Apa maneh lokasine cedhak depo Pertamina. Nek genine mremen isa blaik. Pak Bejo langsung ngontak blangwir lewat nomer 113. Aku ameh melu mrana orak isa sarakke brompitku kebanan. Lik Dul tak enteni rak teka-teka, jare ameh ngampiri. Rak nganti setengah jam, blangwire padha mbalik. Berarti kobongane orak gedhi.
Piye, Lik, sing marakke kobongan apa?
’’Wah rak reti, Ton. Aku telat merga mau ngeterke si Nang golek buku nggon Stadion. Sing kobongan nggon endhi to?’’ Lik Dul malah takon, kaya wong rak ndhe dosa.
Lho, piye to ki? Jare sampeyan mau sing wara-wara nggon Rejomulyo ana pasar kobong!
Lik Dul malah ngekek ngasi watuk-watuk.
’’Tak andhani ya, Ton. Nggon Kelurahan Rejomulyo, Semarang Timur, kuwi pancen ana pasar sing lagek dadi omongan. Jeneng resmine Pasar Rejomulyo, naming masyarakat luwih seneng ngarani Pasar Kobong. Sarakke dhaerah Rejomulyo kuwi mbiyene jenenge pancen Kobong. Ngasi saiki isih ana sekolah sing nganggo jeneng SD Kobong,’’ kandhane Lik Dul.
Sepur Kobong
Wong-wong sing bar kecangar padha ngumpul nggon poskamling. Rak ana sing nesu, malah padha ngekek-ngekek. Lik Dul mang kakekane!
Dhaerah kana kok isa diarani Kobong apa mbiyen tau kobongan to, Lik?
Lik Dul nyekeli bathuk. Anggake kaya pakar sejarah.
Jare Lik Dul, jeneng dhaerah kana mungkin wae ana hubungane karo kobongan naming seje musibah.
’’Aku tau takon karo sedhulurku lanang, Mas Djawahir Muhammad, naming angkat tangan. Deknen retine kit zaman Landa dhaerah cedhak Karang Ndhara kuwi jenenge Kobong. Naming, sejarahe piye Mas Djawawir durung tau krungu. Kanca-kancaku liyane ya padha gedheg,’’ jawab Lik Dul.
Jare mau ana hubungane mbek kobongan, naming seje musibah?
’’Terus terang wae, persise piye aku rak reti. Naming tembung Kobong secara morfologis isa ditelusuri,’’ jawab Lik Dul.
Tembung kobong utawa kobongan, jare Lik Dul, artine orak mung ’’kebakaran’’. Nggon Kamus Lengkap Jawa-Indonesia (Sutrisno Sastro Utomo, 2009), kobongan isa diartike ’’bilik’’ utawa ’’kamar’’. Tembung kobong uga ndhuwe arti metune geni seka cerobong lokomotif. Biasane bareng karo keluk ireng sing mabul-mabul.
Nggon dhaerah Kobong mbiyen, lanjut Lik Dul, orak tau ana asrama sing kamare akeh. Anane mung kompleks rumah masa depan alias kerkop alias kuburan sing saiki wis ditutup. Naming persis nggon sisih lor ana Stasiun Semarang Nederlandsch-Indisch Spoorweg Maatschappij (NIS), stasiun pertama nggon Indonesia. Saiki mlebu Kelurahan Kemijen, Semarang Timur.
’’Lokomotif zaman mbiyen rupane ireng ana cerobonge sarakke nganggo mesin uap sing bahan bakare kayu. Nek sepure ameh mangkat, cerebonge ngetokke geni mbek keluk ireng, peristiwa kuwi jenenge kobong,’’ jelas Lik Dul.
Tenane, Lik, iki diwaca wong akeh lho!
’’Sing tak omongke mau mung utak-atik morfologis. Apa bener dhaerah kuwi dijenengke Kobong merga mbiyen dadi panggone sepur kobong, isih perlu penelitian sing mendalem. Sing jelas kabeh jeneng kampung nggon Semarang ana riwayate,’’ teges Lik Dul.
Lha saiki kok Pasar Kobong isa dadi pasar pitik critane piye, Lik?
’’Persise bakal dadi bekas pasar pitik. Iki critane dhawa. Gandeng wektune rak nyandhak, tak teruske minggu ngarep wae ya!’’
Lik Dul pamit merga wis di-SMS bojone. (44)
KAMUS SEMARANGAN
anggake = gayanya
blaik = bahaya
keluk = asap
kecangar = tertipu
mlayu nggendring = langsung lari
mremen = melebar
ndhe, ndhuwe = punya
ngekek = tertawa
Kandhane Hartono
(Suara Merdeka 29 November 2010 h. B)
No comments:
Post a Comment