadi pasar gedhe to,
Lik?
”Sing dikarepke Pemkot
pancen ngana, Ton. Malah diganti
jeneng dadi Pasar Waru
Indah, naming kasunyatane rak
ana sing endah babarblas. Pasare
sepi nyenyet rak ana sing
blanja. Mulane bakule akeh
sing mlayu, pindhah nggon
pasar krempyeng sisih lor Jalan
Kaligawe. Kae lho, nggon
dalan kretek lawas sak durunge
enggok-enggokan arah Tambaklorok”.
Jare Lik Dul, Pasar Waru
nggon pinggir Kali Banger
kuwi kelase mung pasar
lingkungan. Artine, sing blanja
mung warga kampung-kampung
sekitare. Wektu dipindhah
nggon wetan Banjirkanal,
langgane rak gelem ngetutke.
Cilakane, penduduk wetan Banjirkanal
luwih sithik. Apa
maneh warga seka Kampung
Tambak Dalem wektu kuwi
wegah mara merga dalan
ndhuwur tanggul ijik jeblog.
”Pasar Waru pancen keliru
awit seka perencanaan. Ameh didadike
pasar lingkungan, bakule
kakehan. Ameh didadike pasar
wilayah, infrastrukture orak
nyandhak. Adoh seka ratan, tur
maneh nek udan mesthi dalan
nggon garep pasar isa dienggo
dolanan prau. Mbiyen bis kota
mbek dayatsu tau diliwatke kana,
naming tetep rak isa ngangkat,”
kandhane Lik Dul.
Lha kok saiki mayan rame
apa merga promosine dikencengi,
Lik?
”Soal promosi aku rak reti,
Ton. Sing jelas, los-los kosong
sing mbiyen mung dienggo
ngiyup wedhus, saiki dikebaki
PKL pindhahan seka Citarum.
Naming, ngarahku sing jenenge
pasar lingkungan kuwi, angger
penduduk sekitare tambah akeh
mesthi bakal rame. Apa maneh
dalan nyang Tambak Dalem
metu ndhuwur tanggul wis diaspal,”
teges Lik Dul.
Sampeyan kok apal banget, apa
mbiyen kerep dolan nggon Kandhang
Kebo to, Lik?
”Soal kandhang kebo rak
penting. Sing penting
Pemkot cepet-cepet ndadani
Pasar Waru sing bar kobongan.
Sing luwih penting
maneh, para bakul sing wis
ngalami lara lapa wektu babat
alas aja ngasi mati pangane.
Nek seje pemerintah sing
ngeki bantuan modal, sapa
maneh, Ton? Awake ndhewe
isane mung melu ndonga!” (16)
KAMUS SEMARANGAN
bobor = tidak laku
enggok-enggokan = tikungan
ita-itu = macam-macam (bertingkah)
jeblog = berlumpur
kolir = miskin, tak bisa makan
ngarahku = menurut pendapat saya
ratan = jalan raya, jalan protokol
Kandhane Hartono
(Suara Merdeka 23 Mei 2011 h. B)*
No comments:
Post a Comment