’’Kerja bakti wayah pasa sakbaka orak masalah, Ton. Apa maneh maine bar asar, sisan ndene ngenteni dhul,’’ kandhane Lik Dul bar buka nggon warung cedhak seketheng. Lik Dul orak buka nggon omah, merga Yu Nah orak masak, sarakke awake lagek orak enak.
Mbalik perkara kerja bakti mau, Lik. Nek pancen wegah, samperan rak sah mangkat yo rak papa. Ngomong wae lagek masuk angin. Tur maneh jenenge kerja bakti kuwi suka rela to, Lik. Orak ana sing meksa. ’’Sing tak masalahke sakbaka orak kerja baktine, Ton. Naming tujuane warga dioprak-oprak kon ngresiki kampung,’’ jawab Lik Dul.
Lik Dul ki piye to? Jenenge resik-resik kampung kuwi ya mesthi tujuane apik. Ben kampunge luwih temata. Ben kampunge dadi aman, tertib, lancar, asri lan sehat. Cocok mbek semboyane Semarang Kota ATLAS.
’’Nek kampunge resik ya mesthi kabeh ngrasake manpaate, Ton. Naming kenapa kok ndadak diresiki saiki, kok orak wingi-wingi, apa mengko bar bada wae?’’
Aku isih durung mudheng apa sing dikarepe bapake si Nang. Apa maneh gondhes siji iki nek ngompong kayak karambol. Mendal kana mendal kene, jebule arahe mrana. Naming nek disrekali kadhang malah mberung. Mbok rak sah menthal menthul to, Lik. Sakbaka sing mbok protes kuwi apa?
’’Aku wingi diomongi Pak RW, kampunge dhewe kudu diresiki merga sesuk ameh ana pejabat Balai Kota lunga mrene. Nek nganti ketok kumuh ngisin-isini. Mulane kelurahan terus nekake sirtu mbek aspal dienggo nembel dalan sing growang. Ibu-ibu PKK nyiapke panganan dienggo buka bareng,’’ jawab Lik Dul.
Orak Urunan Nduwe lurah apikan kok malah dicacat. Padhalan kampung-kampung liya orak ana sing ngopeni. Dalan-dalan pating nggronjal. Warga kudune matur nuwun, lurahe gelem metu sirtu mbek aspal. Dadine warga orak sah ndadak urunan barang.
’’Warga kene wis bola-bali njaluk bantuan kelurahan dienggo ndanani dalan. Naming jawabane mesthi padha, durung ana anggaran!’’ jawab Lik Dul.
Bar ngomong ngana dheknen terus mbisiki aku; ’’Nek saiki kelurahan meksa ndandani dalan cepet-cepet sarake ameh golek rai. Perangkat kelurahan ameh nyeneng-nyenengke bose sing ameh teka mrene. Ben dianggep nduwe prestasi. Sapa reti bakal entuk promosi. Apes-apese orak dimutasi nggon panggonan sing garing. Jarene sedhiluk maneh ameh usum restrukturisasi nggon Pemkot’’.
Sakjane nek ameh ana tamu kampung diresiki kuwi lumrah wae. Jenenge ngajeni tamu pancen kudu ngana. Naming kahanan sejatine aja didelikke. Dalan nggronjal dijarke wae wong pancen wis suwi orak diapak-apakke. Nek pejabate teka mrene ben reti nek sakbenere isih akeh sing kudu didandani.
Krungu critane Lik Dul mau aku dadi kelingan omongane Pak Triyono Lukmantoro. Jare dosen Undip kuwi, budaya ABS (asal bapak senang-Red) isih durung ilang seka pikirane birokrat.
’’Mulane cara paling gampang dienggo ndandani kampung ya nggawe acara sing bakal ditekani pejabat gedhe. Luwih jos maneh nek sing teka presiden,’’ kandhane Lik Dul karo pesen bakmi goreng sak bungkus dienggo Yu Nah.
Wah nek iki Lik Dul jelas ameh nggolek rai. Nyolu bojone ben tambah disayang! (16)
KAMUS SEMARANGAN
disekral = disela, dipotong (omongan)
mberung = marah
ngenteni dhul = menunggu saat buka puasa
nyolu = mengambil hati
growang = berlobang
poleng = uring-uringan
seketheng = gapura
Kandhane Hartono
(Suara Merdeka 30 Agustus 2010 h. B)
No comments:
Post a Comment