Monday, August 29, 2011

Mung Liwat mbek Mampir Ngombe


WIS meh seminggu Pak Bejo sibuk resik-resik kayak wong ameh mantu. Padhalan, anakke sing ragil wis dinikahke rong taun wingi. Ketoke deknen ameh ketekan tamu agung. Aku ameh takon orak wani. Lik Dul wae orak diomongi. Nek ana apa-apa Pak Bejo biasane sambat Lik Dul. Naming bapakke Si Nang wingi sibuk ngurusi pesenan parsel. Deknen kecipratan order seka kancane merga Pak Gubernur orak nglarang PNS nampa parsel.
Pak Bejo ameh ndhuwe gawe apa to, Lik, omahe kok diresiki tenanan?
”Angger meh bada omahe Pak Bejo pancen diresiki, Ton. Ben ketok padhang wektu anak putune padha ngumpul,” jawab Lik Dul.
Lho, jare Pak Bejo bada iki anakke rak isa mudhun, Lik?
Durung ngasi dijawab, let sedhiluk sing dirasani teka.
”Kakekane rak Dul. Kamar wis tak siapke, jebule mung liwat mbek mampir ngombe tok!” kandhane Pak Bejo, rada poleng.
Aku karo Lik Dul delok-delokan, rak mudheng apa sing diomongke. Bar kuwi Pak Bejo crita kanca lawase janji ameh nginep rak ketang sewengi. Naming rak sida. Padhalan, Pak Bejo wis kadung ngongkon Yu Nah masak kupat mbek opor sing akeh. Anak-anake Pak Bejo dhewe lagek ameh mudhun suk bada kupat sisandhene ngrayake ulang taun bapake.
”Rak sah digelani, Dhe. Kupat mbek opore sesuk ben dienggo pesta rewo-rewo sing rak bali ndesa,” kandhane Lik Dul, nglipur pakdhene.
”Kancaku wis teka bar buka wingi, Dul. Mung mampir sedhiluk mangan takjil. Bar magrib langsung pamitan, neruske perjalanan lunga Jawa Timur, rak sida nginep,” kandhane Pak Bejo.
Dienggo Ampiran
”Nek tak pikir-pikir sampeyan ijik bejo dienggo ampiran, Dhe!” kandhane Lik Dul.
”Dienggo ampiran apa orak, jenengku ki tetep Bejo, Dul! Kowe rak sah ngece!”
”Pasa-pasa ngece wong tuwa marahi dosa, Dhe. Aku ki ngomongke apa anane. Nek ameh bada kayak saiki, nggon dalan-dalan Semarang akeh mobil plat luar kota sing sliwar-sliwer. Biasane para pemudik kuwi mung liwat tok. Naming saiki akeh sing mandheg rak ketang mung mampir ngombe. Malah wis sepuluh taun iki akeh sing mampir Pandanaran tuku oleh-oleh,” kandhane Lik Dul.
Bener, Lik. Kapal-kapal pesiar seka luar negeri sing sandar nggon Pelabuhan Tanjung Emas biasanya mudhun Semarang malah mung mampir nguyuh tok. Bar kuwi terus mlancong nggon Borobudur, Jogja, lan Solo. Posisi geografi Semarang sing strategis malah diliwati tok. Aja maneh turis manca negara, acara reality show tipi nasional wae wegah nggelar audisi nggon Semarang. Paling banter dhewe mung entuk pentas gratisan nggon Simpanglima.
”Tenang, Ton. Singapura mbiyene ya mung pelabuhan ampiran kapal-kapal dagang. Naming saiki dadi pusat perdagangan internasional. Semarang gek jaman Kompeni wis tau jaya. Saiki mulai mbangun maneh, senajan gedhunge rak isa dhuwur merga bandarane cedhak kutha. Pusat oleh-oleh Pandanaran saiki ya wis dadi jujugan. Semana uga kuliner nggon Jalan Gajahmada, ya rak Dhe?” jelas Lik Dul, nglirik pakdhene.
Pak Bejo lagek nampa telpon dadi rak ngrungoke pitakone ponakane. Bar telpone ditutup deknen langsung jingklak-jingklak.
”Ihir. Kancaku sijine sak keluargane mengko ameh nginep nggon omahku merga kamar hotel nggon Semarang wis kebak kabeh. Mengko sore kowe lunga Pasar Kobong mborong pitik, mumpung pasar unggase durung dipindah nggon Penggaron,” kandhane Pak Bejo mbek ngelungke dhit sak gepok saking bungahe.
Pak Bejo anakke wis mentas kabeh. Saiki deknen urip dhewe. Omahe gedhe kamare akeh sing kosong. Mulane nek ketekan tamu rasane kayak nampa rejeki. Kejaba kuwi, saiki pancen wayahe ngencengi tali silaturahim. Lik Dul sak keluarga ngaturake sungeng riyadi. Kosong-kosong ya, dha! (*)
KAMUS SEMARANGAN

