Monday, November 29, 2010

Nggon Rejomulyo Ana Pasar Kobong

SEMARANG pancen kutha sing rawan kobongan. Mulane wektu Lik Dul ngabari nek nggon Rejomulyo ana pasar kobong, wong-wong padha mlayu nggendring lunga mrana, sarakke Pasar Rejomulyo lagek dadi berita.

Apa maneh lokasine cedhak depo Pertamina. Nek genine mremen isa blaik. Pak Bejo langsung ngontak blangwir lewat nomer 113. Aku ameh melu mrana orak isa sarakke brompitku kebanan. Lik Dul tak enteni rak teka-teka, jare ameh ngampiri. Rak nganti setengah jam, blangwire padha mbalik. Berarti kobongane orak gedhi.
Piye, Lik, sing marakke kobongan apa?

’’Wah rak reti, Ton. Aku telat merga mau ngeterke si Nang golek buku nggon Stadion. Sing kobongan nggon endhi to?’’ Lik Dul malah takon, kaya wong rak ndhe dosa.
Lho, piye to ki? Jare sampeyan mau sing wara-wara nggon Rejomulyo ana pasar kobong!
Lik Dul malah ngekek ngasi watuk-watuk.

’’Tak andhani ya, Ton. Nggon Kelurahan Rejomulyo, Semarang Timur, kuwi pancen ana pasar sing lagek dadi omongan. Jeneng resmine Pasar Rejomulyo, naming masyarakat luwih seneng ngarani Pasar Kobong. Sarakke dhaerah Rejomulyo kuwi mbiyene jenenge pancen Kobong. Ngasi saiki isih ana sekolah sing nganggo jeneng SD Kobong,’’ kandhane Lik Dul.

Sepur Kobong

Wong-wong sing bar kecangar padha ngumpul nggon poskamling. Rak ana sing nesu, malah padha ngekek-ngekek. Lik Dul mang kakekane!
Dhaerah kana kok isa diarani Kobong apa mbiyen tau kobongan to, Lik?
Lik Dul nyekeli bathuk. Anggake kaya pakar sejarah.

Jare Lik Dul, jeneng dhaerah kana mungkin wae ana hubungane karo kobongan naming seje musibah.
’’Aku tau takon karo sedhulurku lanang, Mas Djawahir Muhammad, naming angkat tangan. Deknen retine kit zaman Landa dhaerah cedhak Karang Ndhara kuwi jenenge Kobong. Naming, sejarahe piye Mas Djawawir durung tau krungu. Kanca-kancaku liyane ya padha gedheg,’’ jawab Lik Dul.

Jare mau ana hubungane mbek kobongan, naming seje musibah?
’’Terus terang wae, persise piye aku rak reti. Naming tembung Kobong secara morfologis isa ditelusuri,’’ jawab Lik Dul.
Tembung kobong utawa kobongan, jare Lik Dul, artine orak mung ’’kebakaran’’. Nggon Kamus Lengkap Jawa-Indonesia (Sutrisno Sastro Utomo, 2009), kobongan isa diartike ’’bilik’’ utawa ’’kamar’’. Tembung kobong uga ndhuwe arti metune geni seka cerobong lokomotif. Biasane bareng karo keluk ireng sing mabul-mabul.

Nggon dhaerah Kobong mbiyen, lanjut Lik Dul, orak tau ana asrama sing kamare akeh. Anane mung kompleks rumah masa depan alias kerkop alias kuburan sing saiki wis ditutup. Naming persis nggon sisih lor ana Stasiun Semarang Nederlandsch-Indisch Spoorweg Maatschappij (NIS), stasiun pertama nggon Indonesia. Saiki mlebu Kelurahan Kemijen, Semarang Timur.

’’Lokomotif zaman mbiyen rupane ireng ana cerobonge sarakke nganggo mesin uap sing bahan bakare kayu. Nek sepure ameh mangkat, cerebonge ngetokke geni mbek keluk ireng, peristiwa kuwi jenenge kobong,’’ jelas Lik Dul.
Tenane, Lik, iki diwaca wong akeh lho!

