Monday, November 29, 2010

Nggon Rejomulyo Ana Pasar Kobong

SEMARANG pancen kutha sing rawan kobongan. Mulane wektu Lik Dul ngabari nek nggon Rejomulyo ana pasar kobong, wong-wong padha mlayu nggendring lunga mrana, sarakke Pasar Rejomulyo lagek dadi berita.

Apa maneh lokasine cedhak depo Pertamina. Nek genine mremen isa blaik. Pak Bejo langsung ngontak blangwir lewat nomer 113. Aku ameh melu mrana orak isa sarakke brompitku kebanan. Lik Dul tak enteni rak teka-teka, jare ameh ngampiri. Rak nganti setengah jam, blangwire padha mbalik. Berarti kobongane orak gedhi.
Piye, Lik, sing marakke kobongan apa?

’’Wah rak reti, Ton. Aku telat merga mau ngeterke si Nang golek buku nggon Stadion. Sing kobongan nggon endhi to?’’ Lik Dul malah takon, kaya wong rak ndhe dosa.
Lho, piye to ki? Jare sampeyan mau sing wara-wara nggon Rejomulyo ana pasar kobong!
Lik Dul malah ngekek ngasi watuk-watuk.

’’Tak andhani ya, Ton. Nggon Kelurahan Rejomulyo, Semarang Timur, kuwi pancen ana pasar sing lagek dadi omongan. Jeneng resmine Pasar Rejomulyo, naming masyarakat luwih seneng ngarani Pasar Kobong. Sarakke dhaerah Rejomulyo kuwi mbiyene jenenge pancen Kobong. Ngasi saiki isih ana sekolah sing nganggo jeneng SD Kobong,’’ kandhane Lik Dul.

Sepur Kobong

Wong-wong sing bar kecangar padha ngumpul nggon poskamling. Rak ana sing nesu, malah padha ngekek-ngekek. Lik Dul mang kakekane!
Dhaerah kana kok isa diarani Kobong apa mbiyen tau kobongan to, Lik?
Lik Dul nyekeli bathuk. Anggake kaya pakar sejarah.

Jare Lik Dul, jeneng dhaerah kana mungkin wae ana hubungane karo kobongan naming seje musibah.
’’Aku tau takon karo sedhulurku lanang, Mas Djawahir Muhammad, naming angkat tangan. Deknen retine kit zaman Landa dhaerah cedhak Karang Ndhara kuwi jenenge Kobong. Naming, sejarahe piye Mas Djawawir durung tau krungu. Kanca-kancaku liyane ya padha gedheg,’’ jawab Lik Dul.

Jare mau ana hubungane mbek kobongan, naming seje musibah?
’’Terus terang wae, persise piye aku rak reti. Naming tembung Kobong secara morfologis isa ditelusuri,’’ jawab Lik Dul.
Tembung kobong utawa kobongan, jare Lik Dul, artine orak mung ’’kebakaran’’. Nggon Kamus Lengkap Jawa-Indonesia (Sutrisno Sastro Utomo, 2009), kobongan isa diartike ’’bilik’’ utawa ’’kamar’’. Tembung kobong uga ndhuwe arti metune geni seka cerobong lokomotif. Biasane bareng karo keluk ireng sing mabul-mabul.

Nggon dhaerah Kobong mbiyen, lanjut Lik Dul, orak tau ana asrama sing kamare akeh. Anane mung kompleks rumah masa depan alias kerkop alias kuburan sing saiki wis ditutup. Naming persis nggon sisih lor ana Stasiun Semarang Nederlandsch-Indisch Spoorweg Maatschappij (NIS), stasiun pertama nggon Indonesia. Saiki mlebu Kelurahan Kemijen, Semarang Timur.

’’Lokomotif zaman mbiyen rupane ireng ana cerobonge sarakke nganggo mesin uap sing bahan bakare kayu. Nek sepure ameh mangkat, cerebonge ngetokke geni mbek keluk ireng, peristiwa kuwi jenenge kobong,’’ jelas Lik Dul.
Tenane, Lik, iki diwaca wong akeh lho!

’’Sing tak omongke mau mung utak-atik morfologis. Apa bener dhaerah kuwi dijenengke Kobong merga mbiyen dadi panggone sepur kobong, isih perlu penelitian sing mendalem. Sing jelas kabeh jeneng kampung nggon Semarang ana riwayate,’’ teges Lik Dul.

Lha saiki kok Pasar Kobong isa dadi pasar pitik critane piye, Lik?
’’Persise bakal dadi bekas pasar pitik. Iki critane dhawa. Gandeng wektune rak nyandhak, tak teruske minggu ngarep wae ya!’’
Lik Dul pamit merga wis di-SMS bojone. (44)



KAMUS SEMARANGAN

anggake = gayanya
blaik = bahaya
keluk = asap
kecangar = tertipu
mlayu nggendring = langsung lari
mremen = melebar
ndhe, ndhuwe = punya
ngekek = tertawa
Kandhane Hartono
(Suara Merdeka 29 November 2010 h. B)

Monday, November 22, 2010

Mbayangke Stanplat Papat Keciprat

LIK Dul crita gek wingi bar
methuk kancane nggon stanplat.
Kancane seka Solo numpak
bis. Jare rak nganti rong
jam wis tekan, sarakke liwat
tol. Stanplate nggon dhaerah
Banyumanik.
’’Soale Solo kuwi arahe kan
seka kidul, masak ndadak ngulon
tekan Mangkang barang,’’
kandhane Lik Dul.
Bapake si Nang jare lungguh
nggon ruang tunggu sing hawane
mayan atis. Stanplate persise
nggon sebelah endhi aku
rak reti. Wujude kayak apa aku
ya rak isa mbayangke.
Jare Lik Dul, stanplat bis
sing kaping papat nggon Semarang
kuwi mayan gedhi. Kiwatengeneakehwarungmakan
mbek kios oleh-oleh. Ameh
mudun lunga kota numpak
taksi apa angkot garek milih.
Wispadhajentrek-jentrekngenteni
penumpang.
Stanplat nggon dhaerah kidul
pancen ana siji, persis nggon
ngarep Pasar Banyumanik.
Naming sing mlebu kono
cuman bis kota. Nggon Pudakpayung
anane mung pangkalan
ojek.
Lha stanplat sing mbok
critake kuwi sebelah endhi to,
Lik? Terus jalan tol Semarang-
Solo kuwi kan lagek digawe.
Sing tekan Ungaran wae
durung dadi.
’’Lagek mbayangke lungguh
nggon ruang tunggu sing
kursine empuk, ujuk-ujuk ana
bocah numpak brompit nerjang
dalan sing banyune ngecembeng.
Aku kecipratan
nganti klambiku teles kabeh,’’
kandhane Lik Dul.
Jare ngenteni nggon stanplat
mewah kok ana banyu ngecembeng,
mbok rak sah ngarang,
Lik!
’’Rak sah poleng, Ton, aku
cuman mbayangke sak umpama
nggon kidul Semarang ana
stanplate, penumpang rak perlu
mundun nggon pinggir dalan
maneh,’’ jawab Lik Dul.
Dheknen jebule methuk kancane
nggon dhaerah Sukun,
Banyumanik. Penumpang bus
seka Solo pancen akeh sing
mundun nggon kana. Oalah,
Lik, nek nggon Sukun kuwi
jenenge terminal bayangan.
Sing model ngono nggon Jalan
Dr Cipto pating tlecek. Nggon
Krapyak luwih sangar maneh.
Gerbang Kota
Dul-dul, wong kamso kok
rak mari-mari. Istilah stanplat
saiki wis rak usum. Polpolan
mandege bis kuwi jenenge terminal.
Nggon Semarang sing
asli cacahe mung telu, Terminal
Terboyo, Penggaron, mbek
Mangkang.
Nek sampeyan mbayangke
terminale ana papat kuwi jawabane
padha karo wong sing
njaluk ngganteng nggon iklan
tipi, ’’ngimpi!’’.
Naming, nek sampeyan
nggoleki terminal bayangan,
cacahe malah luwih seka papat
tur malah disenengi para sopir
mbek penumpang. Senajan terminal
bayangan kuwi nglanggar
aturan tur marakke macetke
dalan.
’’Wong kok senenge ngepal.
Nggon Jakarta wae kabeh gerbang
kota ana terminale. Bis
sing seka wetan mandegke
nggon Terminal Pulogadung,
sing seka kidul nggon Cililitan,
terus sing seka kulon
nggon Kalideres. Lha
Semarang kan kepingin setara,
masak rak isa madhani Jakarta?’’
jawab Lik Dul.
Ndhuwe terminal telu wae
rak dimanpaatke tenanan kok
kepingin ndhuwe papat!
Tak omongi ngono, Lik Dul
mencak-mencak. Jare dheknen,
terminal papat pintu gerbang
kutha kuwi rak mung kepinginan,
naming kebutuhan diengo
njawab perkembangan jaman
ben lalu lintas nggon tengah
kota rak tambah macet kayak
Jakarta mbek Bandung.
Malah, jare Lik Dul, kabeh
wis direncanake nggon Rencana
Induk Kota Tahun 1975-
2000 sing wis direvisi ping
kopang kaping. ’’Merga saiki
ana proyek tol Semarang-Solo,
rencana terminal nggon dhaerah
Banyumanik kudu dikaji ulang
ben pas karo kebutuhane. Nek
nganti salah nata mesthi bakal
kepangan maneh karo terminal
bayangan,’’ kandhane Lik Dul.
Ben terminal bayangan isa
ilang, petugas kudu tegas, Lik.
Para sopir mbek penumpang ya
kudu gelem naati aturan.
’’Wah, nek soal kuwi aku
rak isa mbayangke, Ton!’’
jawab Lik Dul karo ndhuding
wong-wong sing padha nyegat
bis nggon prapatan Milo.
(16)

