Lik Dul gek wingi meh lunga Solo rak sida merga tekan Ungaran mandheg greg. Mobile tanpa AC, penumpange gembrobyos kabeh ngasi megap-megap. Deknen akhire puter walik. Ana sing nyaranke liwat jalur Gubug-Kedungjati-Salatiga. Naming Lik Dul ngeper merga jalur Mranggen-Gubug-Purwodadi ya padat merayap meh padha karo jalur Krapyak-Mangkang.
”Semarang pancen dikepung macet nggon dhaerah pinggiran. Wong-wong sing ameh bali ndesa, mbok rekasane kayak apa tetep dilakoni, Ton. Naming nek mung ameh mlaku-mlaku rak ana sing ngasi ngesrong,” kandhane Lik Dul.
Dalan-dalan nggon pusat kota seminggu wingi uga bebas seka warung PKL. Sing kulina mangan ning njaba, padha kaliren. Wisata kuliner nggon Jalan Gajahmada wae melu prei. Sing bukak mung siji loro, regane ngepruk merga mrema.
Ujung-ujung
Jare Lik Dul, tradisine wong Semarang ngrayake Idul Fitri mung loro. Yaiku, ujung-ujung nggon para sedulur sing luwih tuwa terus piknik bareng-bareng. Jaman deknen ijik cilik, tempat wisata sing paling favorit bonbin utawa THR Tegalwareng mbek Taman Tirta Kencana, nggon ujunge Kalibaru utawa Pelabuhan Tanjung Emas lawas. Nggon kana pengunjung isa numpak prau ngubengi pelabuhan, utawa njegur pantai sisih kulon nggolek pongpongan. Saiki bara-bara dienggo piknik, dienggo angkutan penumpang mbek barang wae kerep keganggu rob.
”Taun 80-an bonbin dipindhah nggon Tinjomoyo. Senajan koleksi kewane rak pepak lan dalane mlebu rekasa, pengunjunge tetep rame. Apa maneh dimeriahke ndangdutan. Taun 90-an bonbin dipindhah maneh nggon Mangkang. Senajan kecegat macet, pengunjunge ijik sakbajek,” kandhane Lik Dul.
Semarang kuwi wilayahe cedhak laut, naming kok rak ndhuwe wisata pantai ya, Lik?
”Jaman akuarium iwak laut durung usum, Taman Tirta Kencana wis ndhuwe stan atusan akurium sing isine iwak laut. Semarang ya tau ndhuwe Pantai Tanjungmas sing nyediake wisata praon lan kuliner seafood. Kabeh mau saiki wis ilang, Ton. Malahan meh kabeh dhaerah pantai nggon Semarang saiki dadi milik pribadi merga perda tata ruange ana sing salah,” teges Lik Dul, gembreget.
Wis reti Mangkang kuwi dhaerah macet lan hawane panas, kenapa bonbine rak dipindhah nggon Mijen utawa Gunungpati, Lik? Jare nggon kana ana agro wisata sing terkenal.
”Agro wisata nggon dhaerah Sodong, Mijen, isa diarani layu sebelum berkembang, Ton. Jare saiki ameh diuripke maneh, muga-muga isa dadi gedhe. Lokasine apik, hawane mayan atis. Apa maneh nek Waduk Jatibarang wis dadi, mesthi tambah yahud. Nek bonbine dipindhah mrana isa digawe model taman safari, kewane rak perlu dikrangkeng. Sing penting bayane aja ngasi ucul nggon waduk”.
Naming kanggone Lik Dul, wisatane dianggep krenyeh rak papa. Sing penting tradisi ujung-ujung ijik lestari. Bedane, jaman deknen ijik cilik nek lunga ujung-ujung cukup nyewa becak merga sing diparani cedhak-cedhak. Naming saiki wong Semarang wis nyebar nggon pinggiran. Bulike pindhah nggon Pucanggading, budhene nggon Jatisari, Mijen.
”Ponakane nek ameh silaturahim kudu lunga seka ujung wetan tekan ujung kulon. Dadine saiki pancen ujung-ujung tenan, Ton,” kandhane Lik Dul mbek pamitan ameh leren merga sesuk janji ngeterke ponakane nonton syawalan nggon Kaliwungu . (61)
KAMUS SEMARANGAN
atis = dingin, sejuk
ngesrong = bernafsu, memaksakan diri
pepak = komplit
pongpongan = kelomang, binatang laut
mirip keong
sakbajek = sangat banyak
ujung-ujung = silaturahim, mengunjungi
saudara yang lebih tuwa
yahud = hebat
Kandhane Hartono
(Suara Merdeka 5 September 2011 halaman B)
No comments:
Post a Comment