’’Sing tak omongke mau mung utak-atik morfologis. Apa bener dhaerah kuwi dijenengke Kobong merga mbiyen dadi panggone sepur kobong, isih perlu penelitian sing mendalem. Sing jelas kabeh jeneng kampung nggon Semarang ana riwayate,’’ teges Lik Dul.

Lha saiki kok Pasar Kobong isa dadi pasar pitik critane piye, Lik?
’’Persise bakal dadi bekas pasar pitik. Iki critane dhawa. Gandeng wektune rak nyandhak, tak teruske minggu ngarep wae ya!’’
Lik Dul pamit merga wis di-SMS bojone. (44)



KAMUS SEMARANGAN

anggake = gayanya
blaik = bahaya
keluk = asap
kecangar = tertipu
mlayu nggendring = langsung lari
mremen = melebar
ndhe, ndhuwe = punya
ngekek = tertawa
Kandhane Hartono
(Suara Merdeka 29 November 2010 h. B)

Monday, November 22, 2010

Mbayangke Stanplat Papat Keciprat

LIK Dul crita gek wingi bar
methuk kancane nggon stanplat.
Kancane seka Solo numpak
bis. Jare rak nganti rong
jam wis tekan, sarakke liwat
tol. Stanplate nggon dhaerah
Banyumanik.
’’Soale Solo kuwi arahe kan
seka kidul, masak ndadak ngulon
tekan Mangkang barang,’’
kandhane Lik Dul.
Bapake si Nang jare lungguh
nggon ruang tunggu sing hawane
mayan atis. Stanplate persise
nggon sebelah endhi aku
rak reti. Wujude kayak apa aku
ya rak isa mbayangke.
Jare Lik Dul, stanplat bis
sing kaping papat nggon Semarang
kuwi mayan gedhi. Kiwatengeneakehwarungmakan
mbek kios oleh-oleh. Ameh
mudun lunga kota numpak
taksi apa angkot garek milih.
Wispadhajentrek-jentrekngenteni
penumpang.
Stanplat nggon dhaerah kidul
pancen ana siji, persis nggon
ngarep Pasar Banyumanik.
Naming sing mlebu kono
cuman bis kota. Nggon Pudakpayung
anane mung pangkalan
ojek.
Lha stanplat sing mbok
critake kuwi sebelah endhi to,
Lik? Terus jalan tol Semarang-
Solo kuwi kan lagek digawe.
Sing tekan Ungaran wae
durung dadi.
’’Lagek mbayangke lungguh
nggon ruang tunggu sing
kursine empuk, ujuk-ujuk ana
bocah numpak brompit nerjang
dalan sing banyune ngecembeng.
Aku kecipratan
nganti klambiku teles kabeh,’’
kandhane Lik Dul.
Jare ngenteni nggon stanplat
mewah kok ana banyu ngecembeng,
mbok rak sah ngarang,
Lik!
’’Rak sah poleng, Ton, aku
cuman mbayangke sak umpama
nggon kidul Semarang ana
stanplate, penumpang rak perlu
mundun nggon pinggir dalan
maneh,’’ jawab Lik Dul.
Dheknen jebule methuk kancane
nggon dhaerah Sukun,
Banyumanik. Penumpang bus
seka Solo pancen akeh sing
mundun nggon kana. Oalah,
Lik, nek nggon Sukun kuwi
jenenge terminal bayangan.
Sing model ngono nggon Jalan
Dr Cipto pating tlecek. Nggon
Krapyak luwih sangar maneh.
Gerbang Kota
Dul-dul, wong kamso kok
rak mari-mari. Istilah stanplat
saiki wis rak usum. Polpolan
mandege bis kuwi jenenge terminal.
Nggon Semarang sing
asli cacahe mung telu, Terminal
Terboyo, Penggaron, mbek
Mangkang.
Nek sampeyan mbayangke
terminale ana papat kuwi jawabane
padha karo wong sing
njaluk ngganteng nggon iklan
tipi, ’’ngimpi!’’.
Naming, nek sampeyan
nggoleki terminal bayangan,
cacahe malah luwih seka papat
tur malah disenengi para sopir
mbek penumpang. Senajan terminal
bayangan kuwi nglanggar
aturan tur marakke macetke
dalan.
’’Wong kok senenge ngepal.
Nggon Jakarta wae kabeh gerbang
kota ana terminale. Bis
sing seka wetan mandegke
nggon Terminal Pulogadung,
sing seka kidul nggon Cililitan,
terus sing seka kulon
nggon Kalideres. Lha
Semarang kan kepingin setara,
masak rak isa madhani Jakarta?’’
jawab Lik Dul.
Ndhuwe terminal telu wae
rak dimanpaatke tenanan kok
kepingin ndhuwe papat!
Tak omongi ngono, Lik Dul
mencak-mencak. Jare dheknen,
terminal papat pintu gerbang
kutha kuwi rak mung kepinginan,
naming kebutuhan diengo
njawab perkembangan jaman
ben lalu lintas nggon tengah
kota rak tambah macet kayak
Jakarta mbek Bandung.
Malah, jare Lik Dul, kabeh
wis direncanake nggon Rencana
Induk Kota Tahun 1975-
2000 sing wis direvisi ping
kopang kaping. ’’Merga saiki
ana proyek tol Semarang-Solo,
rencana terminal nggon dhaerah
Banyumanik kudu dikaji ulang
ben pas karo kebutuhane. Nek
nganti salah nata mesthi bakal
kepangan maneh karo terminal
bayangan,’’ kandhane Lik Dul.
Ben terminal bayangan isa
ilang, petugas kudu tegas, Lik.
Para sopir mbek penumpang ya
kudu gelem naati aturan.
’’Wah, nek soal kuwi aku
rak isa mbayangke, Ton!’’
jawab Lik Dul karo ndhuding
wong-wong sing padha nyegat
bis nggon prapatan Milo.
(16)

