Monday, November 8, 2010

Ketiban Awu Anget

PKL sing biasane bukak dasar nggon Jalan Pahlawan padha nggresula. Jare Lik Dul, para bakul mau lagek ketiban awu anget. Padhalan sing nganggo areng mung bakul jagung bakar nggon cedhak Taman KB. Bakul nggon Pahlawan kabeh wis nganggo kompor gas sing rak ana anguse.

Nek sing nibani awu seka Gunung Merapi mungkin wae. Naming rak mungkin isih anget, wong nggon Semarang meh saben dina udan deres. Udan awu seka Merapi sing akeh nggon dhaerah kulon, malah jarene wis tekan Kota Bogor. Semarang nembe kena Setu wingi, tur awune tipis mbanget.

Mungkin kuwi merga dasarane bakul jagung bakar keterak angin, Lik, dadine awune mabul-mabul tekan Jalan Pahlawan isih anget?

’’Ketiban awu anget kuwi cuman paribasan, ndhes! Tegese wong sing ujug-ujug nanggung perkara amarga polahe wong liya,’’ kandhane Lik Dul.

Para PKL sing wis welasan taun dodolan nggon Pahlawan kudu pindah merga ana siji loro pedagang sing rak naati aturan. Dhaerah pusat kota kuwi, jare sing lagek nduwe kuwasa, dadi kumuh lan sembrawut. Sarakke jumlah bakule wis overload, kaya barak pengungsian.

Zaman mbiyen, kandhane bapake si Nang, dhaerah nggon kidul air mancur tekan Makam Pahlawan Giri Tunggal mang rak entuk dienggo dodolan. Sing sisih lor entuk, naming jumlahe bakul dibatesi.
’’Mulane Pemkot saiki ameh nata kawasan Pahlawan.’’

Sik, Lik. Omongan sampeyan mbok diatur, aja malah manas-manasi. Sing jenenge PKL kuwi ya Lik, nurut aturane perda, diarani wong sing dodolan nggon lokasi sing sakbaka orak dienggo dodolan. Misale, nggon trotoar utawa lapangan alun-alun. Nek pemerintah mbutuhke lokasi kuwi dienggo kepentingan umum sing luwih gedhe, para bakul ya kudu gelem pindah. Apa maneh pemerintah rak cuman nggusur, naming uga nggolekke panggonan anyar.

’’Aku rak meh ngompori, Ton. Aku mau cuman nyuwarake sambate kanca-kanca PKL. Ana sing rumangsa ketiban awu anget. Nek penataan kuwi pancen tujuane nggawe Semarang tambah apik kabeh setuju wae!’’ jawab Lik Dul.
Seje Sak Lawase Setuju rak setuju, kabeh wis diputuske. Kanca-kanca bakul ya wis nyanggupi. Prokontra dilereni wae. Sing penting kabeh saiki melu mikirke ben asile apik, kabeh padha mareme. Nuruti karepe wong akeh pancen orak gampang.

’’Siji maneh, Ton. Sing jenenge penampungan sementara kuwi orak dienggo sak lawase. Dadi bates wektune kudu jelas. Iki penyakit. Nek wis kadhung kepenak nggon penampungan sementara orak gelem pindah. Nek wis gelem pindah, sok-sok panggonan sing ditinggalke dienggo wong anyar maneh. Nek carane ngono rak ana bare.’’

Bener, Lik. Panggonan PKL kuwi ngrintise rekasa. Naming nek wis dadi, larang regane. Mulane sing nyekel aturan, ya kudu melu tertib. Aja ngasi lokasi sing wis dikosongke diisi maneh. Aja ngasi ngresiki siji, malah ngregeti liyane. Mesakke kanca-kanca sing mbiyen babat alas.

’’Tenang, Ton, PKL kuliner kuwi saiki dadi aset wisata favorit. Mbok panggonane nylempita kayak apa, tetep akeh sing nggoleki. Nek wis urip sing melu ngrasakke manpaate wong akeh. Mulane Pemkot kudu mikirke tenanan. Semono uga para bakul sing maune rumangsa ketiban awu anget, saiki kudu teger. Panggonan anyar lemahe luwih subur,’’ kandhane Lik Dul. Amin. (67)



KAMUS SEMARANGAN

aja ngasi, aja nganti = jangan sampai
angus = jelaga
keterak = keterjang
mang, pancen = memang
nylempit = tersembunyi
sakbaka = sebenarnya
teger, teteg = tidak goyah



Kandhane Hartono
(Suara Merdeka 8 November 2010 h. B)

No comments:

Post a Comment