bada = lebaran
ihir = hore
jingkal-jingkalk = melompat kegirangan
mudhun = turun, datang
poleng = marah, tersinggung
sandar = berlabuh


Kandhane Hartono
(Suara Merdeka 29 Agustus 2011 halaman B)

Monday, August 22, 2011

Mikar-mikir Taman Parkir


BADA kurang seminggu, Lik Dul ngeterke sedulure blanja oleh-oleh nggon Pandanaran. Sing tuku akeh banget, dalane ngasi macet. Wong nyebrang mbek nyangking bungkusan rak ana mandhegke.
Panggonan parkir wis kebak kabeh. Ameh puter walik rak isa. Lik Dul sing nyetire ijik grothal-grathul milih muter liwat Tugumuda. Naming parkiran nggon sisih lor Pandanaran tetep rak ana sing sela. Mobil-mobil plat nomer luar kota wis jentrek-jentrek nggon kana.
”Akhire aku menggok Pekunden, mobil tak titipke warung soto ngarep rumah susun. Mlakune rak patiya adoh naming mayan kemringet,” kandhane Lik Dul wektu bar traweh nggon Mejid Kauman.
Dalan cedhak rumah susun Pekunden pancen wis dicup Pemkot ameh didadike taman parkir, Lik. Rencanane suk Desember kabeh kendaraan rak entuk parkir nggon Pandanaran maneh, kecuali ning lahane sing ndhuwe toko. Padhalan, parkiran ngarep toko paling banter mung isa dienggo limang mobil.
Mulane Pemkot saiki nggolek lokasi dienggo bukak taman parkir. Pekunden salah sijine. Lokasi liyane sing diincer jare Museum Mandala Bhakti mbek Pasar Bulu. Naming Pasar Bulu ijik ameh direnovasi ndhisik. Ben realisasine isa apik tenan, Pemkot perlu studi banding nggon kutha-kutha liya sing ndhuwe pusat oleh-oleh kayak Pandanaran, Lik!
”Ndhadak studi banding barang nggo apa? Ngentek-enteke dhit tok. Semarang kuwi wis ndhuwe pengalaman mbukak taman parkir, Ton. Pemkot garek mbukak maneh catetane dienggo ngevaluasi endhi sing kurang,” jawab Lik Dul.
Pengalaman apa to, Lik, wong ndhuwe gedung parkir siji nggon Pungkuran wae saiki kapiran?
Nutup Agus Salim
”Tak andhani ya, Ton, taun 1980-an Pemkot tau ndhuwe taman parkir nggon cedhake Pasar Johar. Wektu kuwi Pemkot nutup Jalan Agus Salim terus dipasangi gerbang kayak jalan tol. Kendaraan sing ameh mlebu Johar disetop kudu mbayar karcis taman parkir,” critane Lik Dul.
Jare deknen, gerbang taman parkir ya dibukak nggon mburi Kanjengan kanggo nyegati kendaraan sing ameh mlebu Johar metu Kranggan. Naming nek pengendarane ngomong mung ameh liwat rak dipeksa mbayar karcis. Sarakke taman parkir mau pancen manggoni dalan umum.
”Jaman semana Pemkot pancen menang-menangan, Ton. Gacuk gerbang tok wis wani mbukak taman parkir. Beda mbek swasta. Pasaraya Sri Ratu wani nebas kampung dienggo ngambake tempat parkire. Mal Ciputra ya wani tuku pirang-pirang omah nggon Jalan Anggrek dienggo mbangun gedung parkir,” kandhane Lik Dul.
Lha terus nek dienggo parkirane pusat oleh-oleh Pandanaran, sing paling apik nggon endhi Lik?
”Sing paling cedhak tur amba ya pancen Pekunden, Ton. Naming aspek sosiale mayan abot. Sebabe, nggon lokasi kuwi wis akeh PKL lan statuse dianggep dalan kampung,” jawab Lik Dul.
Wah, program larangan parkir nggon Pandanaran nek kudu dilaksanake Desember 2011 ketoke abot ya, Lik? Lha wis piye, Pekunden kondisine kayak ngana. Ameh nganggo Taman Randusari nggon ngarepe DKK lokasine keciuten, tur mesthi bakal diprotes aktivis lingkungan.
”Sakbaka ana rong lokasi sing isa dicakke, Ton. Naming ragate rak sithik. Ya kuwi ngunggahke Ruko Pandanaran dadi gedung parkir, utawa mbangun gedung parkir nggon ndhuwure Kali Semarang, sebelahe Lawangsewu, tanpa nganggu dalane banyu,” kandhane bapake Si Nang.
Wah nek ngusulke kuwi sampeyan isa dionekke kenthir, Lik?
”Mikar-mikir soal parkir pancen marakke kenthir, Ton. Coba bayangke, potensine gedhi banget naming target pemasukane kanggo Pemkot rak tau isa ketutup, jare merga akeh sing nyetut!” teges Lik Dul. (61)
KAMUS SEMARANGAN