KAMUS SEMARANGAN


jentrek-jentrek = berderet-deret
kamso = ketinggalan zaman, jadul
kepangan = termakan, kalah bersaing
ngecembeng = genangan air
pating tlecek = ada dimana-mana
poleng = marah, tersinggung
polpolan = paling akhir

Kandhane Hartono
(Suara Merdeka 22 November 2010 h. B)

Monday, November 15, 2010

Tegalan Jambu Kluthuk Cedhake Alaska

JAMAN isih cilik Lik Dul kerep nggolek jambu kluthuk nggon tegalan cedhake Alaska. Sanajan jenenge padha, kuwi seje negara bagiane Barack Obama. Alaska kuwi singkatane alas karet. Dhaerahe saiki mlebu Kecamatan Mijen.

Tegalane jambu amba banget, seka Jrakah tekan Beringin. Saiki ana sing mlebu Mijen ana sing mblemu Kecamatan Ngaliyan. Lik Dul mbek kanca-kancane biasane lunga mrana dina Minggu utawa pas preinan.
’’Nek lunga mrana aku mbek kanca-kancaku kerepe numpak pit. Nek isa munggah tanjakan BDB tanpa nuntun senenge rak karuan,’’ kandhane Lik Dul wektu ndongengi si Nang.

Anak lanange kuwi sakbaka ameh interupsi. Sarakke pas dheknen liwat jalan raya Jrakah-Mijen orak nemuke tegalan jambu kluthuk babar blas. Kiwa tengen ratan isine bangunan thok. Malah nggon dhaerah sing diarani Alaska wis akeh omah gedhonge.

Lik Dul tetep ngecipris. Jare dheknen, regane jambu murah banget. Limang atus rupiah entuk sak kreneng. Jaman mbiyen buah pancen dibungkus kreneng, sarakke tas kresek durung ana.
’’Balikke cah-cah mesthi nyepitke jambu nggon ruji sepeda sak akeh-akhe ben ketok kemaki wis wani ngonthel tekan njrakah’’.

Tanjakan BDB kuwi sebelah endi to, Lik?
’’Persise sak bare pertelon Jalan Hanoman, Krapyak. BDB kuwi jeneng pabrik korek jres nggon sisih lor tanjakan. Cah saiki ngaranine tanjakan Penerbad. Nek dibandingke Siranda mbiyen dhuwure undha-undhi. Naming saiki rak patiya dhuwur sarakke wis dikepras,’’ jawab Lik Dul.
Ijo Royo-Royo
Lik Dul neruske critane. Jaman taun 1970-an, lalu lintas isih sepi nyenyet. Krapyak munggah sithik kahanane isih kaya ndhesa. Malah dhaerah Tugu, Ngaliyan, mbek Mijen isih melu Kabupaten Kendal. Dhaerah kana mlebu Semarang taun 1976. Mulane, kanca-kancane Lik Dul seka dhaerah kono sing laire sak durunge taun 1976 tempat laire ditulis Kendal.

’’Dhaerahe ijo royo-royo. Nggon lembah isine sawah. Dhaerah perbukitan meh kabeh dadi tegalan jambu kluthuk. Mlebu ngulon tekan dhaerah Beringin ana alas jati nganti perbatasan Kendal. Sing cedhak Jalan Raya Ngaliyan-Boja isine kebun karet, naming diarani alas karet disingkat alaska. Duren karo ace nglumpuk nggon dhaerah sing mlebu Kecamatan Gunungpati’’.

Bapakke si Nang tambah ngecipris. Buah-buahan seka dhaerah kana paling adoh dilangsir tekan Pasar Johar, paling cedhak dikirim nggon Pasar Mangkang.

’’Naming, Mangkang saiki luwih akeh nampa kiriman banyu seka dhaerah ndhuwur,’’ kandhane Lik Dul.
Memange dhaerah Mangkang kurang banyu kok ndadak dikirimi seka Ngaliyan mbek Mijen barang?
’’Ngirime rak liwat pipa utawa mobil tengki. Naming liwat Kali Beringin. Kirimane akeh banget wong wujude banjir bandhang!’’ teges Lik Dul.

Kakekane tenan. Ameh crita banjir wae ndadak mubang-mubeng barang. Marakke si Nang tambah rak mudheng. Aku kudu njelaske karo si Nang. Dhaerah sing mbiyen ijo royo-royo saiki wis dikebaki bangunan. Mulane banyu udan akeh sing rak isa mlebu lemah. Kabeh disokke nggon dhaerah ngisor, ngasi mobil mbek omah-omah padha kinthir.

