Monday, August 9, 2010

Suk Suk Peng, Sing Tengah Gepeng

DUGDERAN mbalik nggon cedhak Mejid Kauman maneh. Lik Dul langsung ngejak si Nang lunga rana. Senajan alun-alune wis ilang, dheknen kepingin nostalgia uyel-uyelan nonton dugderan. Zaman Lik Dul isih enom, nek ameh barbaran, sing nonton dugderan mesthi uakeh banget. Saking akehe nganti padha suk suk peng sing tengah gepeng.

Yu Nah wegah melu sarakke nek ndelok wong padha suksukan ndhase mesthi nggliyeng. Mulane dheknen jinjo. Lha nek Cempluk wegah melu merga dheknen wis gedhe. Wis rak kepingin ditukokke dolanan lemah-lemahan maneh. Naming nek dijak lunga mal mesthi semrinthil.

’’Aku tukokke martabak nggon ngarep Bioskop Rahayu wae, Pak,’’ pesene Yu Nah.
Wong Bioskop Rahayu wis tutup kit zaman rak enak isih disebat-sebut wae. Marakke si Nang bingung thok. Retine dheknen bioskop nggon Semarang kuwi cuman ana telu, tur maneh rak ana sing jenenge Rahayu.
Dugderan nggon Johar pancen luwih rame ketimbang nggon wetan Banjirkanal Timur. Naming wis rak ana suk suk peng maneh kayak zaman mbiyen. Mungkin merga saiki wis akeh mal, dadine keramean wis dibagi-bagi.

’’Sing kandha rak ana suk suk peng maneh sapa? Saiki malah tambah nggilani,’’ kandhane Lik Dul bar ngeterke si Nang balik omah.

Aku wingi ya lunga dugderan, Lik. Pancen isih akeh sing nonton. Naming wis rak rame kayak mbiyen maneh. Malah jare luwih suksukan nggon Simpanglima wayah Minggu esuk.

’’Sing ngomongke dugderan ya sapa. Perkara suk suk peng rak cuman nggon dugderan zaman mbiyen. Pasar Johar mbek Yaik saiki tambah semrawut merga bakule padha suksukan rebutan panggonan nggon cedhak dalan. Kabeh dikebaki dagangan nganti wong ameh liwat dadi kangelan,’’ kandhane Lik Dul.
Kanjengan sing mbiyen dianggep pertokoan paling mewah, jare Lik Dul, akhire dhut merga dalane mlebu tambah sumpek. Tempat dasaran nggon Yaik ndhuwur ya akeh sing nganggur. Johar tambah kojur merga dalane kerep disuk karo rob.

’’Nek rak gek ndhang ditangani Johar isa wassalam lho, Ton. Bakule wis kakehan, mulane kudu ana pembenahan total. Naming aja nganti dibongkar. Eman-eman!’’ teges Lik Dul.

Ngesuk Kuburan

Lik Dul aneh. Jare sing suksukan rak cuman nggon Pasar Johar. Nggon kuburan malah luwih sangar. Ya mesthi to, Lik, wong jenenge wayah nyadran, mesthi akeh wong padha thilik kubur!

’’Maksudku rak ngono, Ton. Aja maneh wong urip, wong mati nggon Semarang kuwi ya akeh sing ngesuk. Deloka kae, akeh kuburan nggon dhaerah pinggiran sing saiki dadi kampung,’’ kandhane Lik Dul.
Nek perkara kuwi rak cuman kuburan sing disuk. Dhaerah rawa mbek saluran ya akeh sing wis ilang merga dienggo mbangun omah utawa tempat dasaran. Mulane saya suwe banjir mbek rob tambah ngeri. Naming sampeyan rak sah kuatir. Pak Wali Kota jare ameh mbenahi kabeh.

Lik Dul mantuk-mantuk, terus ngothek maneh. Suk suk peng sing tengah gepeng, kandhane Lik Dul, pancen wis dadi nasibe Semarang. Zaman mbiyen Tanjung Emas kuwi pelabuhan sing paling gedhi. Saiki dianggep paling krenyeh. Sepur nggon Indonesia ya dibangun mulai seka Semarang. Malah jarene lapangan terbang pertama mbiyen ya nggon Semarang, nggon bekase lapangan pacuan kuda Benteng Pendem.

Bener, Lik, Semarang pancen gepeng. Rak merga posisine nggon tengah. Naming merga lapangan terbange rak entuk dipindah. Mbok sampek taun dhal, bangunan paling dhuwur nggon Semarang mentog mung tekan limalas lantai. Sarake dhaerah pusat Kota Semarang dadi lintasane montor mabur. Nek kepingin ndhuwe gedhung dhuwur ya bandarane kudu dipindah seka Kalibanteng.

’’Ndadani tata ruang nggon Semarang pancen orak gampang, Ton. Ibarat benang ruwet campur tir. Mulane  kabeh kudu ndukung. Nek rak gelem ditertibke ya kudu tertib,’’ jare Lik Dul.

Wah nek wis tekan kono biasane marakke puthek, Lik. Nggoleki sapa sing salah isa padha karo mbedhek ndhog mbek pitik dhisik endhi? Wis kesuwen dijarke nglanggar aturan, akeh warga sing akhire rak rumangsa salah. Ameh negakke aturan, Pemkot wedi diarani nglanggar HAM. Dadine kayak judul lagu dangdut, ini salah itu salah. Rewel! (16)



KAMUS SEMARANGAN

dhut = mati
nggilani = menjijikan, mengerikan
jinjo = trauma
krenyeh = kelas rendah
mbedhek = menebak
mentog = sampai batasnya
ngothek = bicara panjang lebar
Kandhane Hartono
(Suara Merdeka 9 Agustus 2010 h. B)

No comments:

Post a Comment