dicup = dipilih
grothal-grathul = belum mahir
jentrek-jentrek = berjajar
keciuten = terlalu sempit
metu = keluar, lewat
nyetut = menilap, menggelapkan
puter walik = berbalik arah


Kandhane Hartono
(Suara Merdeka 22 Agustus 2011 halaman B)

Monday, August 15, 2011

Padhange Mung Kayak Mbang Api

BADA kurang rong minggu, Semarang ijik sepi. Kendaraan pemudik durung sliwar-sliwer. Suwara mercon ya rak patiya dar-der-dor.

Jare Lik Dul, mercon pancen barang sing dilarang. Mulane wong dodolan mercon saiki umpet-umpetan, sarakke nek ngasi konangan isa dicanthelke. Kosokbaline, bocah-bocah isa nyumet mercon terang-terangan naming rak tau dicekel.
”Zaman aku ijik cilik, Ton, pasa kurang rong minggu suwara mercon wis muni seka ngendhi-endhi. Apa maneh, pas malem takbiran, akeh wong sugih mbrondong mercon. Rentengane ngasi pirang-pirang meter. Sing direntengi seka mercon lombok rawit ngasi mercon sing suwarane meh padha dhul,” kandhane Lik Dul wektu tuku jajanan kanggo buka nggon ngarep Mejid Kauman.

Zaman semana, jare Lik Dul, obat mercon utawa mesiu gampang golekane. Nggon PKL mburi Pasar Peterongan wae ana sing adol. ”Naming orak ana sing nggawe bom kaya saiki, Ton. Mercon mung dienggo seneng-senengan, senajan nyumet mercon kuwi sakbaka klebu laku pemborosan lan mbebayani. Naming kabeh mau mung bagian seka tradisi,” kandhane Lik Dul.

Naming saiki sing nyumet mercon kok sepi, Lik, jare wis dadi tradisi?
”Nyumet mercon mbiyen pancen dadi tradisi, Ton. Naming, jare Pak Kiai rak kabeh tradisi kuwi kudu dipertahanke. Kabeh perlu didelok manpaat lan mudarate”.

Liyane nyumet mercon, lanjut Lik Dul, wong Semarang uga ndhuwe tradisi (sing luwih pas diarani kebiasaan) dolanan keplek wayah bada. Mulai seka dadu kopyok, puteran erek-erek, ngasi tekan gaple digelar terang-terangan nggon prapatan.
”Ana sing ngomong kebiasaan loro kuwi saiki wis ilang, Ton. Sebabe mung siji, merga nyumet mercon lan keplek dianggep nglanggar undang-undang. Naming, rak ketang sithik ngarahku ijik ana, Ton. Tur nglakonine mesthi umpet-umpetan”.

