Monday, August 30, 2010

Nyola-nyolu Jenenge Golek Rai

LIK Dul minggu wingi poleng tenan. Pasa-pasa dioprak-oprak kon kerja bakti. Jare Pak RW iki perintahe lurahe. Dalan-dalan sing growang kon nembeli. Got-got sing bumpet kon ngeruki. Karepe Lik Dul mbok mengko ngenteni bar bada ben resik-resike isa luwih tenanan.

’’Kerja bakti wayah pasa sakbaka orak masalah, Ton. Apa maneh maine bar asar, sisan ndene ngenteni dhul,’’ kandhane Lik Dul bar buka nggon warung cedhak seketheng. Lik Dul orak buka nggon omah, merga Yu Nah orak masak, sarakke awake lagek orak enak.

Mbalik perkara kerja bakti mau, Lik. Nek pancen wegah, samperan rak sah mangkat yo rak papa. Ngomong wae lagek masuk angin. Tur maneh jenenge kerja bakti kuwi suka rela to, Lik. Orak ana sing meksa. ’’Sing tak masalahke sakbaka orak kerja baktine, Ton. Naming tujuane warga dioprak-oprak kon ngresiki kampung,’’ jawab Lik Dul.

Lik Dul ki piye to? Jenenge resik-resik kampung kuwi ya mesthi tujuane apik. Ben kampunge luwih temata. Ben kampunge dadi aman, tertib, lancar, asri lan sehat. Cocok mbek semboyane Semarang Kota ATLAS.

’’Nek kampunge resik ya mesthi kabeh ngrasake manpaate, Ton. Naming kenapa kok ndadak diresiki saiki, kok orak wingi-wingi, apa mengko bar bada wae?’’

Aku isih durung mudheng apa sing dikarepe bapake si Nang. Apa maneh gondhes siji iki nek ngompong kayak karambol. Mendal kana mendal kene, jebule arahe mrana. Naming nek disrekali kadhang malah mberung. Mbok rak sah menthal menthul to, Lik. Sakbaka sing mbok protes kuwi apa?

’’Aku wingi diomongi Pak RW, kampunge dhewe kudu diresiki merga sesuk ameh ana pejabat Balai Kota lunga mrene. Nek nganti ketok kumuh ngisin-isini. Mulane kelurahan terus nekake sirtu mbek aspal dienggo nembel dalan sing growang. Ibu-ibu PKK nyiapke panganan dienggo buka bareng,’’ jawab Lik Dul.
Orak Urunan Nduwe lurah apikan kok malah dicacat. Padhalan kampung-kampung liya orak ana sing ngopeni. Dalan-dalan pating nggronjal. Warga kudune matur nuwun, lurahe gelem metu sirtu mbek aspal. Dadine warga orak sah ndadak urunan barang.

’’Warga kene wis bola-bali njaluk bantuan kelurahan dienggo ndanani dalan. Naming jawabane mesthi padha, durung ana anggaran!’’ jawab Lik Dul.
Bar ngomong ngana dheknen terus mbisiki aku; ’’Nek saiki kelurahan meksa ndandani dalan cepet-cepet sarake  ameh golek rai. Perangkat kelurahan ameh nyeneng-nyenengke bose sing ameh teka mrene. Ben dianggep nduwe prestasi. Sapa reti bakal entuk promosi. Apes-apese orak dimutasi nggon panggonan sing garing. Jarene sedhiluk maneh ameh usum restrukturisasi nggon Pemkot’’.

Sakjane nek ameh ana tamu kampung diresiki kuwi lumrah wae. Jenenge ngajeni tamu pancen kudu ngana. Naming kahanan sejatine aja didelikke. Dalan nggronjal dijarke wae wong pancen wis suwi orak diapak-apakke. Nek pejabate teka mrene ben reti nek sakbenere isih akeh sing kudu didandani.
Krungu critane Lik Dul mau aku dadi kelingan omongane Pak Triyono Lukmantoro. Jare dosen Undip kuwi, budaya ABS (asal bapak senang-Red) isih durung ilang seka pikirane birokrat.