Apa bener banjir bandhang sing nerjang Mangkang wingi amarga tata guna lahan nggon dhaerah Mijen mbek Ngaliyan orak mretungke aspek lingkungan to, Lik?
’’Wah nek soal kuwi takona pakar tata ruang mbek pakar lingkungan. Isaku mung crita, nek nggon dhaerah ndhuwur kana wis akeh tegalan mbek alas sing ilang. Lha sing marakke banjir bandhang kuwi apa? Jare Ebiet G Ade kabeh padha mbisu. Mulane takon wae karo rumput yang bergoyang!’’(16)



KAMUS SEMARANGAN

dilangsir = dikirim, diangkut
korek jres = korek api
kreneng = kranjang dari anyaman bambu
nglumpuk = mengumpul, terpusat
pit = sepeda
ratan = jalan besar, jalan raya
tegalan = ladang, perkebunan
Kandhane Hartono
(Suara Merdeka 15 November 2010 h. B)

Monday, November 8, 2010

Ketiban Awu Anget

PKL sing biasane bukak dasar nggon Jalan Pahlawan padha nggresula. Jare Lik Dul, para bakul mau lagek ketiban awu anget. Padhalan sing nganggo areng mung bakul jagung bakar nggon cedhak Taman KB. Bakul nggon Pahlawan kabeh wis nganggo kompor gas sing rak ana anguse.

Nek sing nibani awu seka Gunung Merapi mungkin wae. Naming rak mungkin isih anget, wong nggon Semarang meh saben dina udan deres. Udan awu seka Merapi sing akeh nggon dhaerah kulon, malah jarene wis tekan Kota Bogor. Semarang nembe kena Setu wingi, tur awune tipis mbanget.

Mungkin kuwi merga dasarane bakul jagung bakar keterak angin, Lik, dadine awune mabul-mabul tekan Jalan Pahlawan isih anget?

’’Ketiban awu anget kuwi cuman paribasan, ndhes! Tegese wong sing ujug-ujug nanggung perkara amarga polahe wong liya,’’ kandhane Lik Dul.

Para PKL sing wis welasan taun dodolan nggon Pahlawan kudu pindah merga ana siji loro pedagang sing rak naati aturan. Dhaerah pusat kota kuwi, jare sing lagek nduwe kuwasa, dadi kumuh lan sembrawut. Sarakke jumlah bakule wis overload, kaya barak pengungsian.

Zaman mbiyen, kandhane bapake si Nang, dhaerah nggon kidul air mancur tekan Makam Pahlawan Giri Tunggal mang rak entuk dienggo dodolan. Sing sisih lor entuk, naming jumlahe bakul dibatesi.
’’Mulane Pemkot saiki ameh nata kawasan Pahlawan.’’

Sik, Lik. Omongan sampeyan mbok diatur, aja malah manas-manasi. Sing jenenge PKL kuwi ya Lik, nurut aturane perda, diarani wong sing dodolan nggon lokasi sing sakbaka orak dienggo dodolan. Misale, nggon trotoar utawa lapangan alun-alun. Nek pemerintah mbutuhke lokasi kuwi dienggo kepentingan umum sing luwih gedhe, para bakul ya kudu gelem pindah. Apa maneh pemerintah rak cuman nggusur, naming uga nggolekke panggonan anyar.

’’Aku rak meh ngompori, Ton. Aku mau cuman nyuwarake sambate kanca-kanca PKL. Ana sing rumangsa ketiban awu anget. Nek penataan kuwi pancen tujuane nggawe Semarang tambah apik kabeh setuju wae!’’ jawab Lik Dul.
Seje Sak Lawase Setuju rak setuju, kabeh wis diputuske. Kanca-kanca bakul ya wis nyanggupi. Prokontra dilereni wae. Sing penting kabeh saiki melu mikirke ben asile apik, kabeh padha mareme. Nuruti karepe wong akeh pancen orak gampang.

’’Siji maneh, Ton. Sing jenenge penampungan sementara kuwi orak dienggo sak lawase. Dadi bates wektune kudu jelas. Iki penyakit. Nek wis kadhung kepenak nggon penampungan sementara orak gelem pindah. Nek wis gelem pindah, sok-sok panggonan sing ditinggalke dienggo wong anyar maneh. Nek carane ngono rak ana bare.’’

Bener, Lik. Panggonan PKL kuwi ngrintise rekasa. Naming nek wis dadi, larang regane. Mulane sing nyekel aturan, ya kudu melu tertib. Aja ngasi lokasi sing wis dikosongke diisi maneh. Aja ngasi ngresiki siji, malah ngregeti liyane. Mesakke kanca-kanca sing mbiyen babat alas.

’’Tenang, Ton, PKL kuliner kuwi saiki dadi aset wisata favorit. Mbok panggonane nylempita kayak apa, tetep akeh sing nggoleki. Nek wis urip sing melu ngrasakke manpaate wong akeh. Mulane Pemkot kudu mikirke tenanan. Semono uga para bakul sing maune rumangsa ketiban awu anget, saiki kudu teger. Panggonan anyar lemahe luwih subur,’’ kandhane Lik Dul. Amin. (67)



KAMUS SEMARANGAN

aja ngasi, aja nganti = jangan sampai
angus = jelaga
keterak = keterjang
mang, pancen = memang
nylempit = tersembunyi
sakbaka = sebenarnya
teger, teteg = tidak goyah



Kandhane Hartono
(Suara Merdeka 8 November 2010 h. B)

Monday, November 1, 2010

Aja Gampang Nyalahke Alam

LIK Dul ketar-ketir. Meneng-meneng Semarang ya diincer bencana alam. Sarakke dhaerahe Ki Ageng Pandanaran iki dikepung gunung mbek laut.

’’Nek dibayangke rasane ngeri tok,’’ kandhane Lik Dul bar melu melu kanca-kancane ngumpulke sumbangan kanggo sedulur-sedulur sing lagek kena musibah gunung njebluk mbek tsunami.

Mbok rak sah meden-medeni to, Lik! Semarang kuwi dhaerahe aman, rak tau ana bencana alam.
’’Aman apa? Nggon terminal anyar sing padhang njingglang tur dijaga wae ana bis dirusak wong rak konangan!’’ jawab Lik Dul.

Lha nek kuwi kan musibah akibat polahe manungsa, Lik. Sing tak karepke kutha iki aman seka musibah bencana alam. Senajan dhaerahe dikepung gunung mbek laut. Nggon sisih kidul ana Gunung Ungaran, nggon sisih lor ana Laut Jawa.

’’Justru akibat polahe manungsa Semarang dadi diincer bencana. Nggon wilayah ngisor rob tambah dhuwur, lemahe tambah ambles. Nggon ndhuwur bukite entek dienggo bangunan, nek wayah udan rawan longsor,’’ jawab Lik Dul.

Liyane kuwi, lanjut bapake si Nang, angin lisus nek teka ya rak milah milih. Dalan nggronjal apa alus tetap disapu, omah gedhong apa gubuk tetep diseruduk. Nek wayah panas, si jago merah genten sing polah. Kabeh ya merga salahe manungsa.

Nyalahke Alam

Jare Lik Dul isih ana maneh bencana sing rak ketok naming tetep ngincim. Nek durung teka kerep rak dianggep. Jenenge penyakit demam berdarah. Nek wis ana sing kena mesthi padha bengak-bengok njaluk disemprot. Padhalan, semprotan rak ngatasi masalah. Sing luwih penting kuwi nyegah ben nyamuke rak berkembang. Mulane kebersihan lingkungan kudu dijaga.

’’Semboyan kutha sing aman, tertib, lancar, asri, lan sehat (ATLAS) aja cuman kembang lambe. Kudu dipraktekke tenanan ben dhewe rak gampang nyalahke alam,’’ teges Lik Dul, anggake kaya politikus sing lagek kampanye.

Iki rak meh nyalahke alam, Lik. Jare para pakar, rob tambah dhuwur kuwi akibat pemanasan global. Sing kena rak cuman Semarang, naming kabeh kutha nggon dhaerah pesisir.
’’Iki ya jarene pakar, Ton. Dhuwure rob merga pemanasan global sakbaka mung 10 cm. Naming genangan rob nggon Semarang Utara luwih seka sak dhengkul. Padhalan warga wis ndhuwurke dalan mbek omah ping pirang-pirang.’’

