’’Nek dibayangke rasane ngeri tok,’’ kandhane Lik Dul bar melu melu kanca-kancane ngumpulke sumbangan kanggo sedulur-sedulur sing lagek kena musibah gunung njebluk mbek tsunami.
Mbok rak sah meden-medeni to, Lik! Semarang kuwi dhaerahe aman, rak tau ana bencana alam.
’’Aman apa? Nggon terminal anyar sing padhang njingglang tur dijaga wae ana bis dirusak wong rak konangan!’’ jawab Lik Dul.
Lha nek kuwi kan musibah akibat polahe manungsa, Lik. Sing tak karepke kutha iki aman seka musibah bencana alam. Senajan dhaerahe dikepung gunung mbek laut. Nggon sisih kidul ana Gunung Ungaran, nggon sisih lor ana Laut Jawa.
’’Justru akibat polahe manungsa Semarang dadi diincer bencana. Nggon wilayah ngisor rob tambah dhuwur, lemahe tambah ambles. Nggon ndhuwur bukite entek dienggo bangunan, nek wayah udan rawan longsor,’’ jawab Lik Dul.
Liyane kuwi, lanjut bapake si Nang, angin lisus nek teka ya rak milah milih. Dalan nggronjal apa alus tetap disapu, omah gedhong apa gubuk tetep diseruduk. Nek wayah panas, si jago merah genten sing polah. Kabeh ya merga salahe manungsa.
Nyalahke Alam
Jare Lik Dul isih ana maneh bencana sing rak ketok naming tetep ngincim. Nek durung teka kerep rak dianggep. Jenenge penyakit demam berdarah. Nek wis ana sing kena mesthi padha bengak-bengok njaluk disemprot. Padhalan, semprotan rak ngatasi masalah. Sing luwih penting kuwi nyegah ben nyamuke rak berkembang. Mulane kebersihan lingkungan kudu dijaga.
’’Semboyan kutha sing aman, tertib, lancar, asri, lan sehat (ATLAS) aja cuman kembang lambe. Kudu dipraktekke tenanan ben dhewe rak gampang nyalahke alam,’’ teges Lik Dul, anggake kaya politikus sing lagek kampanye.
Iki rak meh nyalahke alam, Lik. Jare para pakar, rob tambah dhuwur kuwi akibat pemanasan global. Sing kena rak cuman Semarang, naming kabeh kutha nggon dhaerah pesisir.
’’Iki ya jarene pakar, Ton. Dhuwure rob merga pemanasan global sakbaka mung 10 cm. Naming genangan rob nggon Semarang Utara luwih seka sak dhengkul. Padhalan warga wis ndhuwurke dalan mbek omah ping pirang-pirang.’’
Mbok rak sah ngarang, Lik, timbange salah. Sampeyan kok wani nyimpulke koyok ngono alat ukure apa?
’’Terus terang wae aku rak tau ngukur, Ton. Naming kowe kudu reti, jaman aku isih precil kanca-kancaku nggon Petekan isih isa dolanan setinan nggon latar. Saiki nggolek pekarangan sing garing wae wis kangelan. Mbiyen njipuk banyu nggon sumur kudu nganggo timba sing taline luwih seka rong meter. Saiki banyu sumur isa dicidhuk, naming malah rak isa dienggo adus merga banyune kaya peceren,’’ jelas Lik Dul.
Wah saiki aku lagek krasa, Lik, nek sejarah kuwi penting disinauni. Jarene Pak Fauzi, kepala Dinas PSDA, garis pantai Semarang kuwi mbiyen nggon Peterongan tekan Gedongbatu. Saiki wis maju luwih seka 10 km, dadine dhaerah sing diarani kota bawah. Dijarke wae ambles dhewe, apa maneh dienggo ngedegke bangunan. Isih ditambah air bawah tanahe dikuras sak emoh-emohe.
Timbange mumet to, Lik, piye nek kota bawah dibalikke dadi laut maneh?
’’Hus, sembarangan. Pahpoh rak bar-bar. Dipancal warak lagek kapok. Tak andhani ya, Ton, sing penting saiki aja gampang nyalahke alam. Aja seneng salah-salahan. Ayo padha kerja bareng dienggo mbangun Semarang,’’ jawab Lik Dul, gayane kayak pejabat lagek pidato. (67)
KAMUS SEMARANGAN
anggake = gayanya
pahpoh = bodoh
peceren = comberan
precil = kecil, anak katak
sakbaka = sebenarnya
setinan = bermain kelerang
sak emoh-emohe = tanpa perhitungan
(Suara Merdeka 1 November 2010 h. B)
No comments:
Post a Comment