’’Mulane cara paling gampang dienggo ndandani kampung ya nggawe acara sing bakal ditekani pejabat gedhe. Luwih jos maneh nek sing teka presiden,’’ kandhane Lik Dul karo pesen bakmi goreng sak bungkus dienggo Yu Nah.
Wah nek iki Lik Dul jelas ameh nggolek rai. Nyolu bojone ben tambah disayang! (16)



KAMUS SEMARANGAN

disekral = disela, dipotong (omongan)
mberung = marah
ngenteni dhul = menunggu saat buka puasa
nyolu = mengambil hati
growang = berlobang
poleng = uring-uringan
seketheng = gapura
Kandhane Hartono
(Suara Merdeka 30 Agustus 2010 h. B)

Monday, August 23, 2010

Nimbun Barang, Numpuk Titipan

BADHA kurang rong minggu, Lik Dul mulai resik-resik. Spen mburi dikosongi, jare ameh dienggo numpuk barang.

Blaik, Lik Dul ameh dadi penimbun sembako. Mumpung wong-wong lagek butuh barang, dadine rega isa dimainke. Naming nek nganti konangan, isa dicanthelke.

Aku ameh ngelingke orak kepenak. Lha wis piye, kanggone bakul, wayahe panen ya wektu kayak ngene iki. Naming nek nimbun barang, mainke rega rak ana bedhane mbek njiret gulune wong kere. Mulane aku gumun kok Lik Dul ameh melu-melu dadi penimbun. Sakdurunge kemlekaren, dheknen kudu tak elingke.

’’Spen iki pancen ameh tak enggo numpuk barang. Naming aku orak ameh dadi penimbun. Orak nolak bathine, naming aku wedi kuwalate. Durung maneh ana risiko dicanthelke barang,’’ kandhane Lik Dul karo mbuang larahan nggon tong sampah.

Terus sampeyan nyiapke gudang kosong ameh dienggo numpuk apa?
’’Bara-bara numpuk barang, dhit dienggo kulakan wae rak gablek,’’ jawab Lik Dul.
Ya rak sah nganggo poleng barang to, Lik? Aku mung ngelikke sampeyan ben rak melu-melu dadi penimbun. Nggawe rekayasa ben barang-barang ilang seka pasaran. Nek regane wis mundak lagek diculke. Kuwi jenengi urikan. Padha kejeme mbek koruptor, Lik. Mesakke marakke akeh warga sing orak isa melu badha.

’’Aku nyiapke panggonan sarakke sediluk maneh bakal panen titipan, Ton. Kanca-kanca sing manggon perumahan anyar ameh padha mudik. Kabeh rak wani ninggalke barange nggon omah. Kanca-kanca wis padha nembung ameh nitipke tipi, brompit, mbek komputer.

Ameh tak tolak ya rak kepenak,’’ jawab Lik Dul.
Wuih, kayak pegadaian wae. Nek ameh badha pancen akeh wong padha titip barang nggon pegadaian. Itung-itung karo nggolek tambahan sangu mudik. Wah nek ngana carane, sampeyan bakal panen persenan to, Lik? Lik Dul meneng wae. Aku reti dheknen rak bakal njaluk opah kancane.

Padha Mrema

’’Lagek mudik wae akeh barang sing orak isa digawa. Ditinggal ning omah, wedi disikat paling. Mulane dadi wong kudu eling lan aja lena. Ora kabeh isa digawa! Ngopeni titipan kuwi pancen abot, Ton. Salah-salah isa rumangsa nduweni!’’ tegas Lik Dul.

Tak rungok-rungokke omongane kancaku siji iki wis meh kayak kiyai. Naming pawakane isih orak ana bedhane mbek gali. Jane ya rak papa, luwih becik kayak gali ketimbang kayak kiyai.