Mbok rak sah ngarang, Lik, timbange salah. Sampeyan kok wani nyimpulke koyok ngono alat ukure apa?
’’Terus terang wae aku rak tau ngukur, Ton. Naming kowe kudu reti, jaman aku isih precil kanca-kancaku nggon Petekan isih isa dolanan setinan nggon latar. Saiki nggolek pekarangan sing garing wae wis kangelan. Mbiyen njipuk banyu nggon sumur kudu nganggo timba sing taline luwih seka rong meter. Saiki banyu sumur isa dicidhuk, naming malah rak isa dienggo adus merga banyune kaya peceren,’’ jelas Lik Dul.

Wah saiki aku lagek krasa, Lik, nek sejarah kuwi penting disinauni. Jarene Pak Fauzi, kepala Dinas PSDA, garis pantai Semarang kuwi mbiyen nggon Peterongan tekan Gedongbatu. Saiki wis maju luwih seka 10 km, dadine dhaerah sing diarani kota bawah. Dijarke wae ambles dhewe, apa maneh dienggo ngedegke bangunan. Isih ditambah air bawah tanahe dikuras sak emoh-emohe.

Timbange mumet to, Lik, piye nek kota bawah dibalikke dadi laut maneh?
’’Hus, sembarangan. Pahpoh rak bar-bar. Dipancal warak lagek kapok. Tak andhani ya, Ton, sing penting saiki aja gampang nyalahke alam. Aja seneng salah-salahan. Ayo padha kerja bareng dienggo mbangun Semarang,’’ jawab Lik Dul, gayane kayak pejabat lagek pidato. (67)



KAMUS SEMARANGAN

anggake = gayanya
pahpoh = bodoh
peceren = comberan
precil = kecil, anak katak
sakbaka = sebenarnya
setinan = bermain kelerang
sak emoh-emohe = tanpa perhitungan


Kandhane Hartono
(Suara Merdeka 1 November 2010 h. B)

Monday, September 27, 2010

Oplosan Maneh


OPLOSAN mangan korban maneh. Lik Dul cekelan bathuk. Kanca seje, sedulur dudu, kok ndadak digawe putek to, Lik? Wis reti akibate, salahe ndadak ngoce.
’’Aku prehatin, sarakke wis bola-bali kedadeyan kok ya rak ana kapoke. Nek motor rusak, onderdile larang, dibandrek orak papa. Naming nek miras larang kok ndadak nggawe bandrekan barang?’’ kandhane Lik Dul.
Saiki pancen zamane serba instan, Lik. Wong nggawe oplosan karepe ben sekali tenggak langsung kenthip.
Nek wis ngene, sedhiluk maneh mesthi ana operasi miras.
Naming asile cuman cilukba thok. Sarakke bakule oplosan wis padha tiarap. Apa maneh nek ana ’’agen’’ sing mbocorke jadwal operasi yustisi.
Sakbaka soal oplosan rak cuman perkara miras tok, Lik.
Pemkot jare ya ameh ngoplos Taman KB. PKL seka Jalan Pahlawan ameh dicampur mbek PKL sing wis dasar nggon kana.
Naming, rencana kuwi jare nglanggar hukum. ’’Kuwi jenenge penataan,
ndhes, seje oplosan! Ngocene wingi kok mabuke saiki,’’ jawabe Lik Dul. Timbange Sampeyan ngejak ngomongke perkara banyu gendheng, mendhing mbahas soal penataan kota. Nek kuthane dhewe dadi apik kan warga isa melu seneng, Lik.
Nglanggar Hukum
Nek dianggep nglanggar hukum, kandhane Lik Dul, meh kabeh PKL kuwi nglanggar, utamane sing bukak dhasar nggon trotoar.
’’Jajal wacanen UU Lalu Lintas! Iki perkara penataan kota mbek kesempatan nggolek panguripan. Nek dikaitke mbek hukum kedhuwuren, Ton. Pancen kabeh ana aturane. Iki sing kudu dirembug bareng,’’ jawabe Lik Dul.
Zaman isih enom, Lik Dul tau dodolan radio bekas nggon trotoar ngarep Penjara Bulu. Dhasarane digelar nganggo taplak ben gampang ngringkesine nek sak wayah-wayah ana garukan. Saiki PKL wis wani nganggo tenda mbek grobak, sarakke pancen wis ana ijine. Aturane sing bener piye, warga rak reti.
Zaman mbiyen, jare Lik Dul, PKL nggon Semarang isa temata. Dhasarane rapi, orak ngganggu wong liwat. Orak kabeh dalan entuk dienggo dodolan.
Lokasi PKL kudu diputuske nganggo SK Wali Kota.
Nggon SK mau ana pasal, nek sak wayah-wayah lokasi dibutuhke Pemkot, kudu gelem pindah.
Masalahe sing nggawe SK saiki jarene rak cuman Wali Kota, Lik. Jan rak ndolor tenan, lurah mbek camat jarene ya melu-melu nentokke lokasi PKL. Apa maneh nek ameh Pemilu, kabeh ngaku balane PKL.
’’Rak sah ngomongke jarene, nek keliru malah dadi gawe.
Sing jelas perkara PKL rak isa didelok seka ndhuwur tok. Masalahe kompleks mbanget,’’ kandhane Lik Dul.
Wah, jebule nata PKL mumete kayak nenggak oplosan ya, Lik? ’’Pemkot, warga, mbek PKL sejatine saling mbutuhke. Nek padha butuhe biasane gampang ketemu.
Mulane, organisasi PKL sing wis ana kudu disolidke. Pemkot kudu nduwe instansi sing ngurusi PKL. Naming kudu isa negakke aturan sekaligus ngayomi PKL, aja cuman nariki retribusi tok. Nek musyawarah nganggo cara perwakilan asile bakal luwih nggenah, ketimbang sithik-sithik kudu regudugan,’’ jelas Lik Dul.
Ya mbuh, Lik, aku tambah mumet. Nek PKL ilang pegawai ndhek-ndhekan kangelan nggolek mangan. Nek PKL kakehan, wong-wong bingung rak isa liwat. Nek PKL disapu bersih, akeh wong kelangan panguripan. Pecah ndhase, Lik!
’’Kowe rak sah melu mumet, kabeh wis ana sing mikirke.
Nek ndhuwe usulan disampekke wae. Saiki akeh wong Balai Kota lagek degdegan, sarakke ameh ana oplosan.
Ibarat balbalan, nek ana manajer anyar biasane ana bongkar pasang pemain,’’ kandhane Lik Dul karo nguntal sega kucing nggon PKL ngarep Mesjid Baiturrahman. (67)
KAMUS SEMARANGAN
balane = temannya
kenthip = tinggi sekali, mabuk berat
ndhekndhekan = rendahan (pegawai)
ngoce = minum minuman keras
nguntal = makan
rak dholor = tidak punya otak
regudugan = keroyokan, ramai-ramai
sakbaka = sebenarnya
Kandhane Hartono
(Suara Merdeka 27 Sep 2010 halaman B)*