KAMUS SEMARANGAN


jentrek-jentrek = berderet-deret
kamso = ketinggalan zaman, jadul
kepangan = termakan, kalah bersaing
ngecembeng = genangan air
pating tlecek = ada dimana-mana
poleng = marah, tersinggung
polpolan = paling akhir

Kandhane Hartono
(Suara Merdeka 22 November 2010 h. B)

Monday, November 15, 2010

Tegalan Jambu Kluthuk Cedhake Alaska

JAMAN isih cilik Lik Dul kerep nggolek jambu kluthuk nggon tegalan cedhake Alaska. Sanajan jenenge padha, kuwi seje negara bagiane Barack Obama. Alaska kuwi singkatane alas karet. Dhaerahe saiki mlebu Kecamatan Mijen.

Tegalane jambu amba banget, seka Jrakah tekan Beringin. Saiki ana sing mlebu Mijen ana sing mblemu Kecamatan Ngaliyan. Lik Dul mbek kanca-kancane biasane lunga mrana dina Minggu utawa pas preinan.
’’Nek lunga mrana aku mbek kanca-kancaku kerepe numpak pit. Nek isa munggah tanjakan BDB tanpa nuntun senenge rak karuan,’’ kandhane Lik Dul wektu ndongengi si Nang.

Anak lanange kuwi sakbaka ameh interupsi. Sarakke pas dheknen liwat jalan raya Jrakah-Mijen orak nemuke tegalan jambu kluthuk babar blas. Kiwa tengen ratan isine bangunan thok. Malah nggon dhaerah sing diarani Alaska wis akeh omah gedhonge.

Lik Dul tetep ngecipris. Jare dheknen, regane jambu murah banget. Limang atus rupiah entuk sak kreneng. Jaman mbiyen buah pancen dibungkus kreneng, sarakke tas kresek durung ana.
’’Balikke cah-cah mesthi nyepitke jambu nggon ruji sepeda sak akeh-akhe ben ketok kemaki wis wani ngonthel tekan njrakah’’.