Ketiban titipan barang wayah usum mudik pancen wis biasa. Maklum, wong dheknen mudikke ya cuman nggon Semarang. Tur maneh kanca-kancane mau kelompok rewo-rewo, rak kuwat nyewa satpam dienggo njaga kampung pas badha.

Wayah badha sing kudune wong padha ngarayake kemenangan sakbare sesasi nahan ngeleh lan ngelak, nglawan hawa nafsu, malah padha degdegan. Kuatir bandhane disikat maling. Saking panikke, toko emas malah dijaga polisi pating jlentrek.

Lik Dul ya melu degdegan. Bar badha biasane bojone rak isa blanja. Orak merga dhite THR wis entek, naming merga sing dituku orak ana sarakke sing dodol isih padha mudik. Gelem rak gelem kudu tuku matengan. Senajan regane luwih larang merga bakule padha mrema. (16)



KAMUS SEMARANGAN

badha = lebaran
matengan = makanan siap saji
pawakane = sosoknya
pating jlentrek = berjajar-jajar
gali = preman
rewo-rewo = orang kebanyakan
spen = gudang
Kandhane Hartono
(Suara Merdeka 23 Agustus 2010 h. B)

Monday, August 16, 2010

Mremo Kolak Isa Ngilangi Rob

SAMBER nggelap. Lik Dul nduwe usul nggasruh banget. Kakekane tenan, pasa-pasa malah nggawe wong misuh-misuh. Lha kok orak, wong sak Semarang lagek putek mikirke rob, dheknen malah ngejokke usul sing rak nggenah.

Masak nek ameh ngilangi rob seka kawasan Johar, adik-adik mahasiswi sing biasane mrema kolak nggon Jalan Pahlawan kon pindah nggon Jalan Agus Salim. Lha memange rob bakal mlayu nggendring nek dicedhaki cah ayu. Sing nggenah wae?

’’Sapa sing kandha rob rak isa ilang seka kawasan Johar? Nyatane pas dugderan wingi, rong minggu banyu asin rak wani nyedhaki Johar. Apa merga banyu rob wedi mbek warak ngendhog? Apa merga Pemkot masang peringatan, selama dugderan rob dilarang masuk!?’’ kandhane Lik Dul, tenanan.

Ya rak ngono, Lik. Mungkin wae pas dugderan wingi banyu laut lagek pasang surut. Ndhelalah udane ya wis orak niba maneh. ’’Percaya karepmu, orak ya mangga. Saben dina aku liwat kana, Ton. Rob biasane teka wayah esuk, jam pitunan. Bakul Johar seksine. Kadang nganti sore orak asat. Jumat esuk Pak Gubernur tilik Pasar Johar. Wis awan rob lagek tekan Johar, kayak kowe karipan merga bar saur rak isa turu,’’ jawab Lik Dul.

Lha terus, apa hubungane mbek mremo kolak, Lik?

’’Sekolah kenthip-kenthip naming orak nyandakan. Kowe pancen payah ok, Ton. Karepku ngene lho, nek adik-adik mahasiswi jentrek-jentrek mrema kolak nggon Jalan Agus Salim mesthi disyuting tipi, dipotret mas wartawan. Wong-wong dadi ngerti nek rob nggon kawasan Johar pancen nggilani. Sesuke robe mesthi ilang kayak pas dugderan mbek kunjungan Pak Gubernur wingi!’’ kandhane Lik Dul.
Ragad mbek Niyat Saiki aku mudheng mbek sing dikarepke Lik Dul. Intine, rob nggon kawasan Johar karo dhaerah liyane nggon Semarang Utara sakbaka isa diatasi. Buktine ya kuwi mau, pas dugderan kawasan Johar isa bebas rob. Dhaerah Tanah Mas sing cedhak mbek laut ya isa nataki rob.

Nek dipikir-pikir kabeh memang gumantung niyat mbek ragad. Ana niyat rak ana ragad ya padha wae ndobol. Semana uga kasak baline. Aja-aja Semarang memang rak ndhuwe ragad. Apa Pemkot kudu nariki retribusi penanggulangan rob, kayak retribusi kebersihan mbek pajek penerangan jalan umum?