Monday, September 20, 2010

Nek Wis Tradisi Angel Diowahi


BADA kupat wingi Yu Nah masak kupat akeh mbanget. Jare sisandene dienggo suguhan halal bihalal. Saking akehe Lik Dul bingung natane. Ameh ditumpuk-tumpuk kaya rumah susun ya rak apik. Mengko kupate rak isa gempi. Nek ngeler kupat kudune ya digantung, ben kanginan.
Lik Dul nggantung kupate nggon ndhuwur lawang. Jare wis tradisi. Naming sing digantung kok nganti telung unting.
Kandhane mbahku cukup rong iji apa telung iji wae, dienggo syarat. Kupat mau dienggo nyambut para leluhur sing padha bali.
’’Nggantunge kupat aja nggon ndhuwur lawang. Ngiwuh-ngiwuhi wong liwat. Mengko nek kesenggol si Nang malah tiba kabeh,’’ Yu Nah bar nyanteni opor ngelikke bojone.
Lik Dul tetep nekad. Sarakke wis rak ana panggonan maneh sing dienggo nggantung. Tur maneh si Nang wis gedhe, rak bakal pecicilan maneh. Ketimbang geger, Yu Nah milih meneng. Dheknen terus nggantung kupat liyane nggon rak piring.
Zaman Lik Dul isih cilik, ibune mesthi mbeleh pitik ingon-ingonane dhewe. Saiki boro-boro ngingu pitik, wong dipanggoni dhewe wae omahe kurang amba. Latare wis ilang dienggo bangunan kabeh. Meh kabeh omah pekarangane diplester utawa dipasangi paving block. Pitikke wis rak kumanan lemah sing isa dienggo eker-eker. Ameh ngingu nggon kandhang, dha wedi kena flu burung.
Saiki tradisine tuku pitik nggon Pasar Kobong. Nggon kana pitikke isa dibelehke sisan. Taun ngarep tradisine mungkin wis beda. Pasar pitik orak nggon Pasar Kobong maneh. Jare ameh dipindhah nggon Penggaron. Naming bakule isih ngolet. Wis ’’tradisi’’ nek ameh ditata mesthi semaya bar bada.
Kerep Lali
Pancen wis tradisi, kabeh mesthi ngenteni bar bada. Lik Dul ya lagek ameh ngiderke dagangan nek badane wis bar.
Bapak ibu anggota DPRD Kota Semarang ya ngenteni bar bada lagek ngrampungke tugas-tugase sing numpuk.
’’Nek wis tradisi pancen angel diowahi, Ton. Naming dhewe kudu isa mbedakke antarane tradisi mbek kebiasaan.
Contone tarip listrik nggon Rusunawa Kaligawe. Biasane nggon dhaerah Kaligawe tarip listrikke mang mlebu tarip industri. Sarakke dhaerah kana pancen akeh pabrik. Apa maneh rumah susun kuwi bangunane mayan apik,’’ kandhane Lik Dul.
Lho, hubungane tarip listrik mbek tradisi kuwi apa, Lik?
’’Jelas ana to, Ndha! Tradisine PLN kuwi orak tau lali nagih pelanggane sing nunggak.
Naming kerep lali nek listrik byar-pet nyusahke wong akeh. PLN ya lali nek rumah susun sewa sederhana kuwi sing manggon pegel kabeh!’’ jawab Lik Dul.
Ya mesthi to, Lik! Apa maneh sing manggon nggon lantai lima, wong rusunawa kuwi rak dilengkapi lift. Nek sampeyan manggon kana mesthi menggeh-menggeh, pedhot napase.
’’Salah, naming ngomonge banter. Kuwi memang wis kebiasaanmu. Maksude pegel kuwi penduduk golongan ekonomi lemah. Para sedhulur sing manggon rusunawa kuwi kudu kerja nganti kemeng lagek entuk dhit. Lha nek tarip listrike ping sekete omah perumnas ya jelas pecah ndhase. Sing nentukke tarip jane utekke nggon endi!’’
Kontrol, Lik! Bar njaluk ngapura kok misuh-misuh.
Syawale durung entek lho! Perkara listrik rusunawa kuwi urusan cilik, pemkot mesthi isa nataki.
’’Nataki apa? Durung-durung wae wis angkat tangan, pemkot rak isa berbuat banyak sarakke rusunawa kuwi isih nggone pemerintah pusat. Tradisi endha sulaya iki lho sing marakke rakyat orak seneng,’’ kandhane Lik Dul mbek endha merga diuncali kupat karo Yu Nah.
’’Dikandhani aja nggantung kupat nggon dhuwur lawang kok ngeyel,’’ kandhane Yu Nah karo ngeteri kopi rong cangkir.
Lik Dul cengar-cengir, rak mudheng sing dikarepke bojone. Jebule kupat sing diuncalke mau akeh sing krowak merga dipangan tikus. Mulane Yu Nah wingi nglarang bojone nggantung kupat nggon dhuwur lawang merga dheknen wis apal nek nggon kana kuwi dalane tikus mara nggon piyan. Bener sampeyan, Lik. Nek wis tradisi pancen angel diowahi! (16)
KAMUS SEMARANGAN
dhit = duwit, uang
endha = menghindar
mara = datang, menuju
nataki = menangani, menghadapi
ndhas = kepala
piyan = langit-langit rumah
sisandene = sekalian
Kandhane Hartono
(Suara Merdeka 20 Sep 2010 halaman B)*

Monday, August 30, 2010

Nyola-nyolu Jenenge Golek Rai

LIK Dul minggu wingi poleng tenan. Pasa-pasa dioprak-oprak kon kerja bakti. Jare Pak RW iki perintahe lurahe. Dalan-dalan sing growang kon nembeli. Got-got sing bumpet kon ngeruki. Karepe Lik Dul mbok mengko ngenteni bar bada ben resik-resike isa luwih tenanan.

’’Kerja bakti wayah pasa sakbaka orak masalah, Ton. Apa maneh maine bar asar, sisan ndene ngenteni dhul,’’ kandhane Lik Dul bar buka nggon warung cedhak seketheng. Lik Dul orak buka nggon omah, merga Yu Nah orak masak, sarakke awake lagek orak enak.

Mbalik perkara kerja bakti mau, Lik. Nek pancen wegah, samperan rak sah mangkat yo rak papa. Ngomong wae lagek masuk angin. Tur maneh jenenge kerja bakti kuwi suka rela to, Lik. Orak ana sing meksa. ’’Sing tak masalahke sakbaka orak kerja baktine, Ton. Naming tujuane warga dioprak-oprak kon ngresiki kampung,’’ jawab Lik Dul.

Lik Dul ki piye to? Jenenge resik-resik kampung kuwi ya mesthi tujuane apik. Ben kampunge luwih temata. Ben kampunge dadi aman, tertib, lancar, asri lan sehat. Cocok mbek semboyane Semarang Kota ATLAS.

’’Nek kampunge resik ya mesthi kabeh ngrasake manpaate, Ton. Naming kenapa kok ndadak diresiki saiki, kok orak wingi-wingi, apa mengko bar bada wae?’’

Aku isih durung mudheng apa sing dikarepe bapake si Nang. Apa maneh gondhes siji iki nek ngompong kayak karambol. Mendal kana mendal kene, jebule arahe mrana. Naming nek disrekali kadhang malah mberung. Mbok rak sah menthal menthul to, Lik. Sakbaka sing mbok protes kuwi apa?

’’Aku wingi diomongi Pak RW, kampunge dhewe kudu diresiki merga sesuk ameh ana pejabat Balai Kota lunga mrene. Nek nganti ketok kumuh ngisin-isini. Mulane kelurahan terus nekake sirtu mbek aspal dienggo nembel dalan sing growang. Ibu-ibu PKK nyiapke panganan dienggo buka bareng,’’ jawab Lik Dul.
Orak Urunan Nduwe lurah apikan kok malah dicacat. Padhalan kampung-kampung liya orak ana sing ngopeni. Dalan-dalan pating nggronjal. Warga kudune matur nuwun, lurahe gelem metu sirtu mbek aspal. Dadine warga orak sah ndadak urunan barang.

