BAR prei rong minggu, Lik Dul kelilingan maneh ngiderke barang. Rak kayak biasane, pirang-pirang dina iki deknen keser-keser. Bapakke Si Nang sambat, hawane Semarang panase rak nguwati. Tekan omah Lik Dul langsung nggelar klasa, klekaran nggon ngarep tipi. Kipas angin loro disetel kabeh. Lagek enak-enake leyeh-leyeh, irunge mambu kebul obong-obongan larahan. Saya suwe Lik Dul keplepeken.
Deknen tangi nggoleki asale kebul mau. Jebule Si Nang lagek ngobong larahan nggon ngisor wit pelem. Sing diobong rak mung godhong garing lan gagang-gagang wit sing wingi dikethoki bapakke. Naming uga tas kresek lan gombal-gombal. Jare Si Nang dienggo ngusir semut angkrang sing nyusuh nggon wit pelem mburi omah.
Mesthi wae Lik Dul langsung nyeneni anakke. Awan-awan obong-obongan kuwi mbebayani. Genine isa mremen ngobong omah. Apa maneh wayah ketiga akeh tanduran sing garing. Lik Dul terus njipuk banyu sak ember digrujuke nggon larahan sing diobong Si Nang mbek muring-muring. Anak lanange digebyur banyu sak cidhuk persis kena raine. Cah kuwi langsung mlayu nggendring.
Sampeyan kok samar men to, Lik? Bocah wis gedhe mesthine wis reti endhi sing mbebayani endhi sing orak. Kadar ngobong larahan sak mono wae diuring-uring!
”Aja maneh bocah, Ton, wong tuwa wae rak entuk ngobong larahan nggon pekarangan. Apa maneh wis sewulan luwih Semarang orak ketiban udan. Tak andhani ya, Ton, Semarang kuwi dhaerah rawan kebakaran. Mulai seka suketan, omah, pabrik, pasar, rumah sakit, Balai Kota ngasi Kantor Gubernur (jamane ijik manggon nggon Gedung Papak) wis tau kobongan. Malahan ana kampung nggon Jalan Petek dijenengke Kampung Geni merga kerep kobongan. Taun 1980-an meh satus omah nggon dhaerah kana sing dilalap jago merah,” kandhane Lik Dul mbek nenggak banyu kendhi sing cemepak nggon teras mburi.
Wong iki pancen kamso. Jaman wis moderen kok ijik ngombe wantah seka kendhi to, Lik?
Tekane Telat
Lik Dul orak njawab pitakonku malah ngothek soal kobongan. Jare deknen, aturan-aturan penanggulangan kebakaran wis akeh. Naming sosialisasine kurang. Alat pemadam kebakaran ringan (apar) nggon tempat-tempat umum mung dadi pajangan. Sarakke latihan penanggulangan kebakaran sing nglibatke masyarakat rak tau dianakke. Dadine nek ana musibah warga isane mung piya-piye merga rak reti apa sing kudu ditumindakke. Blangwir seka Dinas Kebakaran, jare Lik Dul, kayak polisi nggon pilem India, tekane mesthi telat.
”Contone wektu kobongan nggon RSUD Ketileng wingi sing lokasine adoh seka Dinas Kebakaran. Nek ndelok tata ruang Semarang kayak iwak teri dibothok. Isine ngeri tok!”
Lho, apa hubungane tata ruang mbek kobongan, Lik?
”Sing jenenge tata ruang kuwi kudu isa ngantisipasi sak kabehe, Ton, termasuk bencana alam lan bencana akibat polahe manungsa, contone kobongan. Lokasine cedhak, blangwire rak isa mlebu merga dalane kampung ciut banget. Lokasine adoh tambah keser-keser merga blangwire kudu nerjang kemacetan. Bar kuwi ijik bingung nggolek tandon banyu,” kandhane Lik Dul.
Bener, Lik, ngatasi kobongan kuwi sing penting aja ngasi kesuwen. Naming piye carane nek blangwir mau kudu ngliwati dalan-dalan Kota Semarang sing saiki meh kabeh kena macet.
”Carane mung siji, Ton. Pos pemadam kudu dibuka nggon kabeh penjuru mata angin. Paling orak nggon telung titik sing mbiyen tau dienggo kantor kawedanan, yaiku Banyumanik, Pedurungan, mbek Ngalian. Nek ana kobongan, blangwir sing cedhak isa ndhisiki. Aja mung sak lokasi tok kayak saiki,” jawab Lik Dul.
Wah, abot, Lik! Sing isa nglaksanake njur sapa?
”Sapa maneh, Ton, nek seje wali kota sing ndhuwe idu geni!” (61)
KAMUS SEMARANGAN
kamso = ketinggalan zaman
keser-keser = kewalahan, nyaris tidak mampu
ngothek = bicara lantang
piya-piye = bertanya-tanya, bingung
suketan = padang rumput, semak-semak
wantah = air putih (minuman)
Kandhane Hartono
(Suara Merdeka 12 September 2011 halaman B)
No comments:
Post a Comment