Ketoke rak mungkin. Iki rak merga wong Semarang jarene senenge sarwa gratisan. Naming merga retribusi sing wis ditarik ya rak nggenah parane. Larahan isih dadi masalah, lampu dalan isih akeh sing mbleret.

’’Nek soal dana, Semarang wis turah-turah, Ton. Itungen wae PAD-ne piro? Naming saiki nek ameh ngecakke anggaran isine padha gojak-gajek. Misale Dinas Bina Marga, entuk anggaran Rp 50,313 miliar. Naming nganti Agustus iki lagek dibelanjake Rp 5,347 miliar alias 10 persen. Mulane akeh dalan padha growang,’’ jelas Lik Dul.

Dinas PSDA sing ngurusi kali mbek saluran, kandhane Lik Dul, ya sami mawon. Entuk anggaran Rp 58,040 miliar, lagek dibelanjake Rp 5,7 miliar alias 9,82 persen. Kuwi mau temuane Agung Budi Margono, anggota Badan Anggaran DPRD Kota.

’’Sing dadi pertanyaan, kabeh mau merga Pemkot rak wani ngecakke anggaran, apa merga rak reti carane ngecakke? Luwih ngeri maneh nek jebule anggaran mau cuman tulisan angka, naming rak ana dhite!’’ teges Lik Dul.

Terus anggaran sektor liyane piye ya, Lik?

’’Wah nek soal kuwi ben bapak ibu anggota Dewan wae sing mbengok. Aku rak wani alok. Jare mbahku rak ilok, pasa-pasa kok ngrasani. Nambahi dosa wae!’’
Asem tenan. Lik Dul pancen kakekane. (16)



KAMUS SEMARANGAN

dhit = uang, dana
growang = berlobang
jentrek-jentrek = berdiri berjajar
kenthip = tinggi
mlayu nggendring = lari tunggang-langgang
nataki = mengatasi, menangani
ndobol = bohong
Kandhane Hartono
(Suara Merdeka 16 Agustus 2010 h. B)

Monday, August 9, 2010

Suk Suk Peng, Sing Tengah Gepeng

DUGDERAN mbalik nggon cedhak Mejid Kauman maneh. Lik Dul langsung ngejak si Nang lunga rana. Senajan alun-alune wis ilang, dheknen kepingin nostalgia uyel-uyelan nonton dugderan. Zaman Lik Dul isih enom, nek ameh barbaran, sing nonton dugderan mesthi uakeh banget. Saking akehe nganti padha suk suk peng sing tengah gepeng.

Yu Nah wegah melu sarakke nek ndelok wong padha suksukan ndhase mesthi nggliyeng. Mulane dheknen jinjo. Lha nek Cempluk wegah melu merga dheknen wis gedhe. Wis rak kepingin ditukokke dolanan lemah-lemahan maneh. Naming nek dijak lunga mal mesthi semrinthil.

’’Aku tukokke martabak nggon ngarep Bioskop Rahayu wae, Pak,’’ pesene Yu Nah.
Wong Bioskop Rahayu wis tutup kit zaman rak enak isih disebat-sebut wae. Marakke si Nang bingung thok. Retine dheknen bioskop nggon Semarang kuwi cuman ana telu, tur maneh rak ana sing jenenge Rahayu.
Dugderan nggon Johar pancen luwih rame ketimbang nggon wetan Banjirkanal Timur. Naming wis rak ana suk suk peng maneh kayak zaman mbiyen. Mungkin merga saiki wis akeh mal, dadine keramean wis dibagi-bagi.

’’Sing kandha rak ana suk suk peng maneh sapa? Saiki malah tambah nggilani,’’ kandhane Lik Dul bar ngeterke si Nang balik omah.