’’Warga kene wis bola-bali njaluk bantuan kelurahan dienggo ndanani dalan. Naming jawabane mesthi padha, durung ana anggaran!’’ jawab Lik Dul.
Bar ngomong ngana dheknen terus mbisiki aku; ’’Nek saiki kelurahan meksa ndandani dalan cepet-cepet sarake  ameh golek rai. Perangkat kelurahan ameh nyeneng-nyenengke bose sing ameh teka mrene. Ben dianggep nduwe prestasi. Sapa reti bakal entuk promosi. Apes-apese orak dimutasi nggon panggonan sing garing. Jarene sedhiluk maneh ameh usum restrukturisasi nggon Pemkot’’.

Sakjane nek ameh ana tamu kampung diresiki kuwi lumrah wae. Jenenge ngajeni tamu pancen kudu ngana. Naming kahanan sejatine aja didelikke. Dalan nggronjal dijarke wae wong pancen wis suwi orak diapak-apakke. Nek pejabate teka mrene ben reti nek sakbenere isih akeh sing kudu didandani.
Krungu critane Lik Dul mau aku dadi kelingan omongane Pak Triyono Lukmantoro. Jare dosen Undip kuwi, budaya ABS (asal bapak senang-Red) isih durung ilang seka pikirane birokrat.

’’Mulane cara paling gampang dienggo ndandani kampung ya nggawe acara sing bakal ditekani pejabat gedhe. Luwih jos maneh nek sing teka presiden,’’ kandhane Lik Dul karo pesen bakmi goreng sak bungkus dienggo Yu Nah.
Wah nek iki Lik Dul jelas ameh nggolek rai. Nyolu bojone ben tambah disayang! (16)



KAMUS SEMARANGAN

disekral = disela, dipotong (omongan)
mberung = marah
ngenteni dhul = menunggu saat buka puasa
nyolu = mengambil hati
growang = berlobang
poleng = uring-uringan
seketheng = gapura
Kandhane Hartono
(Suara Merdeka 30 Agustus 2010 h. B)

Monday, August 23, 2010

Nimbun Barang, Numpuk Titipan

BADHA kurang rong minggu, Lik Dul mulai resik-resik. Spen mburi dikosongi, jare ameh dienggo numpuk barang.

Blaik, Lik Dul ameh dadi penimbun sembako. Mumpung wong-wong lagek butuh barang, dadine rega isa dimainke. Naming nek nganti konangan, isa dicanthelke.

Aku ameh ngelingke orak kepenak. Lha wis piye, kanggone bakul, wayahe panen ya wektu kayak ngene iki. Naming nek nimbun barang, mainke rega rak ana bedhane mbek njiret gulune wong kere. Mulane aku gumun kok Lik Dul ameh melu-melu dadi penimbun. Sakdurunge kemlekaren, dheknen kudu tak elingke.

’’Spen iki pancen ameh tak enggo numpuk barang. Naming aku orak ameh dadi penimbun. Orak nolak bathine, naming aku wedi kuwalate. Durung maneh ana risiko dicanthelke barang,’’ kandhane Lik Dul karo mbuang larahan nggon tong sampah.

Terus sampeyan nyiapke gudang kosong ameh dienggo numpuk apa?
’’Bara-bara numpuk barang, dhit dienggo kulakan wae rak gablek,’’ jawab Lik Dul.
Ya rak sah nganggo poleng barang to, Lik? Aku mung ngelikke sampeyan ben rak melu-melu dadi penimbun. Nggawe rekayasa ben barang-barang ilang seka pasaran. Nek regane wis mundak lagek diculke. Kuwi jenengi urikan. Padha kejeme mbek koruptor, Lik. Mesakke marakke akeh warga sing orak isa melu badha.

’’Aku nyiapke panggonan sarakke sediluk maneh bakal panen titipan, Ton. Kanca-kanca sing manggon perumahan anyar ameh padha mudik. Kabeh rak wani ninggalke barange nggon omah. Kanca-kanca wis padha nembung ameh nitipke tipi, brompit, mbek komputer.

Ameh tak tolak ya rak kepenak,’’ jawab Lik Dul.
Wuih, kayak pegadaian wae. Nek ameh badha pancen akeh wong padha titip barang nggon pegadaian. Itung-itung karo nggolek tambahan sangu mudik. Wah nek ngana carane, sampeyan bakal panen persenan to, Lik? Lik Dul meneng wae. Aku reti dheknen rak bakal njaluk opah kancane.

Padha Mrema

’’Lagek mudik wae akeh barang sing orak isa digawa. Ditinggal ning omah, wedi disikat paling. Mulane dadi wong kudu eling lan aja lena. Ora kabeh isa digawa! Ngopeni titipan kuwi pancen abot, Ton. Salah-salah isa rumangsa nduweni!’’ tegas Lik Dul.

Tak rungok-rungokke omongane kancaku siji iki wis meh kayak kiyai. Naming pawakane isih orak ana bedhane mbek gali. Jane ya rak papa, luwih becik kayak gali ketimbang kayak kiyai.

Ketiban titipan barang wayah usum mudik pancen wis biasa. Maklum, wong dheknen mudikke ya cuman nggon Semarang. Tur maneh kanca-kancane mau kelompok rewo-rewo, rak kuwat nyewa satpam dienggo njaga kampung pas badha.

Wayah badha sing kudune wong padha ngarayake kemenangan sakbare sesasi nahan ngeleh lan ngelak, nglawan hawa nafsu, malah padha degdegan. Kuatir bandhane disikat maling. Saking panikke, toko emas malah dijaga polisi pating jlentrek.

Lik Dul ya melu degdegan. Bar badha biasane bojone rak isa blanja. Orak merga dhite THR wis entek, naming merga sing dituku orak ana sarakke sing dodol isih padha mudik. Gelem rak gelem kudu tuku matengan. Senajan regane luwih larang merga bakule padha mrema. (16)



KAMUS SEMARANGAN

badha = lebaran
matengan = makanan siap saji
pawakane = sosoknya
pating jlentrek = berjajar-jajar
gali = preman
rewo-rewo = orang kebanyakan
spen = gudang
Kandhane Hartono
(Suara Merdeka 23 Agustus 2010 h. B)

Monday, August 16, 2010

Mremo Kolak Isa Ngilangi Rob

SAMBER nggelap. Lik Dul nduwe usul nggasruh banget. Kakekane tenan, pasa-pasa malah nggawe wong misuh-misuh. Lha kok orak, wong sak Semarang lagek putek mikirke rob, dheknen malah ngejokke usul sing rak nggenah.

Masak nek ameh ngilangi rob seka kawasan Johar, adik-adik mahasiswi sing biasane mrema kolak nggon Jalan Pahlawan kon pindah nggon Jalan Agus Salim. Lha memange rob bakal mlayu nggendring nek dicedhaki cah ayu. Sing nggenah wae?

’’Sapa sing kandha rob rak isa ilang seka kawasan Johar? Nyatane pas dugderan wingi, rong minggu banyu asin rak wani nyedhaki Johar. Apa merga banyu rob wedi mbek warak ngendhog? Apa merga Pemkot masang peringatan, selama dugderan rob dilarang masuk!?’’ kandhane Lik Dul, tenanan.