Tanjakan BDB kuwi sebelah endi to, Lik?
’’Persise sak bare pertelon Jalan Hanoman, Krapyak. BDB kuwi jeneng pabrik korek jres nggon sisih lor tanjakan. Cah saiki ngaranine tanjakan Penerbad. Nek dibandingke Siranda mbiyen dhuwure undha-undhi. Naming saiki rak patiya dhuwur sarakke wis dikepras,’’ jawab Lik Dul.
Ijo Royo-Royo
Lik Dul neruske critane. Jaman taun 1970-an, lalu lintas isih sepi nyenyet. Krapyak munggah sithik kahanane isih kaya ndhesa. Malah dhaerah Tugu, Ngaliyan, mbek Mijen isih melu Kabupaten Kendal. Dhaerah kana mlebu Semarang taun 1976. Mulane, kanca-kancane Lik Dul seka dhaerah kono sing laire sak durunge taun 1976 tempat laire ditulis Kendal.

’’Dhaerahe ijo royo-royo. Nggon lembah isine sawah. Dhaerah perbukitan meh kabeh dadi tegalan jambu kluthuk. Mlebu ngulon tekan dhaerah Beringin ana alas jati nganti perbatasan Kendal. Sing cedhak Jalan Raya Ngaliyan-Boja isine kebun karet, naming diarani alas karet disingkat alaska. Duren karo ace nglumpuk nggon dhaerah sing mlebu Kecamatan Gunungpati’’.

Bapakke si Nang tambah ngecipris. Buah-buahan seka dhaerah kana paling adoh dilangsir tekan Pasar Johar, paling cedhak dikirim nggon Pasar Mangkang.

’’Naming, Mangkang saiki luwih akeh nampa kiriman banyu seka dhaerah ndhuwur,’’ kandhane Lik Dul.
Memange dhaerah Mangkang kurang banyu kok ndadak dikirimi seka Ngaliyan mbek Mijen barang?
’’Ngirime rak liwat pipa utawa mobil tengki. Naming liwat Kali Beringin. Kirimane akeh banget wong wujude banjir bandhang!’’ teges Lik Dul.

Kakekane tenan. Ameh crita banjir wae ndadak mubang-mubeng barang. Marakke si Nang tambah rak mudheng. Aku kudu njelaske karo si Nang. Dhaerah sing mbiyen ijo royo-royo saiki wis dikebaki bangunan. Mulane banyu udan akeh sing rak isa mlebu lemah. Kabeh disokke nggon dhaerah ngisor, ngasi mobil mbek omah-omah padha kinthir.

Apa bener banjir bandhang sing nerjang Mangkang wingi amarga tata guna lahan nggon dhaerah Mijen mbek Ngaliyan orak mretungke aspek lingkungan to, Lik?
’’Wah nek soal kuwi takona pakar tata ruang mbek pakar lingkungan. Isaku mung crita, nek nggon dhaerah ndhuwur kana wis akeh tegalan mbek alas sing ilang. Lha sing marakke banjir bandhang kuwi apa? Jare Ebiet G Ade kabeh padha mbisu. Mulane takon wae karo rumput yang bergoyang!’’(16)



KAMUS SEMARANGAN

dilangsir = dikirim, diangkut
korek jres = korek api
kreneng = kranjang dari anyaman bambu
nglumpuk = mengumpul, terpusat
pit = sepeda
ratan = jalan besar, jalan raya
tegalan = ladang, perkebunan
Kandhane Hartono
(Suara Merdeka 15 November 2010 h. B)

Monday, November 8, 2010

Ketiban Awu Anget

PKL sing biasane bukak dasar nggon Jalan Pahlawan padha nggresula. Jare Lik Dul, para bakul mau lagek ketiban awu anget. Padhalan sing nganggo areng mung bakul jagung bakar nggon cedhak Taman KB. Bakul nggon Pahlawan kabeh wis nganggo kompor gas sing rak ana anguse.

Nek sing nibani awu seka Gunung Merapi mungkin wae. Naming rak mungkin isih anget, wong nggon Semarang meh saben dina udan deres. Udan awu seka Merapi sing akeh nggon dhaerah kulon, malah jarene wis tekan Kota Bogor. Semarang nembe kena Setu wingi, tur awune tipis mbanget.

Mungkin kuwi merga dasarane bakul jagung bakar keterak angin, Lik, dadine awune mabul-mabul tekan Jalan Pahlawan isih anget?

’’Ketiban awu anget kuwi cuman paribasan, ndhes! Tegese wong sing ujug-ujug nanggung perkara amarga polahe wong liya,’’ kandhane Lik Dul.