Mung Sedhiluk

Terus, nek nyumet mbang api, piye Lik?
”Sing jelas nyumet mbang api ngasi saiki rak dilarang, Ton. Sing kudune dilarang kuwi nek ana undang-undang utawa peraturan sing kayak mbang api! Padhange mung sedhiluk, ketoke mbulat-mbulat, bar kuwi langsung mak pet peteng maneh, mbingungke wong akeh,” jawab Lik Dul.

Mengko ndhisik, Lik, pasa lagek mlaku separo aja nggawe isu sing bakal nyerikke liyan. Luwih becik ngomongke sing apik-apik soal tradisi bada wae, ben pahalane sampeyan rak kelong!
”Pasa tetep pasa, Ton. Soal pahala urusane Sing Kuwasa. Naming nek ana barang bengkok, dhewe wajib ngluruske. Rak ketang dhewe iki isane mung usul tok”.

Bapake si Nang neruske omongane. ”Tak andhani ya, Ton. Nek nggawe aturan kuwi kudune padhange kayak sokle nggon mercusuar. Sorotane cetha, isa dienggo panduan kapal-kapal nggon tengah samudra,” teges Lik Dul.
Rak sah mutar-muter, Lik, to the point wae, selak buka ki!
”Kowe kelingan gegeran soal Terminal Mangkang rak? Mbiyen wektu bis seka kulon rak entuk mlebu kota diewangi gegeran. Aturane (wektu kuwi) wis jelas, kabeh bis seka kulon, termasuk Kendal, kudu mandheg nggon Mangkang, titik! Saiki bis ameh mlebu tekan Terboyo dibebaske. Alesane, wayah bada penumpange akeh, Mangkang durung siap. Jan, kayak mbang api tenan, padhange mung sedhiluk bar kuwi marakke gendhandhapan!”

Berarti, bis jurusan Solo mbek Jogja bakal entuk liwat Jalan Dr Cipto maneh, Lik?
”Ya mbuh, Ton. Wong kebijakan bis rak entuk liwat Cipto kuwi tujuane dienggo ngurangi kemacetan nggon pusat kota. Asile pancen wis ketok, Ton, saiki kemacetane pindhah nggon jalur Srondol-Watugong,” teges Lik Dul karo njaluk bungkuske es blewah dienggo buka anakke. (16)

KAMUS SEMARANGAN
dicanthelke = ditahan polisi
dhul = bom udara, tanda berbuka
keplek = berjudi
mbang api = kembang api
puteran erek-rek = judi rolet
rak ketang = sekalipun hanya
sokle = lampu sorot mercusuar


Kandhane Hartono
(Suara Merdeka 15 Agustus 2011 halaman B)

Monday, August 8, 2011

”Rame-rame Ngaku Kere...”