Ya rak ngono, Lik. Mungkin wae pas dugderan wingi banyu laut lagek pasang surut. Ndhelalah udane ya wis orak niba maneh. ’’Percaya karepmu, orak ya mangga. Saben dina aku liwat kana, Ton. Rob biasane teka wayah esuk, jam pitunan. Bakul Johar seksine. Kadang nganti sore orak asat. Jumat esuk Pak Gubernur tilik Pasar Johar. Wis awan rob lagek tekan Johar, kayak kowe karipan merga bar saur rak isa turu,’’ jawab Lik Dul.

Lha terus, apa hubungane mbek mremo kolak, Lik?

’’Sekolah kenthip-kenthip naming orak nyandakan. Kowe pancen payah ok, Ton. Karepku ngene lho, nek adik-adik mahasiswi jentrek-jentrek mrema kolak nggon Jalan Agus Salim mesthi disyuting tipi, dipotret mas wartawan. Wong-wong dadi ngerti nek rob nggon kawasan Johar pancen nggilani. Sesuke robe mesthi ilang kayak pas dugderan mbek kunjungan Pak Gubernur wingi!’’ kandhane Lik Dul.
Ragad mbek Niyat Saiki aku mudheng mbek sing dikarepke Lik Dul. Intine, rob nggon kawasan Johar karo dhaerah liyane nggon Semarang Utara sakbaka isa diatasi. Buktine ya kuwi mau, pas dugderan kawasan Johar isa bebas rob. Dhaerah Tanah Mas sing cedhak mbek laut ya isa nataki rob.

Nek dipikir-pikir kabeh memang gumantung niyat mbek ragad. Ana niyat rak ana ragad ya padha wae ndobol. Semana uga kasak baline. Aja-aja Semarang memang rak ndhuwe ragad. Apa Pemkot kudu nariki retribusi penanggulangan rob, kayak retribusi kebersihan mbek pajek penerangan jalan umum?

Ketoke rak mungkin. Iki rak merga wong Semarang jarene senenge sarwa gratisan. Naming merga retribusi sing wis ditarik ya rak nggenah parane. Larahan isih dadi masalah, lampu dalan isih akeh sing mbleret.

’’Nek soal dana, Semarang wis turah-turah, Ton. Itungen wae PAD-ne piro? Naming saiki nek ameh ngecakke anggaran isine padha gojak-gajek. Misale Dinas Bina Marga, entuk anggaran Rp 50,313 miliar. Naming nganti Agustus iki lagek dibelanjake Rp 5,347 miliar alias 10 persen. Mulane akeh dalan padha growang,’’ jelas Lik Dul.

Dinas PSDA sing ngurusi kali mbek saluran, kandhane Lik Dul, ya sami mawon. Entuk anggaran Rp 58,040 miliar, lagek dibelanjake Rp 5,7 miliar alias 9,82 persen. Kuwi mau temuane Agung Budi Margono, anggota Badan Anggaran DPRD Kota.

’’Sing dadi pertanyaan, kabeh mau merga Pemkot rak wani ngecakke anggaran, apa merga rak reti carane ngecakke? Luwih ngeri maneh nek jebule anggaran mau cuman tulisan angka, naming rak ana dhite!’’ teges Lik Dul.

Terus anggaran sektor liyane piye ya, Lik?

’’Wah nek soal kuwi ben bapak ibu anggota Dewan wae sing mbengok. Aku rak wani alok. Jare mbahku rak ilok, pasa-pasa kok ngrasani. Nambahi dosa wae!’’
Asem tenan. Lik Dul pancen kakekane. (16)



KAMUS SEMARANGAN

dhit = uang, dana
growang = berlobang
jentrek-jentrek = berdiri berjajar
kenthip = tinggi
mlayu nggendring = lari tunggang-langgang
nataki = mengatasi, menangani
ndobol = bohong
Kandhane Hartono
(Suara Merdeka 16 Agustus 2010 h. B)

Monday, August 9, 2010

Suk Suk Peng, Sing Tengah Gepeng

DUGDERAN mbalik nggon cedhak Mejid Kauman maneh. Lik Dul langsung ngejak si Nang lunga rana. Senajan alun-alune wis ilang, dheknen kepingin nostalgia uyel-uyelan nonton dugderan. Zaman Lik Dul isih enom, nek ameh barbaran, sing nonton dugderan mesthi uakeh banget. Saking akehe nganti padha suk suk peng sing tengah gepeng.

Yu Nah wegah melu sarakke nek ndelok wong padha suksukan ndhase mesthi nggliyeng. Mulane dheknen jinjo. Lha nek Cempluk wegah melu merga dheknen wis gedhe. Wis rak kepingin ditukokke dolanan lemah-lemahan maneh. Naming nek dijak lunga mal mesthi semrinthil.

’’Aku tukokke martabak nggon ngarep Bioskop Rahayu wae, Pak,’’ pesene Yu Nah.
Wong Bioskop Rahayu wis tutup kit zaman rak enak isih disebat-sebut wae. Marakke si Nang bingung thok. Retine dheknen bioskop nggon Semarang kuwi cuman ana telu, tur maneh rak ana sing jenenge Rahayu.
Dugderan nggon Johar pancen luwih rame ketimbang nggon wetan Banjirkanal Timur. Naming wis rak ana suk suk peng maneh kayak zaman mbiyen. Mungkin merga saiki wis akeh mal, dadine keramean wis dibagi-bagi.

’’Sing kandha rak ana suk suk peng maneh sapa? Saiki malah tambah nggilani,’’ kandhane Lik Dul bar ngeterke si Nang balik omah.

Aku wingi ya lunga dugderan, Lik. Pancen isih akeh sing nonton. Naming wis rak rame kayak mbiyen maneh. Malah jare luwih suksukan nggon Simpanglima wayah Minggu esuk.

’’Sing ngomongke dugderan ya sapa. Perkara suk suk peng rak cuman nggon dugderan zaman mbiyen. Pasar Johar mbek Yaik saiki tambah semrawut merga bakule padha suksukan rebutan panggonan nggon cedhak dalan. Kabeh dikebaki dagangan nganti wong ameh liwat dadi kangelan,’’ kandhane Lik Dul.
Kanjengan sing mbiyen dianggep pertokoan paling mewah, jare Lik Dul, akhire dhut merga dalane mlebu tambah sumpek. Tempat dasaran nggon Yaik ndhuwur ya akeh sing nganggur. Johar tambah kojur merga dalane kerep disuk karo rob.

’’Nek rak gek ndhang ditangani Johar isa wassalam lho, Ton. Bakule wis kakehan, mulane kudu ana pembenahan total. Naming aja nganti dibongkar. Eman-eman!’’ teges Lik Dul.

Ngesuk Kuburan

Lik Dul aneh. Jare sing suksukan rak cuman nggon Pasar Johar. Nggon kuburan malah luwih sangar. Ya mesthi to, Lik, wong jenenge wayah nyadran, mesthi akeh wong padha thilik kubur!

’’Maksudku rak ngono, Ton. Aja maneh wong urip, wong mati nggon Semarang kuwi ya akeh sing ngesuk. Deloka kae, akeh kuburan nggon dhaerah pinggiran sing saiki dadi kampung,’’ kandhane Lik Dul.
Nek perkara kuwi rak cuman kuburan sing disuk. Dhaerah rawa mbek saluran ya akeh sing wis ilang merga dienggo mbangun omah utawa tempat dasaran. Mulane saya suwe banjir mbek rob tambah ngeri. Naming sampeyan rak sah kuatir. Pak Wali Kota jare ameh mbenahi kabeh.