Aku wingi ya lunga dugderan, Lik. Pancen isih akeh sing nonton. Naming wis rak rame kayak mbiyen maneh. Malah jare luwih suksukan nggon Simpanglima wayah Minggu esuk.

’’Sing ngomongke dugderan ya sapa. Perkara suk suk peng rak cuman nggon dugderan zaman mbiyen. Pasar Johar mbek Yaik saiki tambah semrawut merga bakule padha suksukan rebutan panggonan nggon cedhak dalan. Kabeh dikebaki dagangan nganti wong ameh liwat dadi kangelan,’’ kandhane Lik Dul.
Kanjengan sing mbiyen dianggep pertokoan paling mewah, jare Lik Dul, akhire dhut merga dalane mlebu tambah sumpek. Tempat dasaran nggon Yaik ndhuwur ya akeh sing nganggur. Johar tambah kojur merga dalane kerep disuk karo rob.

’’Nek rak gek ndhang ditangani Johar isa wassalam lho, Ton. Bakule wis kakehan, mulane kudu ana pembenahan total. Naming aja nganti dibongkar. Eman-eman!’’ teges Lik Dul.

Ngesuk Kuburan

Lik Dul aneh. Jare sing suksukan rak cuman nggon Pasar Johar. Nggon kuburan malah luwih sangar. Ya mesthi to, Lik, wong jenenge wayah nyadran, mesthi akeh wong padha thilik kubur!

’’Maksudku rak ngono, Ton. Aja maneh wong urip, wong mati nggon Semarang kuwi ya akeh sing ngesuk. Deloka kae, akeh kuburan nggon dhaerah pinggiran sing saiki dadi kampung,’’ kandhane Lik Dul.
Nek perkara kuwi rak cuman kuburan sing disuk. Dhaerah rawa mbek saluran ya akeh sing wis ilang merga dienggo mbangun omah utawa tempat dasaran. Mulane saya suwe banjir mbek rob tambah ngeri. Naming sampeyan rak sah kuatir. Pak Wali Kota jare ameh mbenahi kabeh.

Lik Dul mantuk-mantuk, terus ngothek maneh. Suk suk peng sing tengah gepeng, kandhane Lik Dul, pancen wis dadi nasibe Semarang. Zaman mbiyen Tanjung Emas kuwi pelabuhan sing paling gedhi. Saiki dianggep paling krenyeh. Sepur nggon Indonesia ya dibangun mulai seka Semarang. Malah jarene lapangan terbang pertama mbiyen ya nggon Semarang, nggon bekase lapangan pacuan kuda Benteng Pendem.

Bener, Lik, Semarang pancen gepeng. Rak merga posisine nggon tengah. Naming merga lapangan terbange rak entuk dipindah. Mbok sampek taun dhal, bangunan paling dhuwur nggon Semarang mentog mung tekan limalas lantai. Sarake dhaerah pusat Kota Semarang dadi lintasane montor mabur. Nek kepingin ndhuwe gedhung dhuwur ya bandarane kudu dipindah seka Kalibanteng.

’’Ndadani tata ruang nggon Semarang pancen orak gampang, Ton. Ibarat benang ruwet campur tir. Mulane  kabeh kudu ndukung. Nek rak gelem ditertibke ya kudu tertib,’’ jare Lik Dul.

Wah nek wis tekan kono biasane marakke puthek, Lik. Nggoleki sapa sing salah isa padha karo mbedhek ndhog mbek pitik dhisik endhi? Wis kesuwen dijarke nglanggar aturan, akeh warga sing akhire rak rumangsa salah. Ameh negakke aturan, Pemkot wedi diarani nglanggar HAM. Dadine kayak judul lagu dangdut, ini salah itu salah. Rewel! (16)



KAMUS SEMARANGAN

dhut = mati
nggilani = menjijikan, mengerikan
jinjo = trauma
krenyeh = kelas rendah
mbedhek = menebak
mentog = sampai batasnya
ngothek = bicara panjang lebar
Kandhane Hartono
(Suara Merdeka 9 Agustus 2010 h. B)