Monday, November 15, 2010

Tegalan Jambu Kluthuk Cedhake Alaska

JAMAN isih cilik Lik Dul kerep nggolek jambu kluthuk nggon tegalan cedhake Alaska. Sanajan jenenge padha, kuwi seje negara bagiane Barack Obama. Alaska kuwi singkatane alas karet. Dhaerahe saiki mlebu Kecamatan Mijen.

Tegalane jambu amba banget, seka Jrakah tekan Beringin. Saiki ana sing mlebu Mijen ana sing mblemu Kecamatan Ngaliyan. Lik Dul mbek kanca-kancane biasane lunga mrana dina Minggu utawa pas preinan.
’’Nek lunga mrana aku mbek kanca-kancaku kerepe numpak pit. Nek isa munggah tanjakan BDB tanpa nuntun senenge rak karuan,’’ kandhane Lik Dul wektu ndongengi si Nang.

Anak lanange kuwi sakbaka ameh interupsi. Sarakke pas dheknen liwat jalan raya Jrakah-Mijen orak nemuke tegalan jambu kluthuk babar blas. Kiwa tengen ratan isine bangunan thok. Malah nggon dhaerah sing diarani Alaska wis akeh omah gedhonge.

Lik Dul tetep ngecipris. Jare dheknen, regane jambu murah banget. Limang atus rupiah entuk sak kreneng. Jaman mbiyen buah pancen dibungkus kreneng, sarakke tas kresek durung ana.
’’Balikke cah-cah mesthi nyepitke jambu nggon ruji sepeda sak akeh-akhe ben ketok kemaki wis wani ngonthel tekan njrakah’’.

Tanjakan BDB kuwi sebelah endi to, Lik?
’’Persise sak bare pertelon Jalan Hanoman, Krapyak. BDB kuwi jeneng pabrik korek jres nggon sisih lor tanjakan. Cah saiki ngaranine tanjakan Penerbad. Nek dibandingke Siranda mbiyen dhuwure undha-undhi. Naming saiki rak patiya dhuwur sarakke wis dikepras,’’ jawab Lik Dul.
Ijo Royo-Royo
Lik Dul neruske critane. Jaman taun 1970-an, lalu lintas isih sepi nyenyet. Krapyak munggah sithik kahanane isih kaya ndhesa. Malah dhaerah Tugu, Ngaliyan, mbek Mijen isih melu Kabupaten Kendal. Dhaerah kana mlebu Semarang taun 1976. Mulane, kanca-kancane Lik Dul seka dhaerah kono sing laire sak durunge taun 1976 tempat laire ditulis Kendal.

’’Dhaerahe ijo royo-royo. Nggon lembah isine sawah. Dhaerah perbukitan meh kabeh dadi tegalan jambu kluthuk. Mlebu ngulon tekan dhaerah Beringin ana alas jati nganti perbatasan Kendal. Sing cedhak Jalan Raya Ngaliyan-Boja isine kebun karet, naming diarani alas karet disingkat alaska. Duren karo ace nglumpuk nggon dhaerah sing mlebu Kecamatan Gunungpati’’.

Bapakke si Nang tambah ngecipris. Buah-buahan seka dhaerah kana paling adoh dilangsir tekan Pasar Johar, paling cedhak dikirim nggon Pasar Mangkang.

’’Naming, Mangkang saiki luwih akeh nampa kiriman banyu seka dhaerah ndhuwur,’’ kandhane Lik Dul.
Memange dhaerah Mangkang kurang banyu kok ndadak dikirimi seka Ngaliyan mbek Mijen barang?
’’Ngirime rak liwat pipa utawa mobil tengki. Naming liwat Kali Beringin. Kirimane akeh banget wong wujude banjir bandhang!’’ teges Lik Dul.

Kakekane tenan. Ameh crita banjir wae ndadak mubang-mubeng barang. Marakke si Nang tambah rak mudheng. Aku kudu njelaske karo si Nang. Dhaerah sing mbiyen ijo royo-royo saiki wis dikebaki bangunan. Mulane banyu udan akeh sing rak isa mlebu lemah. Kabeh disokke nggon dhaerah ngisor, ngasi mobil mbek omah-omah padha kinthir.

Apa bener banjir bandhang sing nerjang Mangkang wingi amarga tata guna lahan nggon dhaerah Mijen mbek Ngaliyan orak mretungke aspek lingkungan to, Lik?
’’Wah nek soal kuwi takona pakar tata ruang mbek pakar lingkungan. Isaku mung crita, nek nggon dhaerah ndhuwur kana wis akeh tegalan mbek alas sing ilang. Lha sing marakke banjir bandhang kuwi apa? Jare Ebiet G Ade kabeh padha mbisu. Mulane takon wae karo rumput yang bergoyang!’’(16)



KAMUS SEMARANGAN

dilangsir = dikirim, diangkut
korek jres = korek api
kreneng = kranjang dari anyaman bambu
nglumpuk = mengumpul, terpusat
pit = sepeda
ratan = jalan besar, jalan raya
tegalan = ladang, perkebunan
Kandhane Hartono
(Suara Merdeka 15 November 2010 h. B)

No comments:

Post a Comment