Para PKL sing wis welasan taun dodolan nggon Pahlawan kudu pindah merga ana siji loro pedagang sing rak naati aturan. Dhaerah pusat kota kuwi, jare sing lagek nduwe kuwasa, dadi kumuh lan sembrawut. Sarakke jumlah bakule wis overload, kaya barak pengungsian.

Zaman mbiyen, kandhane bapake si Nang, dhaerah nggon kidul air mancur tekan Makam Pahlawan Giri Tunggal mang rak entuk dienggo dodolan. Sing sisih lor entuk, naming jumlahe bakul dibatesi.
’’Mulane Pemkot saiki ameh nata kawasan Pahlawan.’’

Sik, Lik. Omongan sampeyan mbok diatur, aja malah manas-manasi. Sing jenenge PKL kuwi ya Lik, nurut aturane perda, diarani wong sing dodolan nggon lokasi sing sakbaka orak dienggo dodolan. Misale, nggon trotoar utawa lapangan alun-alun. Nek pemerintah mbutuhke lokasi kuwi dienggo kepentingan umum sing luwih gedhe, para bakul ya kudu gelem pindah. Apa maneh pemerintah rak cuman nggusur, naming uga nggolekke panggonan anyar.

’’Aku rak meh ngompori, Ton. Aku mau cuman nyuwarake sambate kanca-kanca PKL. Ana sing rumangsa ketiban awu anget. Nek penataan kuwi pancen tujuane nggawe Semarang tambah apik kabeh setuju wae!’’ jawab Lik Dul.
Seje Sak Lawase Setuju rak setuju, kabeh wis diputuske. Kanca-kanca bakul ya wis nyanggupi. Prokontra dilereni wae. Sing penting kabeh saiki melu mikirke ben asile apik, kabeh padha mareme. Nuruti karepe wong akeh pancen orak gampang.

’’Siji maneh, Ton. Sing jenenge penampungan sementara kuwi orak dienggo sak lawase. Dadi bates wektune kudu jelas. Iki penyakit. Nek wis kadhung kepenak nggon penampungan sementara orak gelem pindah. Nek wis gelem pindah, sok-sok panggonan sing ditinggalke dienggo wong anyar maneh. Nek carane ngono rak ana bare.’’

Bener, Lik. Panggonan PKL kuwi ngrintise rekasa. Naming nek wis dadi, larang regane. Mulane sing nyekel aturan, ya kudu melu tertib. Aja ngasi lokasi sing wis dikosongke diisi maneh. Aja ngasi ngresiki siji, malah ngregeti liyane. Mesakke kanca-kanca sing mbiyen babat alas.

’’Tenang, Ton, PKL kuliner kuwi saiki dadi aset wisata favorit. Mbok panggonane nylempita kayak apa, tetep akeh sing nggoleki. Nek wis urip sing melu ngrasakke manpaate wong akeh. Mulane Pemkot kudu mikirke tenanan. Semono uga para bakul sing maune rumangsa ketiban awu anget, saiki kudu teger. Panggonan anyar lemahe luwih subur,’’ kandhane Lik Dul. Amin. (67)



KAMUS SEMARANGAN

aja ngasi, aja nganti = jangan sampai
angus = jelaga
keterak = keterjang
mang, pancen = memang
nylempit = tersembunyi
sakbaka = sebenarnya
teger, teteg = tidak goyah



Kandhane Hartono
(Suara Merdeka 8 November 2010 h. B)

Monday, November 1, 2010

Aja Gampang Nyalahke Alam

LIK Dul ketar-ketir. Meneng-meneng Semarang ya diincer bencana alam. Sarakke dhaerahe Ki Ageng Pandanaran iki dikepung gunung mbek laut.

’’Nek dibayangke rasane ngeri tok,’’ kandhane Lik Dul bar melu melu kanca-kancane ngumpulke sumbangan kanggo sedulur-sedulur sing lagek kena musibah gunung njebluk mbek tsunami.

Mbok rak sah meden-medeni to, Lik! Semarang kuwi dhaerahe aman, rak tau ana bencana alam.
’’Aman apa? Nggon terminal anyar sing padhang njingglang tur dijaga wae ana bis dirusak wong rak konangan!’’ jawab Lik Dul.