NGRASAKE kahanan saiki isine kegi mbek kegi tok. Lha wis piye, nek ana masalah sithik mesthi marakke geger. Musyawarah mupakat dianggep wis rak usum. Kabeh nganggo gacuk pokoke. Rak ketang mung gertakan, sing penting banter suwarane.
”Sing banter suwarane ki ya sapa, Ton? Ngobral barang saiki wis rak perlu bengak-bengok maneh, cukup masang tulisan diobral diskon sakmene persen. Kenek dayatsu ya wis rak bengak-bengok maneh wektu nggolek penumpang, wong sopir saiki pancen rak nganggo kenek merga setoran tambah larang. Jaman wis berubah, Kas!” kandhane Lik Dul wektu mampir nggon poskamling sakbare trawehan.
Ngene lho, Lik, bar buka mau Pak RW digeruduk warga gang sebelah. Jare merga akeh sing durung mlebu daftar gakin utawa keluarga miskin. Malah ana sing ngincim nek ngasi bar bada durung beres, ameh lapor DPRD.
Padhalan, nggon tingkat kecamatan akeh sing durung rampung. Seka 16 kecamatan, lagek pitu sing wis ngrampungke verifikasi. Jare Bappeda Kota Semarang, nek wis bar verifikasi, sasi ngarep ijik ana tahapan uji publik. Sing rumangsa durung didata isa protes, dikei wektu sesasi. Nek pancen tahapane ngana, sakbaka cukup ngurus nggon kelurahan to, Lik, rak perlu ndadak ngluruk tekan DPRD?
”Ya apik to, bar bada wong sak kampung lunga DPRD rame-rame ngaku kere. Balikke ngiras ramesan nggon Kampung Bedagan. Yen ijik ndhuwe turahan THR, isa mampir blanja nggon DP Mall,” jawab Lik Dul.
Sampeyan pasa-pasa kok rak isa njaga omongan to, Lik. Wong penduduk miskin kok diunekke ndhuwe turahan THR, kuwi jenenge ngenyek, Lik. Apa maneh ngiras nggon warung ramesan barang, isa nempur ngo masak dhewe wae wis beja. Peyek ya peyek, ning aja diremet-remet!
”Mundar-mundur, molor-mungkret, molah-malih, pancen lagek usum, Ton. Jalan tol Semarang-Ungaran mbukake mundar-mundur terus. Jare sesuk jebule sokmben. Ganti rugine lemah sing kena proyek ya molor mungkret, ngasi saiki dadi urusan hukum,” kandhane Lik Dul.
Jamane Sumaker
Rak ana hubungane to, Lik, wong dhewe saiki lagek mbahas pendataan keluarga miskin, seje proyek jalan tol?!
”Sing kandha rak ana hubungane sapa? Nggon dhaerah sing kena proyek tol mau, nek dipetani tenanan akeh warga sing sakbaka klebu kategori miskin. Iki nek didelok seka pekerjaan lan penghasilane,” jawab Lik Dul.
Naming, lanjut bapakke si Nang, nek didelok penampilane, babar blas rak ketok kere. Omahe gedhong magrong-magrong, malah akeh sing ndhuwe roda papat barang. Kabeh mau merga bar nampa ganti rugi lemah warisan keluargane sing kena proyek jalan tol.
”Kahanan kuwi isa nggawe bingung petugas sing ndata penduduk miskin. Naming, sing luwih mbingungke maneh, saiki pancen jamane sumaker. Sumaker kuwi seje pembalap seka Jerman, Ton, naming istilah wong sugih macak kere,” kandhane Lik Dul.
Gaya sumaker kuwi, lanjut Lik Dul, dadi ngetren sakploke ana dumduman BLT (Bantuan Langsung Tunai-Red) taun 2005. Wong sugih macak kere kuwi rak kabeh merga kepingin dimesakke ben entuk BLT lan kartu jamkesmas. Akeh wong dadi sumaker merga ben orak dijaluki sumbangan, utawa kepingin ngindari pajek. Naming, rak ketang sithik ijik ana sumaker sing merga rak kepingin pamer. Uripe sederhana, nek dijaluki sumbangan nyahnyoh.
”Jaman mbiyen rak ana istilah sumaker. Sing akeh malah kosok baline, akeh wong kere ngaku sugih. Rambute klimis, sandangane necis, rak ketang jins mbek sepatune tukune nggon pasar maling, sing penting wani kemakine. Sarakke jaman kuwi ana semboyan;Yang penting gengsinya, dong! sing diimpor seka Jakarta,” teges Lik Dul. (16)

KAMUS SEMARANGAN
dayatsu = angkutan kota
dumduman = pembagian
bada = lebaran
necis = berpakaian rapi, perlente
nyahnyoh = dermawan
rak ketang = sekalipun hanya
trawehan = shalat tarawih


Kandhane Hartono

(Suara Merdeka 8 Agustus 2011 halaman B)

