Monday, May 16, 2011

Pretungan Wae Mlengse, Apa Maneh Cekcekmek

YU Nah sengit nek bojone
blanja dhewe. Wis milihe
barang cecekmek, rak gelem
ngenyang sisan. Kadhang
entuk barag apik, kadhang
muspra rak isa dienggo.
Kosokbaline, Lik Dul
nganggep bojone nek milih
barang nrithik banget marakke
kesuwen. Kabeh ndadak
dinyang. Kacek mangpi wae
marakke geger. Naming asile
pancen nyata, pilihane Yu Nah
rak ana sing muspra.
’’Bener, Ton, kabeh kudu
dipasrahke mbek ahline.
Ngango pretungan wae isa
mlengse, apa maneh cekcekmek,’’
kandhane Lik Dul wektu
jagongan nggon teras omah.
Yu Nah sing lagek nyuguhke
kopi raine ketok sumringah
merga bojone wis ngakoni
keprigelane. Padhalan, sing
lagek diomongke Lik Dul iki
perkara liya. Bapake si Nang
lagek ngomongke tarif RSUD,
sing nembe diundhakke saiki
direvisi maneh.
’’Pemkot wis njaluk tulung
konsultan ngitungke biaya
operasional mbek biaya perawatan
ben pas karo kondisi
saiki. Naming sing protes kok
sak bajek. Padhalan wis sepuluh
taun luwih tarif RSUD
Ketileng orak mundhak,’’
kandhane Lik Dul, karo nglirik
bojone sing wis sumingkir seka
teras.
Wah, nek perkara tarif
RSUD, Pemkot rak bakal
nganggo cara cekcekmek, Lik.
Mesthi wis ana pretungane,
apa maneh nganggo konsultan
barang. Naming rumah
sakit pancen nggawa fungsi
sosial, Lik. Iki sing kadhang
diputuske cekcekmek, grusa-grusu
ben program cepet
mlaku.
’’Nentuke tarif rumah sakit
kok ndadak nganggo
nyang-nyangan, kayak tuku lombok
wae!’’ teges Lik Dul.
Iki seje perkara nyang-nyangan,
Lik. Iki perkara kompromi
nyangkut kepentingan umum.
Buktine LSM, para pakar,
mbek DPRD wis rembugan
bareng. Nek wis setaun
mengko isa didelok laporan
keuangane RSUD, Pemkot
tomboke tambah akeh, apa
malah bathi.

Egah-eguh
Jare Lik Dul, nggon
Semarang ana pirang-pirang
program sing mandheg
ndalan. Ana sing nganggep
Pemkot orak titis anggone
nentuke kebijakan, ana sing
nganggep Pemkot kurang
teges nerapke aturan. Naming,
Pemkot kadhang kepaten
langkah merga egah-eguh
liwat musyawarah mufakat wis
angel diterapke maneh.
’’Proyek normalisasi Kali
Tenggang rak rampung-rampung
merga nyang-nyangan
soal ganti rugi rak barbar.
Pemkot ngeper sarakke midak
sikil wis rak jamane. Ganti rugi
wis rak usum, ameh ngek'i
ganti untung jare danane
kurang. Iki sing marakke pecah
ndhase,’’ kandhane Lik Dul.
Rak mung kuwi, Lik, rencana
mboyong pasar pitik seka
Pasar Kobong menyang
Penggaron jare ya wis setaun
luwih rak kelakon-kelakon.
Jare ya merga nyang-nyangane
alot banget. Bates wektu sing
wis ditetepke Pemkot diprekke
mbek para bakul. Bakul pitik
gelem pindhah anger kabul
bumbon lan bakul-bakul liyane
melu pindhah. Istilahe bedhol
pasar.
Bakul ya ngajuke syarat liya,
Lik. Ya iku, Pemkot kudu
mbangunke dalan tembus,
ndhuwurke bangunan pasar,
lan nyiapke fasilitas air bersih.
Bakul wegah pindhah merga
lokasi Pasar Penggaron
dianggep kadohan. Bakul
samar nek pitik-pitik dagangane
mati klenger.
Jare Lik Dul, soal adoh cedhak
kuwi relatif. Sing mbiyen
cedhak saiki dadi adoh, sing
mbiyen adoh saiki malih cedhak.
Naming, sing jenenge
iwak pitik kuwi disenengi wong
akeh, ning ngendi nggone
mesthi digoleki. Sing jelas,
dhaerah wetan penduduke
luwih padhet. Kuwi berarti
calon pembeli luwih akeh.
’’Soal tuntutan bedhol pasar
ngarahku ngaya wara, Ton.
Bakul blanjan isih pantes
manggon Pasar Kobong. Iki
nek dikaitke mbek tata ruang.
Perkara tuntutan infrastruktur
nggon Penggaron kudu diberesi,
kuwi pancen hak pedagang
sing wajib dituruti. Sing
mesthi, nek kabeh nganggo
gacuk pokoke pancen rak ana
bare, Ton. Egah-eguh, ewuh
pekewuh, lan tepa selira pancen
paham kuna. Naming,
gelem rak gelem kudu diterapke
maneh,’’ kandhane Lik Dul. (16)

KAMUS SEMARANGAN

bar = selesai
cekcekmek = sembarangan,
asal kepegang
diprekke = tak dihiraukan
mangpi = lima rupiah
mlengse = tidak pas
ngarahku = menurut saya
pecah ndhase = pusing, kehabisan akal
sengit = tidak suka


Kandhane Hartono

(Suara Merdeka 16 Mei 2011 h. B)*

No comments:

Post a Comment