Lik Dul mantuk-mantuk, terus ngothek maneh. Suk suk peng sing tengah gepeng, kandhane Lik Dul, pancen wis dadi nasibe Semarang. Zaman mbiyen Tanjung Emas kuwi pelabuhan sing paling gedhi. Saiki dianggep paling krenyeh. Sepur nggon Indonesia ya dibangun mulai seka Semarang. Malah jarene lapangan terbang pertama mbiyen ya nggon Semarang, nggon bekase lapangan pacuan kuda Benteng Pendem.

Bener, Lik, Semarang pancen gepeng. Rak merga posisine nggon tengah. Naming merga lapangan terbange rak entuk dipindah. Mbok sampek taun dhal, bangunan paling dhuwur nggon Semarang mentog mung tekan limalas lantai. Sarake dhaerah pusat Kota Semarang dadi lintasane montor mabur. Nek kepingin ndhuwe gedhung dhuwur ya bandarane kudu dipindah seka Kalibanteng.

’’Ndadani tata ruang nggon Semarang pancen orak gampang, Ton. Ibarat benang ruwet campur tir. Mulane  kabeh kudu ndukung. Nek rak gelem ditertibke ya kudu tertib,’’ jare Lik Dul.

Wah nek wis tekan kono biasane marakke puthek, Lik. Nggoleki sapa sing salah isa padha karo mbedhek ndhog mbek pitik dhisik endhi? Wis kesuwen dijarke nglanggar aturan, akeh warga sing akhire rak rumangsa salah. Ameh negakke aturan, Pemkot wedi diarani nglanggar HAM. Dadine kayak judul lagu dangdut, ini salah itu salah. Rewel! (16)



KAMUS SEMARANGAN

dhut = mati
nggilani = menjijikan, mengerikan
jinjo = trauma
krenyeh = kelas rendah
mbedhek = menebak
mentog = sampai batasnya
ngothek = bicara panjang lebar
Kandhane Hartono
(Suara Merdeka 9 Agustus 2010 h. B)

Monday, July 26, 2010

Orak Kabeh Isa Didelok

RAK mung cah sekolah, kabeh perkara nek wis barbaran mesthi dievaluasi. Rapote akeh abange apa orak. Perlu dilanjutke, apa mandheg tekan kene wae. Sing ameh mulai ya mesthi nggawe program anyar. Nganti tekan sundhul langit ya rak papa, angger isa nglakoni.

’’Naming nek barbarane malah padha tuding-tudingan rak ana manpaate, Ton. Mbahe ndhewe wis ngajarke perlune mikul dhuwur mendhem jero,’’ jawab Lik Dul.

Bener, Lik. Naming nek pancen elek ya aja diomongke apik. Semono uga kasakbaline. Sarakke akeh sing padha ngomong, wong nganti sepuluh taun kok rak ana apa-apane!

’’Tak andhani paling utekmu ya rak nyandak. Perkarane ngene ya, Ton, orak kabeh isa didelok, orak kabeh wong isa ndelok. Sing isa ndelok ya durung mesthi isa ngrasakke. Bangunan dadi kuat kuwi merga pondasine apik. Senajan nggawene cuman pondasi, ya tetep patut dihargai, Ton,’’ teges Lik Dul.
Sak karepmu wis, Lik. Wong akeh sing ketok mata kok jare rak isa didelok?

’’Rak sah adoh-adoh, Ton. Contone tanjakan Watugong. Bareng kerep ana kecelakaan, saiki dipasangi singgetan dalan. Wong sing salah kendaraane kok dalane sing diowahi?’’ kandhane Lik Dul.

Aku rak reti, kancaku siji iki bar mangan apa. Omongane kak dadi ngombro-ombro. Jenenge dalan dikei singgetan ya mesthi luwih aman. Kendaraan seka arah seje nduwe dalan dhewe-dhewe. Dadine lalu lintase isa luwih teratur.

’’Ameh dikei singgetan dhuwure sak wit asem, nek kendaraan gedhe ngluwihi tonase terus reme blong ya tetep nasak-nasak nabraki ngarepe. Singgetan pancen isa nggawe lalu lintas teratur, naming rak isa nyegah kecelakaan sing disebabke rem blong. Luwih pas nggawe jalur penyelamat kayak nggon tanjakan Nggombel.

Naming, sakjane sing kudu dibenekke kuwi kendaraane, seje dalane,’’ jelas Lik Dul, anggakke kayak pakar transportasi.
Tak akoni, Lik, pancen akeh perkara sing orak isa didelok. Mulane aja mung ngendelke wong ndelok wani alok.

Banyu Asin

Sing wis sepuluh taun asile apa, aku pancen rak reti, Lik. Saiki dhewe wis nduwe bapak anyar.
Seneng rak seneng wong kabeh wis kelakon nganggo cara sing konstitusional. Warga Semarang selak kepingin ndelok dalan nggronjal dadi alus. Warga kepingin ngrasakke banyu asin rak nggawe isin, udan deres rak marakke banjir.

’’Jalan Tambra saiki pancen orak ana sing rata, Ton. Naming, nek njalukmu sakdhet saknyet ya berat. Kabeh kudu ngliwati proses. Akeh sing kudu ditata. Rak sah ndhadak ndelok kowe sapa, aku sapa. Sing paling penting kuwi isamu apa? Kuwi nek kepingin Semarang dadi apik,’’ jawab Lik Dul.

Nek perkara ngatasi banjir mbek rob, kandhane Lik Dul, kuwi program lawas. Asile pancen durung ketok, wong calon polder nembe wae dikeruk. Urusan fisik rak masalah, wong dhite wis ana sing mbantu. Sing angel kuwi ngelingke wong-wong sing ngrusuhi tanggul mbek bantaran kali.

Ana pasar sing kudu dipindah, ana warung sing kudu dibongkar.  Pesisir Semarang ameh dibendung, ya mangga wae. Sing penting nasibe nelayan kudu dipikirke. Piye carane ben kabeh isa mlaku tanpa gegeran. Iki sing paling angel.

’’Ya mbuh, Ton. Wong kabeh sakbakka wis ana aturane. Nek ameh nggoleki sapa sing salah, ya kabeh salah,’’ jawab Lik Dul karo nyetater brompite.

Lho, mesthi ngono to? Senengane ngliwungke. Omongan durung bar malah ameh ngilang. Mengko ndhisik, Lik, aku nembe wae entuk SMS seka kancaku. Jare ana jaran kepang mangan pari. Maksude apa, Lik?
’’Sing SMS wong liya kok malah takon aku. Tak andhani ya, Ton, nek wis dadi kuwi rak cuman urusane klambi abang. Sing klambine ijo, kuning, biru, putih, lan warna apa wae kudu melu nyengkuyung. Aja mikir urusane dhewe-dhewe,’’ kandhane Lik Dul.

Sampeyan kok retinan to, Lik. Dadi dhukun wae rak wis!
’’Dhukune mbahmu! Mulane dadi wong aja mung tunggu brok,’’ kandhane Lik Dul, karo mbengok. (16)


KAMUS SEMARANGAN

anggakke = gayanya
barbaran = sudah selesai
dibenekke = dibetulkan, dibenahi
dhit = uang, dana
ngliwungke = meninggalkan begitu saja
tunggu brok = pasif
sakbakka = sebenarnya
singgetan = pembatas

Kandhane Hartono
(Suara Merdeka 26 Juli 2010 h. B)