Monday, August 1, 2011

Lik Wagiman Mbukak Dalan


AWAN-awan Lik Dul thenger-thenger nggon teras. Ududte wis rak nyepur maneh. Awake ketok lemes, mungkin merga ngawali pasa. Nek dijak omongan, njawabe ngati-ati. Pasa-pasa pancen rak entuk ngrasani, apa maneh ngomong sing nyerike wong liya. ''Bener, Ton, pasa-pasa luwih becik ibadahe dikencenge, amale diakehi,'' jawab Lik Dul.
Naming nek ana wong takon ya kudu dijawab to, Lik. Pasa aja dadi alesan, terus orak tumindak apa-apa. ''Orak ngana, Ton. Awaku pancen lagek nggreges tenan merga kurang turu. Pas ameh nggolek boboran nggon dhugdheran, brompitku malah kebanan. Nuntun nggolek tambal ban ngasi saure ameh telat,'' kandhane Lik Dul.
Ngene lho, Lik, kanca-kanca padha takon, pirang-pirang ndina iki angger sore mesthi kejebak macet. Dina Setu wingi ameh lunga Panjangan kena macet nggon Kaligarang. Mau bengi, ameh lunga Pedurungan ya kena macet nggon ngendhi-endhi. Padhalan biasane Semarang kuwi macete mung wayah wong mangkat utawa balik kerja!
''Sori ndhes, yen orak lagek pasa kowe wis tak pisuhi. Perkara ngana wae ndadak takon aku. Kowe cah Semarang kudune wis reti apa sebabe,'' jawab Lik Dul.
Rak sah poleng to, Lik! Jenenge wong takon kuwi merga rak reti. Ameh seminggu iki aku rak tau metu merga akeh garapan. Dadine aku rak reti perkembangan. Nek sampeyan rak gelem ngandhani ya wis, naming rak sah nggondhes-nggondheske barang!
''Cah Semarang kok digertak sithik wis ngeper. Tak andhani ya, Ton, nek mbiyen Lik Wagiman rak mbukak dalan Simongan tekan Pamularsih karo nggawe Kretek Kaligarang, macete isa tambah rak karuan,'' jawab Lik Dul.
Ditakoni perkara macet dina Setu mbek Minggu sore kok malah ngomongke Lik Wagiman, rak ana hubungane to, Lik? Nek ngeki penjelasan mbok rak sah mubang-mubeng kayak gangsingan. Apa maneh dhugdherane wis bar. Dalan-dalan nggon cedhake Pasar Johar wis rak dikebaki bakul mbek arena permainan maneh.
Arak-arakan
''Wis reti jawabane ijik ndadak takon. Kemacetan wingi kuwi akibat dhug-dheran wis kentekan panggonan merga alun-alun Semarang wis ilang. Naming, kuwi tradisi taunan sing dadi kebanggaane wong Semarang. Untunge dhewe ndhuwe Lik Wagiman!'' jawab Lik Dul.
Piye to kik, kok kabeh mandhegke nggon Lik Wagiman?
''Saiki wayah pasa, Ton. Aku orak kepingin ngrasani. Lik Wagiman kuwi rak mung wali kota gila taman, naming uga wali kota sing paling akeh mbangun dalan. Mulai seka Jalan Arteri Yos Sudarso, Citarum-Pedurungan (Soekarno-Hatta), Tegal Kangkung-Mrican, tekan Kaligarang-Simongan-Pamularsih. Jembatan Kartini ya Lik Wagiman sing ngawiti,'' jelas Lik Dul.
Rak mung kuwi, lanjut bapakke si Nang, rencana jalan layang Kalibanteng ya wis digagas jamane Lik Wagiman. Naming wektune rak nyandhak, peneruse durung ana sing nglanjutke.
''Sak umpama dalan-dalan lingkar mau rak dibangun, wong Semarang bakal rak isa obah nek ana kegiatan arak-arakan. Apa maneh arak-arakan gedhe kaya prosesi Sam Po Tay Djien seka Klenteng Gang Lombok tekan Gedhong Batu utawa Karnaval Dhugdheran nyambut Ramadan seka Balai Kota tekan Masjid Agung Jawa Tengah,'' kandhane Lik Dul.
Bener ya, Lik, apa sing dilakoni mbiyen jebule manpaate isa dirasakke ngasi saiki. Mulane apa sing dilakoni saiki kudune manpaate isa dirasakke anak putu sok mben.
''Wis ya, rak sah didhawa-dhawa, mumpung lagek pasa ibadahe dikencenge wae, amale diakehi. Marhaban ya Ramadan!'' jawab Lik Dul mbek pamitan ameh ngeterke Yu Nah lunga pasar nggolek gedhang kepok dienggo nggawe kolak setup. (16)

KAMUS SEMARANGAN
boboran = barang tidak laku, barang murah
kolak setup = kolak tanpa santan
gondhes = bodoh
poleng = marah, tersinggung
reti = mengerti, mengetahui
thenger-thenger = diam tercenung, sedih, melamun

Kandhane Hartono
(Suara Merdeka 1 Agustus 2011 halaman B)