Lha nek kuwi kan musibah akibat polahe manungsa, Lik. Sing tak karepke kutha iki aman seka musibah bencana alam. Senajan dhaerahe dikepung gunung mbek laut. Nggon sisih kidul ana Gunung Ungaran, nggon sisih lor ana Laut Jawa.

’’Justru akibat polahe manungsa Semarang dadi diincer bencana. Nggon wilayah ngisor rob tambah dhuwur, lemahe tambah ambles. Nggon ndhuwur bukite entek dienggo bangunan, nek wayah udan rawan longsor,’’ jawab Lik Dul.

Liyane kuwi, lanjut bapake si Nang, angin lisus nek teka ya rak milah milih. Dalan nggronjal apa alus tetap disapu, omah gedhong apa gubuk tetep diseruduk. Nek wayah panas, si jago merah genten sing polah. Kabeh ya merga salahe manungsa.

Nyalahke Alam

Jare Lik Dul isih ana maneh bencana sing rak ketok naming tetep ngincim. Nek durung teka kerep rak dianggep. Jenenge penyakit demam berdarah. Nek wis ana sing kena mesthi padha bengak-bengok njaluk disemprot. Padhalan, semprotan rak ngatasi masalah. Sing luwih penting kuwi nyegah ben nyamuke rak berkembang. Mulane kebersihan lingkungan kudu dijaga.

’’Semboyan kutha sing aman, tertib, lancar, asri, lan sehat (ATLAS) aja cuman kembang lambe. Kudu dipraktekke tenanan ben dhewe rak gampang nyalahke alam,’’ teges Lik Dul, anggake kaya politikus sing lagek kampanye.

Iki rak meh nyalahke alam, Lik. Jare para pakar, rob tambah dhuwur kuwi akibat pemanasan global. Sing kena rak cuman Semarang, naming kabeh kutha nggon dhaerah pesisir.
’’Iki ya jarene pakar, Ton. Dhuwure rob merga pemanasan global sakbaka mung 10 cm. Naming genangan rob nggon Semarang Utara luwih seka sak dhengkul. Padhalan warga wis ndhuwurke dalan mbek omah ping pirang-pirang.’’

Mbok rak sah ngarang, Lik, timbange salah. Sampeyan kok wani nyimpulke koyok ngono alat ukure apa?
’’Terus terang wae aku rak tau ngukur, Ton. Naming kowe kudu reti, jaman aku isih precil kanca-kancaku nggon Petekan isih isa dolanan setinan nggon latar. Saiki nggolek pekarangan sing garing wae wis kangelan. Mbiyen njipuk banyu nggon sumur kudu nganggo timba sing taline luwih seka rong meter. Saiki banyu sumur isa dicidhuk, naming malah rak isa dienggo adus merga banyune kaya peceren,’’ jelas Lik Dul.

Wah saiki aku lagek krasa, Lik, nek sejarah kuwi penting disinauni. Jarene Pak Fauzi, kepala Dinas PSDA, garis pantai Semarang kuwi mbiyen nggon Peterongan tekan Gedongbatu. Saiki wis maju luwih seka 10 km, dadine dhaerah sing diarani kota bawah. Dijarke wae ambles dhewe, apa maneh dienggo ngedegke bangunan. Isih ditambah air bawah tanahe dikuras sak emoh-emohe.

Timbange mumet to, Lik, piye nek kota bawah dibalikke dadi laut maneh?
’’Hus, sembarangan. Pahpoh rak bar-bar. Dipancal warak lagek kapok. Tak andhani ya, Ton, sing penting saiki aja gampang nyalahke alam. Aja seneng salah-salahan. Ayo padha kerja bareng dienggo mbangun Semarang,’’ jawab Lik Dul, gayane kayak pejabat lagek pidato. (67)



KAMUS SEMARANGAN

anggake = gayanya
pahpoh = bodoh
peceren = comberan
precil = kecil, anak katak
sakbaka = sebenarnya
setinan = bermain kelerang
sak emoh-emohe = tanpa perhitungan


Kandhane Hartono
(Suara Merdeka 1 November 2010 h. B)